Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wulangan 1

Total questions: 10

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

Nalika Aku Pamit


Aku tansah kelingan

Menawa pamit marang Ibu saben esuk

Ing dalan lemah sapecak

sing saben dina tak liwati

menawa buhdal lan mulih sekolah.

Ibu ngelus rambutku

kanthi paningal kang bening.


Peraga "aku" ing geguritan "Nalika Aku Pamit" pamit saben wayah ....

a)

esuk

b)

awan

c)

sore

d)

bengi

2.

Peraga "aku" ing geguritan "Nalika Aku Pamit" pamit marang ....

a)

kancane

b)

tanggane

c)

ibune

d)

bapake

3.

Peraga "aku" ing geguritan "Nalika Aku Pamit" saben dina liwat ....

a)

dalan aspal sapecak

b)

dalan lemah sapecak

c)

dalan kampung sapecak

d)

dalan ciyut sapecak

4.

"Ngger, budhala

ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk.

Ibu mung bisa nyanyoni pangestu

dadia generasi kang migunani."


Saben paraga "Aku" pamit Ibu mesthi ....

a)

maringi pangestu

b)

maringi sangu

c)

ngelus-elus "aku"

d)

ngelus rambut

5.

Peragan"Ibu" ing geguritan "Nalika Aku Pamit" mung bisa nyangoni ....

a)

dhuwit

b)

jajan

c)

pangestu

d)

kekarepan

6.

Angles rasaning ati

bening penyawange ibu

dak enggo sangu

mecaki dina-dinaku ngudi kawruh lan ngelmu

kanthi semangat kang kebak pengarep jroning batin

pangentha lan pangangene Ibu

bakal dakwujudake kanthi tulus lan bekti.


Paraga "Aku" budhal ngudi ....

a)

sekolah lan ngelmu

b)

kapinteran lan ngelmu

c)

kawruh lan ngelmu

d)

pangerten lan ngelmu

7.

Bening penyawange Ibu dianggo ....

a)

sangu mecaki dina-dina ngudi kawruh lan ngelmu

b)

sangu sekolah saben dina ngudi kawruh lan ngelmu

c)

sangu menyang sekolahan saperlu golek kapinteran

d)

nyawang mecaki dalan lemah sapecak saben dina

8.

Paraga "Aku" budhal sekolah kanthi semangat kang kebak ....

a)

banget

b)

mencep

c)

pengarep

d)

janji

9.

Paraga "aku" bakal mujudake pangentha lan ....

a)

pangarepe Ibu

b)

Panyuwune Ibu

c)

kersane Ibu

d)

pangangene Ibu

10.

Ibu,

bening paningale Ibu dikantheni pangestu

nalika aku pamit

tansah mayungi lakuku

keng putra bakal mituhu.


Paraga "aku" janji bakal ....

a)

mulih

b)

budhal

c)

mituhu

d)

sekolah