wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah ungguh Bahasa Jawa (post test)

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.
  1. 1. Nalika peserta didik arep mlaku ana sangarepe wong tuwa kang lagi lenggahan, kepriye patrap/sikap kang

bener ?

a)

A. Mlaku kanthi cepet ora usah nolah-noleh

b)

B. Mlaku banter karo mesem

c)

C. Mlaku kanthi alon, awak rada mbungkuk

d)

D. Mlaku kanthi alon, awak ngadeg jejeg karo matur ndherek langkung

e)

E. Mlaku kanthi alon, awak rada mbungkuk karo matur nuwun sewu ndherek langkung.

2.
  1. 2. “Pak Bima mau (ngomong) manawa garapane bisa diklumpukake ana ing kantor guru.”. Tembung kang

dikurung supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi

a)

A. ngomong

b)

B. sanjang

c)

C. matur

d)

D. ngandhani

e)

E. ngendika

3.

3. Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut manawa didadekake ngoko alus sing bener

yaiku….

a)

A. Njenengan sampun rampung anggone dhahar?

b)

B. Sampeyan sampun rambung anggone mangan?

c)

C. Panjenengan wis rampung anggone dhahar?

d)

D. Kowe wis rampung anggone mangan?

e)

E. Samang mpun rampung anggone mangan?

4.

4. Basa ngoko alus nggambarake sesambungan olehe kekancan wis…

a)

A. raket

b)

B. adoh

c)

C. sedhengan

d)

D. adoh banget

e)

E. ora kenal

5.

5. Simbah : “Sampeyan menapa badhe …. ringgit, Nak?”

Pak Narya : “Inggih, Mbah.”

Cecek-cecek kuwi lumrahe diisi tembung….

a)

A. mirsani

b)

B. nonton

c)

C. ningali

d)

D. midhangetaken

e)

E. nyemak

6.

6. Kula badhe dhahar tela cilembu. Tembung sing kacithak kandel kuwi supaya trep diowahi dadi….

a)

A. maem

b)

B. mangan

c)

C. nedha

d)

D. mimik

e)

E. ngunjuk

7.

7. Ngoko alus bisa digunakake pacelathon…. marang….

a)

A. bapak, ibu

b)

B. bocah, simbah

c)

C. andhahan, pimpinan

d)

D. siswa, guru

e)

E. siswa, siswa

8.

8. “Lha Panjenengan wae durung siram. Iki wis jam pitu lho Pak. Panjenengan arep tindak jam pira?

Ngendikane ana undangan rapat.”. Tembung sing ora trep yaiku….

a)

A. tindak

b)

B. ngendikane

c)

C. durung

d)

D. jam

e)

E. rapat

9.

9. “Pak, kae lho kopine wis takcawisake ono meja. Enggal panjenengan unjuk.” Tembung sing kacethak kandel

kuwi tegese….

a)

A. dicepakake

b)

B. diparingake

c)

C. digawekake

d)

D. digawakake

e)

E. diwenehake

10.

10. Bapak : “Ayo wis wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!”

Anak : “……” Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara….

a)

A. Iya Pak

b)

B. Ora Pak

c)

C. Inggih Pak.

d)

D. Boten Pak.

e)

E. Siap Pak