wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B.JAWA KELAS 6 BAB 1 PASINAON 1

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Teks ing ngisor iki setitekne!


Taman Nasional Baluran


Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh

warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah.

Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga

lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi

netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/hutan

lindung sing dilindhungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine

ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa

hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem

sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana,

alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana

444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing

paling misuwur yaiku bantheng.

Rini lan Bima wis nate diajak Bapak ibune dolan menyang

Taman Nasional Baluran. Bocah loro seneng atine ana Taman

Nasional Baluran, amarga bisa langsung ngrasakake lan ndeleng

endahing alame, tanduran, lan kewan-kewane sing wis langka. Rini

lan Bima seneng banget bisa weruh wujude bantheng.

Mula yen kepingin kaya Rini lan Bima, enggala nggawe

rencana liburan semester iki saperlu dolan menyang Taman

Nasional Baluran. Ing kono saliyane dolan-dolan uga bisa nliti lan

sinau ngenani maneka warnane ekosistem. Regane tiket kanggo

mlebu kepetung murah. Papane gampang diparani, amarga

manggone ana ing sapinggire dalan gedhe Surabaya Banyuwangi

KM 18, Arjasa-Situbondo. Taman Baluran mapane ke bawah Ds.

Sumberwaru, Kecamatan Banyuputih, Kabupaten Situbondo


Teks ing dhuwur Kalebu jenising teks apa?

a)

Pawarta

b)

Persuasi

c)

Sesanti

d)

Pariwara

2.

Gambar ing ngisor iki kalebu teks apa?

a)

pawarta

b)

pariwara

c)

sesanti

d)

persuasi

3.

"Sapa nandur bakal ngundhuh. "


ukara iku kalebu teks informasi jenise ... .

a)

pawarta

b)

persuasi

c)

sesanti

d)

pariwara

4.

Teks informasi kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake, diarani teks ... .

a)

pawarta

b)

persuasi

c)

pariwara

d)

sesanti

5.

Saben jinis teks informasi nduweni ciri-ciri utawa titikan mligi. Bisa katitik saka informasi sing diandharake uga bisa saka basa kang digunakake.


Ciri-ciri teks pawarta yaiku ... .

a)

isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca.Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake,nawakake.

b)

isine ngajak lan ngelingake.

c)

kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,

lan digunakake

d)

Ngandharake fakta,kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik,Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.

6.

Apa bae Tuladhane slogan?

a)

iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lan sapanunggalane

b)

visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik,

c)

Beritane covid-19 versi delta uwes mlebu ing Merauke Papua

d)

Bocah-bocah ayo sinau supaya pinter

7.

Gatekna gambar ing ngisor iki!

gambar sing kalebu teks pariwara, kajaba... .

a)
b)
c)
d)
8.

Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang

segara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya ora

kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?

a)

Banyu mujudake sumber panguripan

b)

Ngopeni banyu

c)

sumber panguripan

d)

ngopeni banyu, sumber panguripan

9.

teks persuasi kang cocog kanggo gambar ing dhuwur iku, yaiku ... .

a)

ayo njaga budaya Indonesia!

b)

Ayo nari bebarengan!

c)

Ayo ndeleng wong nari!

d)

tariane apik tenan!

10.

tembung "negor" tegese ... .

a)

bencana

b)

simpenan

c)

ngethok/motong

d)

sakabehe/ sawernane