NEW
Font size
WorksheetsUnggah-ungguh Jawa Kelas IX
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".
ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama alus
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Nalika guneman karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa ....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”
Sunar : “....”
Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....
Dalem kula tebih sanget, Pak
Griya kula tebih, Pak
Dalem kula adoh, Pak
Omahku adoh, Pak
Pak Guru :"Apa sebabe wingi Santi ora mangkat sekolah?"
Santi : "......................................................."
Wangsulane Santi kang trep yaiku ....
"Kula wingi gerah Pak."
"Kula wingi sakit Pak."
"Aku wingi lara Pak."
"Kula wingi lara Pak."
Banu kepethuk Pak Lurah nalika blanja ing toko bangunan. Prayogane Banu matur marang Pak Lurahkepriye?
Pak Lurah badhe tumbas menapa?
Pak Lurah ajeng tumbas menapa?
Pak Lurah badhe mundhut menapa?
Pak Lurah ajeng mundhut menapa?
Wis jam rolas awan simbah isih ning sawah. Putune banjur methuk simbahe. Kepriye ature marang simbahe?
Mbah, sampun siyang ayo gek mulih.
Mbah, wis awan ayo kondur dhisik.
Mbah, sampun siyang mangga kandur riyin.
Mbah, sampun siyang mangga wangsul riyin.
Amir sepatune wis rusak, kepriye anggone matur nyuwun ditumbaske sepatu marang ibune?
"Bu, kula nyuwun ditukokke sepatu, amargi sepatune sampun risak."
"Bu, kula nyuwun ditumbasaken sepatu, amargi sepatu kula sampun risak."
"Bu, kula nyuwun ditukokake sepatu, amarga sepatu kula wis rusak."
"Bu, kula nyuwun dipundhutaken sepatu, amargi sepatu kula sampun risak."
Reni didhawuhi nyaosake buku marang Bu Susi ing ruang guru. Kepriye ature Reni marang bu Susi?
"Bu Susi, nuwun sewu menika bukune sampeyan ketinggal wonten kelas 7A."
"Bu Susi, nuwun sewu menika buku panjenengan kantun wonten kelas 7A."
"Bu Susi, nuwun sewu badhe nyaosaken buku panjenengan ingkang kantun ing kelas 7A."
"Bu Susi, nuwun sewu badhe ngaturaken buku sampeyan ingkang kantun ing kelas 7A."
Kepriye aturmu marang bapak menawa arep njaluk dhuwit kanggo tuku tas?
"Pak, aku njaluk dhuwite arep nggo tuku tas."
"Pak, kula nyuwun dhuwite kangge tumbas tas."
"Pak, kula nyuwun artane kangge tumbas tas."
"Pak, kula nyuwun artane kangge mundhut tas."
