NEW
Font size
WorksheetsPAT BAHASA JAWA VII
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 0mins
Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani....
Dhialog
Penelitian
Observasi
Wawancara
Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?
Tujuwan
Informasi
Narasumber
Pewawancara
Adhedhasar jinise, layang kasebut kalebu tuladhane . . . .
layang paturan
layang kitir
layang lelayu
layang iber-iber
Angka 1 ing teks layang kiriman kasebut nuduhake perangan .
purwaka
adangiyah
surasa basa
titi mangsa
Angka 3 ing teks layang kiriman kasebut nuduhake perangan . . .
purwaka
adangiyah
surasa basa
titi mangsa
Tembung kang trep kanggo ngowahi “dikongkon” ing sajrone teks layang kasebut miturut unggah-ungguh basa Jawa yaiku . . . ..
dipunutus
dipunkengken
diutus
dikengken
Adhedhasar unggah-ungguh basa Jawa, tembung “omahmu” ing sajrone teks layang kasebut kudune diowahi
griya sampeyan
griya panjenengan
dalem sampeyan
dalem panjenengan
Angka 8 ing sajrone teks layang resmi kasebut nuduhake perangan . . . .
kop layang
adangiyah
purwaka
paprenahan
Gatekna tata rakite layang resmi ing ngisor iki!
I. Adanginyah
II. Purwaka
III. Titi mangsa
IV. Kop layang
V. Paprenahan
VI. Wasana basa
VII. Nomer, rangkep, babagan
VIII. Tapak asta
IX. Asma terang
X. Surasa basa
Tata rakite layang resmi kang trep yaiku . . . .
IV – III – VII – I – II – X – VI – V – VIII – IX
IV – III – VII – I – X – II – VI – V – VIII – IX
IV – VII – III – I – II – X – VI – V – VIII – IX
IV – III – VII – I – X – VI – II – V – VIII – IX
Yen katulis ing aksara latin, dadine....
Aku duwe sapi 2.
Aku duwe sapi 6..
Aku duwe sapi 7.
Aku duwe sapi 8.
Sedulure bapak ana 2 kakung kabeh.
Panulise ing aksara Jawa, yaiku....
Tembung kang cocog kanggo njangkepi gatra kaenem adhedhasar paugeran guru wilangan lan guru lagune tembang Dhandhanggula kasebut yaiku . . . ..
lirwa
lali
sapenake
sembrana
Tema kang cocog karo isine teks tembang Dhandhanggula kasebut yaiku . . . ..
religi
kabudayan
sosial
pamarentahan
Piwulang luhur kang kinandhut ing tembang Dhandhanggula kasebut yaiku . . . .
Dadi manungsa kudu nduweni watak angkara.
Dadi manungsa kudu bisa ngedohi tumindak ala.
Dadi manugsa iku kudu tuhu lan lirwa.
Manungsa kabeh bisa mawas dhiri mulane suci dhiri.
Ukara ing gatra kapisan teks tembang Dhandhanggula kasebut yen digancarake dadi . . . .
Sarta kang ngerti ing ukum.
Kang wis mumpuni.
Yen kowe kepengin ngudi (golek) ilmu.
Ora mikir pamrih mring liyan.
Titi larase perangan tembang kasebut, yaiku....
laras pelog
laras slendro
laras pathet
laras manyura
Aksara swara kang tinemu ing ukara kasebut yaiku . . . .
A lan I
E lan A
U lan O
O lan E
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Cacahing gatra saben sapada diarani....
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
Pupuh
Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani....
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
Pupuh
Tembang Macapat kang nggambarake yen uripe manungsa iku wis pantes/ jumbuh kanggo urip bebrayan yaiku....
Tembang Mijil
Tembang Asmarandana
Tembang Gambuh
Tembang Dhandhanggula
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !
Sekar Gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku....
10i
12a
10a
12i
Ing ngisor iki kang kalebu watake tembang Gambuh yaiku ….
Sumanak
Nelangsa keranta-ranta
Welas asih
Nesu
Geguritan iku asale saka tembung gurit, kang tegese yaiku ...
kidung utawa tembang
teks utawa syair
teks utawa syair
puisi
Anane unsur-unsur kang bisa aweh pambiyantu lan panyengkuyung tumrap isine geguritan kuwi diarani ...
struktur geguritan
isi geguritan
fisik geguritan
pamilihing tembung
Struktur teks geguritan kuwi ana ....
siji
loro
telu
papat
Ing ngisor iki kalebu struktur fisik geguritan, yaiku kejaba ...
pamilihing tembung
gaya bahasa
tema
purwakanthi
Tembung kang dipilih padhet, mentes, lan mantesi kuwi kalebu ...
pamilihing tembung
gaya bahasa
tema
purwakanthi
Tembung utawa ukara kang digunakake kanggo nambahi rasa kaendahan jroning geguritan lumantar runtute Tetembungan lan basa kuwi kalebu ....
pamilihing tembung
gaya bahasa
tema
purwakanthi
Ing ngisor iki sing kalebu struktur batin jroning geguritan yaiku ...
majas
tembung
tema
isi
Unsur-unsur geguritan kaperang dadi loro yaiku ...
tema lan pangrasa
nada lan suasana
fisik lan batin
diksi lan majas
Nggarit Langit
Mendhung gung liwang-liwung
Lumaku ing ereng-erenging gunung
Sadalan-dalan kebak eri kemarung
Kang tinemu omah-omah padha suwung
Pager eri carang ori kaya-kaya temlawung
Nggetuni lelakoning jaman kang lagi bingung
Miturut pamilahe tembung geguritan ing nduwur, gung liwang-liwung kanggo ngganteni tembung
mentelung
eri rendhet
gedhe banget
dalan-dalan
Mendhung kang mlaku ing ereng-erenging gunung. Kalebu majas .....
hiperbola
ironi
personifikasi
perumpamaan
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggegirisi
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ...
Panantang
Wingi
Kitir
Sepi
Bonsai biasane dipadhakake karo miniature wit kang ditanem ing njero pot utawa wadhah. Wit kang dibonsai biasane wit kang ana kayune (kayata wit waringin) utawa wit-witan, who-wohan lan kadhang kala arupa wit kembang. Bonsai kang apik bisa diselehake ing njaba sasuwene taun.
Pratelan ing ndhuwur kalebu wacan….
narasi
deskripsi
eksposisi
persuasi
Panindak kapisan nalika ngringkes isine wacan dheskripsi, yaiku....
maca teks asli
nganakake produksi
nyathet gagasan utama
nggunakake paugeran tambahan
Menehi tanggapan marang isine wacan dheskripsi kudu nggunakake panemu logis. Kang dikarepake logis yaiku....
apik lan runtut
bisa ketampa nalar
gampang diwangsuli
ora ndadekake perkara
Pranyatan umum ngenani objek kang didheskripsekake sajroning wacan dheskripsi mapan ing struktur....
argument
dheskripsi umum
dheskripsi bagean
dudutan
Kurawa nggawekake omah Pandhawa kang gampang diobong. Tembung nggawekake ing ukara kasebut menawa dirimbag dadi….
ng- + nggawe + -ake
ng- + gawe + -ake
ng- + gawekake
nggawe + -ake
Tembung “nyambungake” menawa diudhali utawa dirimbag dadi….
nyambung + -ake
ny- + sambungake
ny- + sambung + -ake
ny- + nyambung + -ake
