WorksheetsSOAL DARI TELEPORT
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Basa kang digunakake murid marang guru yaiku basa....
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Krama Alus
Krama Lugu
Bapak nitih sepedhah montor dateng kantor, dene adhiku ... sepedhah menyang sekolahan.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
nitih
numpak
mlaku
nggonceng
Sliramu arep nyilih andha anggone tanggamu. Anggonmu matur kang bener yaiku...
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyilih andha.”
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyambut andha.”
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyuwun ngampil andha.”
“Nuwun sewu Pak, kula badhe mundhut ngampil andha.”
Bu, sore mau aku diwenehi dhuwit dening simbah. Ukara kasebut iku kleru, dene benere yaiku …
Bu, aku mau disukani dhuwit dening simbah sonten wau.
Bu, kula wau sonten dipuncaosi dhuwit dening simbah.
Bu, kula wau sore dipunsukani dhuwit dening simbah.
Bu, sonten wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Ngisor iki telung ukara kang kalebu basa ngoko alus yaiku ...
Ayo sesuk mangkat karo aku!
Mangga sesuk bidhal karo aku!
Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
Panjenengan arep tindak ngendi?
Bapak tindak karo Ibu.
Basa kang tembung - tembunge ngoko kabeh diarani basa (a)
Unggah - ungguh basa kang digunakake wong enom marang wong tuwa yaiku basa (a)
Menapa sampun mangertos babagan unggah - ungguh basa ?
Mangertos sanget
Mangertos
Kirang mangertos
Mboten mangertos
Tulisen basa krama aluse "Simbah lara untu mula ora bisa mangan tela".
