NEW
Font size
WorksheetsPost Test Cerita Wayang Anoman Duta
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Lakon Anoman Duta kajupuk saka crita wayang...
Ramayana
Mahabarata
Purwa Kandha
Hasthabrata
Ing lakon wayang Anoma Duta, Kethek Anoman dadi Dutaning...
Prabu Rahwana
Prabu Rama
Rama Parasu
Dewi Sinta
Tembung Duta, tegese padha karo...
Batur
Tukang menehi kabar
Tukang ngopeni kewan
Utusan
Ing lakon Anoman Duta, Dewi Sinta kadhusta dening...
Prabu Lesmana
Prabu Ramawijaya
Prabu Rahwana
Prabu Ramaparasu
Tembung Kadhusta tegese padha karo...
Dijupuk
Dicolong
Dijaluk
Digendhong
Prabu Rahwana raja/ ratu ing negara...
Ngastina
Ngamarta
Ngalengka
Jodhipati
Dewi Sinta diapusi Rahwana kanthi malih rupa dadi... saengga Dewi Sinta kapilut lan didhusta.
Kidang Kencana
Trewelu Kencana
Kucing Kencana
Kethek Kencana
Anoman konangan wadya bala Rahwana, nuli dirangket lan kapatrapan ukuman arupa arep di... ing alun-alun Ngalengka.
Tembak
Obong
Panah
Siksa
Anoman dadi utusane Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono bisa nemoni Dewi Sinta lan Dewi Trijata, malah bisa ngaturake ali-aline Rama. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman banjur bali, nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengka, dirungket nuli disowanake Prabu Rahwana. Dening Rahwana Anoman entuk paukuman yaiku bakal diobong ing Alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kaanan kang kaya mangkono Anoman ora wedi, ing batine, kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesthi bakal seleh. iki minangka watak kesatriya kang patut ditiru. ora gigrig lan wedi paukuman, nanging paukuman kang wedi marang bebener.
Ukaara pungkasan wacan kasebut pokok isine, yaiku...
Dadi wong wedi marang paukuman sanajan iku bener
Dadi wong wedi marang bebener lan kajujuran wedi marang paukuman
Manungsa ora perlu wedi marang bebener lan paukuman
Manungsa aja wedi marang paukuman, yen iku ngenggoni bebener
Ing wacan ana ukara: kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesthi bakal seleh. Ukara kasebut jumbuh karo paribasan...
Sapa luput bakal semaput sapa salah mesthi ndlelah
Sapa bener bakal pener sapa luput bakal gampang semaput
Sapa salah seleh, sapa bener pener
Sapa salah seleh sapa kang ora salah mesthi seleh
