WorksheetsBahasa Jawa kls 6
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Pak Kasan makarya dadi kuli bangunan . tembung kang miring yen di sinonimna dadi...
Mangan
Nyambut gawe
Nyambut damel
Latian nari
Irah-irahan pawarta kang pas kanggo gambar sing ana ing soal yaiku...
Lapangan Reged ing Desa Warak
5 Sapi Dibeleh kanggo Idul Qurban
Kerja Bakti ing Desa Warak
Masjid Ngadakake Sholat idul Adha
Perangan teks pawarta kang isine njlenterake wangsulan saka pitakonan kenapa/apa jalarane lan kepriye (why lan how) diarani...
sesirah
ringkesan
isi pawarta
gambar
Koran yaiku wujude pawarta?
Nyata
Siaran
Omongan
Cetak
pawarta kuwi duweni sifat faktual, tegese yaiku ....
jumbuh karo kasunyatan
ora bener - bener kedadeyan
kedadeyan kang nembe dumadi
penting
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........
uwuh utawa larahan
uwuh lan limbah
suket kang tukhul saparan-paran
gegodongan
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
banyu kali kena polusi
akeh wit-witan ing pinggir kali
wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori
wis suwe ora udan
Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............
banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara
kali-kali kang ana wis padha asat
ora an wit-witan ing pinggir-pinggir kali
larahan lan limbah ana ing ngendhi-endhi
"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............
slogan
pawarta
geguritan
narasi
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........
persuasi
slogan
pawarta
pariwara
Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukara mentes
ukarane ngujuk-ujuki
Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ............
ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen
oksigen bisa nyehatake paru-paru
tanduran kang mridhuksi oksigen
panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
Tembung mrodhuksi padha tegese karo tembung ..........
nambahi
ngasilake
ngurangi
ngurakapi
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
ngundhuh wohing pakarti
lemah longsor mendhem puluhan omah
ayo njaga lestarine alam!
banjir nrajang pirang-pirang desa
Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...
Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
Es batune (tutuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........
Es batune (nutuk) mas Ilham
Es batune (daktutuk) mas Ilham
Es batune (ditutuk) mas Ilham
Es batune (kotutuk) mas Ilham
