Font size
WorksheetsTes Bab Teks Deskripsi
Total questions: 15
Worksheet time: 18mins
Thiwul digawe saka pohung kang dipeme nganti garing, utawa kulina diarani gaplek. Gaplek banjur dideplok nganti alus, banjur didang nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen dipangan minangka panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan lombok ijo, tempe gembus goreng, lan sambel. Sega thiwul kulina digathukake karo kemlaratan, nanging kabeh mau ora bener satus persen, sebab ing tlatah liya thiwul dadi pangan favorit. Tuladhane Madiun. Sakliyane dadi panganan kang disenengi, ugi nyehatake, mligine kanggo kang duwe lara diabetes, darah tinggi, uga diprecaya bisa nyegah lara maag. Thiwul uga minangka sawijining perangan kang baku tumrap lelabuhane para pahlawan kamardikan.
Miturut struktur saka wacan ana ing ndhuwur, wacan kasebut bisa diarani jinis teks deskripsi amarga ...
wacan kasebut nggambarake bab thiwul kanthi cetha.
diandharake kanthi basa kang naratif
menehi pamanggih kang logis lan nalar
ngajak supaya gawe sega thiwul
ngandharake komposisi sega thiwul lan bumbu-bumbu gawe lawuhe
Sing kalebu struktur teks deskripsi yaiku ...
pambuka, isi, dudutan
tesis, argumentasi, lan pangukuh
bebukaning perkara, panemu panulis, ajakan, lan pangukuh
identifikasi, deskripsi bagian, simpulan
orientasi, komplikasi, resolusi, koda
Kagiyatan ngukur wis dadi pakaryan wigati kang tansah sumandhing jroning panguripaning manungsa. Sawijining ukuran wis dadi takeran standar marang kagiyatan kang ditindakake dening manungsa. Nggunakake piranti alat ukur kanthi bener lan trep, bakal antuk informasi kang trep ngenani angka jumbuh klawan sepira angka saka barang lang bakal dikukur kasebut, satemah bakal mbiyantu nggampangake sakabehing pakaryan.
Prayatan ing ngisor jumbuh karo pethikan teks ing dhuwur yaiku ...
alat ukur ora menehi mupangat sacara langsung tumrap panguripane manungsa.
alat ukur menehi mupangat sacara langsung tumrap panguripane manungsa.
alat ukur jangka sorong bisa mbiyantu pakaryane manungsa
neraca pegas kuwi kalebu salah sijine piranti kanggo ngukur dawane barang
neraca pegas kuwi kalebu salah sijine piranti kanggo ngukur dawane barang
Wektu iki thiwul dikenal minangka jajanan pasar kang murah lan enak. Panganan iki gampang ditemokake ing sawenehe papan. Yen diturut saka sejarahe, thiwul iku mula bukane minangka panganan pokok masarakat ing jaman biyen nalika penjajahan Jepang lan udakara ing taun 1960-an. Thiwul digawe saka pohung (singkong) didadekake panganan pokok kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora bisa ketuku. Ing jaman biyen thiwul dipangan kaya dene sega, kanthi lawuh lan jangan utawa sayur.
Saka katrangan ing dhuwur kuwi ngandharake babagan ...
alat ukur
unjukan tradhisional
panganan tradhisional
omah adat Jawa
gathot
Manut karo gambar kasebut, ukara kang trep kanggo nggambarake objek kasebut yaiku ...
Saka andharan kasebut nuduhake menawa lemper kalebu panganan sing prasaja nanging isih nengenake kasehatan. Mula dhewe kudu bombong duweni panganan kang kaya lemper kasebut.
Lemper digawe saka ketan kang wis didang banjur diisi abon utawa srundeng lan digawe lonjor banjur diwungkus godhong gedhang. Lan diadang maneh supaya mateng sampurna. Lemper kalebu panganan kang nggatekake kasehatan masake kanthi cara didang.
Thiwul digawe saka pohung (singkong) didadekake panganan pokok kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora bisa ketuku. Ing jaman biyen thiwul dipangan kaya dene sega, kanthi lawuh lan jangan/sayur.
