WorksheetsBHS JAWA KLS 6 S2 HAL 035
Total questions: 10
Worksheet time: 6mins
Isine guritan “Sekolahan” ing ndhuwur .........
Panggonane guru nyambut gawe
Panggonane kanggo golek kapinteran
Pinter lan prigel dalane kautaman
Guru dituntun supaya pinter
Gambar wayang ing sisih kiwa iki jenenge .........
Prabu Kresna
Gathutkaca
Abimanyu
Werkudara
Awit arep tuku rokok dadi ora duwe dhuwit, mulane Pak Waluyo rokoke .........
Tembung camboran sing mathuk kanggo ganepi ukara ing ndhuwur yaiku .........
bangjo
tahteng
lunglit
tingwe
Tuti : Lha, sapunika Bapak badhe tindak pundi?
Bapak : Aku arep lunga menyang Semarang.
Tuti : .........
Bapak : Numpak bis bae.
Tuti : Lajeng kunduripun benjing punapa?
Ukara sing mathuk anggo ngiseni ceceg-ceceg ing pacelathon ndhuwur yaiku .........
Bapak nitih punapa saking mriki?
Menawi kula ndherek punapa kepareng?
Bapak kalian sinten tindak Semarang?
Kalawau enjing tindak pundi?
Werkudara iku satriya kang gagah ......... lan sakti .........
Tembung sing mathuk kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku .........
gedhe, tanpa tandhing
prakoso, mandraguna
prakoso, tanpa tandhing
gedhe, mandraguna
Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Batangane cangkriman tembang pucung kasebut yaiku .........
sepur
sabuk
tali
rante
1. Tali rafia sing dawane 30 cm ditalekake ing kenur (dironce).
2. Kenur (benagn gedhe) diukur ditalekak, udakara 3 meter.
3. Rafia banjur diubet-ubetake ing penjalin, pinangka cekelan.
4. Rafia sing wis dironce banjur disisir utawa disikat nganti alus.
5. Banjur diwenehi canthelan sing digawe saka karpet plastik.
Urutan carane gawe sulak sing bener yaiku .........
4 - 1 - 5 - 2 - 3
4 - 2 - 5 - 1 - 3
2 - 1 - 4 - 3 - 5
2 - 3 - 1 - 5 - 4
Regane beras mundhak maneh, rata-rata mundhak satus nganti pitung atus rupiah saben sakilogram.
Ukara kanggo nanggapi informasai ing ndhuwur sing mathuk yaiku .........
stok beras ing Indonesia nipis
Pemerintah kudune ngedhukake rega beras
merga beras disimpen lan di ekspor
Ya lumrah, merga petani gagal panen, sawahe rusak katerjang banjir
Ukara ing ngisor iku sing polane J, W, L, K yaiku .........
Bapak Presiden ngresmekake jembatan Suramadu tahun kepungkur
Tuti lan adhike mlaku-mlaku
Bu Guru ora isa rawuh menyang sekolahan
Klambine adhik durung disetrika
Sari : “Bu, kula nyuwun yatra.”
Ibu : “.........”
Sari : “Tumbas buku, Bu.”
Ukara sing mathuk kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing pacelathon ndhuwur yaiku .........
“Pira, Ri?”
“Nyapa, Ri?”
“Kanggo apa, Ri?”
“Kanggo sapa, Ri?”
