wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-ungguh Kelas VII

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Pacelathon Budi lan Randy

Budi :" Ran, mau ana tugas apa saka Pak Heri?"

Randy : "Pak Heri mau maringi tugas gawe teks pacelathon."

Budi :" ya wis tak mbukak tugase ana ing Google Classroom ya?"


ing pacelathon mau Randy migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

2.

Ukara iki endi kang nganggo basa ngoko lugu!

a)

Aku arep ndherek ibu menyang pasar.

b)

Aku arep melu ibu menyang pasar.

c)

Kula badhe ndherek ibu dhateng peken.

d)

Kula badhe tumut ibu tindak peken

3.

Pilihen endi ukara kang bener miturut unggah-ungguhe!

a)

Ibu menyang pasar tuku klambi kanggo simbah

b)

Bapak tindak gotong royong ndandani dalan.

c)

Kula sampun dhahar wau enjing.

d)

Pak guru teka jam enem esuk.

4.

Gatekna pacelathone Bety lan Nana iki!

Bety :" Na, kowe arep menyang ngendi, kok mung dhewekan?

Nana: " Aku .......... ibu tuku obat ning apotik."

tembung kang trep manut unggah-ungguh kanggo ngganepi wangsulane Nana yaiku ....

a)

dikongkon

b)

didhawuhi

c)

dikon

d)

utusan

5.

Gatekna pacelathone Santi lan Bu RT!

Santi :"Bu RT badhe tindak pundi?"

Bu RT :"Arep menyang pasar Beringharjo."

Santi :"Badhe .........menapa bu?"

ganepe ukara kasebut kang bener yaiku ....

a)

tuku

b)

tumbas

c)

mundhut

d)

mendhet

6.

Pilihen gambar kang basa kramane pangarasan

a)
b)
c)
d)
7.

Pilihen gambar kang basa kramane jangga

a)
b)
c)
d)
8.

Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”

Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”

Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama

d)

ngoko

9.

Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’

Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”

Simbah : “Masmu Joko ana neng ....... ora?”

Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”

Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....

a)

griyanipun - omah - daleme

b)

griyane - griya - omahipun

c)

dalemipun - griya - griyane

d)

dalemipun - omah - griyane

10.

“Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”, pangajake Dira marang bu RT.

Ukara ingkang leres inggih punika...

a)

“Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.

b)

“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, manawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.

c)

“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”.

d)

“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.