Klepon iku wujude bunder lan anggone mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon lumrahe didol bebarengan karo getuk lan cenil. Klepon kanthi warna ijo, perlu tambahan bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.
Lemper kalebu jajanan pasar kang enak rasane. Panganan iki misuwur ana ing tlatah Jawa. Lemper kalebu panganan kang isih nengenake wungkus godhong, yaiku godhong gedhang.
Panganan iki digawe saka ketan kang wis didang banjur diisi abon utawa srundeng lan digawe lonjor banjur diwungkus godhong gedhang. Lan diadang maneh supaya mateng sampurna. Kalebu panganan kang nggatekake kasehatan masake kanthi cara didang, duweni rasa kang gurih saka ketane lan legi saka abon utawa srundeng, mula ndadekak sansaya enak.
Jumbuh karo panggambaran kang kaya mangkono, panganan kang digambarake arane ...
arem-arem
semar mendem
lemper
jadah
wajik
Panganan kasebut asale saka ...
tela pohung kang didang banjur dideplok diparingi gula abang.
ketan kang diiseni abon utawa suwiran daging pitik
gaplek kang dideplok banjur dadi glepung lan didang
Klepon digawe saka glepung beras ketan lan diisi gula Jawa.
tempe kang diwenehi adonan glepung kang digoreng ora garing
Ing struktur wacan deskripsi kuwi ana kang diarani deskripsi bagian. Ing perangan kasebut isine yaiku ....
pambuka ngenani bab kang bakal kaaturake, bab-bab umum ngenani objek.
gambaran kahanan objek kang dideskripsikake kanthi princi.
awujud dudutan utawa kesan panulis ngenani objek.
panjlentrehake panulis kanthi rinci babagan prekara kang dipercaya
underane panemu utawa gagasan utama arupa gegambaran saka panulis
Saka andharan kasebut, nuduhake menawa thiwul kang prasaja kaya mangkono mau jebul nduweni sejarah lelabuhane para pahlawan kamardikan Indonesia.
Tembung prasaja duweni teges ....
sederhana
hemat
becik
teliti
nyehatake
Klepon digawe saka glepung ketan lan diisi gula Jawa. Klepon lumrahe mung ana rong warna yaiku ijo lan putih. Klepon iku wujude bunder lan anggone mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon lumrahe didol bebarengan karo gethuk lan cenil. Klepon kanthi warna ijo, perlu tambahan bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.
Pethikan wacan deskripsi kasebut kalebu ing perangan ...
identifikasi
dudutan
resolusi
komplikasi
deskripsi bagian
Panganan iki digawe saka sega kang diiseni oseng-oseng utawa sambel goreng kentang lan ati, banjur digawe lonjor lan diwungkus godhong gedhang. Panganan iki arane
(a)
Panganan digawe saka pohung kang dipeme nganti garing, utawa kulina diarani gaplek. Gaplek banjur dideplok nganti alus, banjur didang nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani (a)
Sega thiwul kulina digathukake karo kemlaratan, nanging kabeh mau ora bener satus persen, sebab ing tlatah liya thiwul dadi pangan favorit. Tuladhane Madiun. Sakliyane dadi panganan kang disenengi, ugi nyehatake, mligine kanggo kang duwe lara diabetes, darah tinggi, uga diprecaya bisa nyegah lara maag. Thiwul uga minangka sawijining perangan kang baku tumrap lelabuhane para pahlawan kamardikan. Lelabuhan duweni teges ...
(a)
Saka andharan kasebut, nuduhake menawa thiwul kang prasaja kaya mangkono mau jebul nduweni sejarah lelabuhane para pahlawan kamardikan Indonesia. Sakliyane kuwi uga kalebu panganan kang nyehatake awak. Mula dhewe kudu bombong duweni sawijining panganan khas dhaerah kang kaya mangkono eloke.
Pethikan ing dhuwur nuduhake perangan saka wacan kang jenenge ...
(a)
Gawea telung ukara/ kalimat kang ndeskripsikake panganan kasebut
