wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Teks pawarta

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Andaran marang wong liyan ngenani kedadean kang nyata diarani...

a)

prastawa

b)

pawarta

c)

pambuka

d)

layang

2.

Adhedasar saka sumbere, jenise pawarta saka kedadean langsung/nyata diarani....

a)

Pawarta pendidikan

b)

Fakta

c)

opini

d)

pawarta lokal

3.

Salah siji jenise pawarta adedasar sumbere yaiku opini. Sing diarani opini yaiku...

a)

pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean

b)

pawarta kang sumebare ana wilayah kabupaten/kota

c)

pawarta apus-apusan

d)

pawarta saka kedadean langsung/nyata

4.

Warta/kabar kang diterbitake saben dina, tuladane...

a)

Koran Jawa Pos

b)

Layang kabar Penyebar Semangat

c)

Buku Pinter Basa Jawa

d)

Layang kabar Joko Lodhang

5.

Simaken ciri-cirine jenise pawarta ing ngisor iki!

a. pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana.

b. pawarta ditambah andharan bab kedadeane.

c. pawarta opini, awujud andharane wartawan.

d. pawarta apus-apusan.


Miturut ciri-cirine, pawarta iku klebu jenise pawarta...

a)

Adhedasar isine

b)

Adhedasar sumbere pawarta

c)

Adhedasar bobote fakta

d)

Adhedasar sumbere

6.

Warta/kabar kang diterbitake kala-kala/ ora saben dina, minggon, sasen, lan sapanunggalane diarani....

a)

Ariwati

b)

pawarta lokal

c)

opini

d)

kalawarti

7.

Pawarta kang wilayah sumebare warta nganti saka wilayah negara diarani...

a)

pawarta lokal

b)

pawarta regional

c)

pawarta nasional

d)

pawarta internasional

8.

Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!


BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih.


Miturut pawarta iku kedadeane ana ing kutha ....

a)

Bangkalan

b)

Sampang

c)

Jawa wetan

d)

indonesia

9.

Simaken pawarta ing ngisor iki!

BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan.


Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pariparine supaya ora kesuwen kakum banyu udan.


Bencana kang kedadean ana ing pawarta mau yaiku...

a)

Gempa bumi/lindhu

b)

udan angin

c)

banjir lan tanah longsor

d)

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe

10.

Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!


"Banyune ora mili, kalen lan sawahe uga ora mili, kahanane banyu terus mambeg,” kandhane Sutiyem mbacutake. Sutiyem njlentrehake, parine kudune durung bisa dipanen, nanging amarga kahanane ora layak mula bakal dipanen seminggu engkas.


Miturut isine, pawarta iki klebu jenise ....

a)

pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana.

b)

pawarta ditambah andharan bab kedadeane.

c)

pawarta opini, awujud andharane wartawan.

d)

pawarta apus-apusan.

11.

1. Bapak sare

2. Ibu mundhut gendis wonten peken

3. Bu Suwarni tindhak Yogya

4. Pak Karjo ngarit ing sawah

Ukara ing nduwur sing nganggo pola J-W-K yaiku...

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(2) lan (4)

12.

Kiki nggarap tugas sesuk isuk.

ukara ing ndhuwur yen diodal saka pola e yaiku....

a)

J-W

b)

J-W-L

c)

K-J-W-L

d)

J-W-L-K

13.

Ukara ing ngisor iki sing nganggo pola K-J-W-L yaiku...

a)

Bapak mundhut klapa cengkir

b)

Mas Adi ngusung pari isuk-isuk

c)

Isuk-isuk Mas Adi ngusung pari

d)

Klapa cengkir dipundut bapak wingi sore

14.

Gambar ing ndhuwur yen ditulus wujud pawarta, manut isine bisa digolongake jinise....

a)

hiburan

b)

kesehatan

c)

ekonomi

d)

agama

15.

Bima ora weruh yen ibune wis teka.

ukara kasebut nggunakake ragam basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

16.

Bima mboten sumerep yen ibune sampun dugi.

Basa kang digunakake....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

17.

"Dina Kemis, 10 Juli 2021 ing Malang geger anane salah siji siswa sekolah dasar kang positif COVID 19."


Saka cuplikan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...

a)

sapa

b)

ing ngendi

c)

menyang endi

d)

kapan

18.

Isi pawarta kang mathuk karo gambar ing ndhuwur yaiku ....

a)

pemakaman korban covid-19 ing kutho Malang

b)

petugas rumah sakit ngurusi ambulan sing rusak

c)

petugas lagi ngurusi korban covid-19 ing rumah sakit

d)

pemakaman simbahe Joko ing Suroboyo

19.

Pawarta sing ana ing medhiya elektronik tuladhane yaiku...

a)

Ariwarti

b)

warta berita ing radio

c)

Kalawarti

d)

Tabloid

20.

Jingglengono pawarta ing ngisor iki!


Kedadean ing Parangtritis

Kecilakan kedadean neng Pantai Parangtritis, dina Minggu (19/11/2017), sekitar tabuh 13.00 WIB. Kecilakaan iki dialami dening telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah. Kronologi kedaden kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng Pantai Parangtritis.


Saking dolanan banyu, ketelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung segara. "Wektu adus dumadakan ketelu korban keseret ombak menyang kidul," ujare Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY. Untunge , korban cepet bisa dislametake dadine ora ana korban jiwa jero kadadean iki. Brigadir Suharto ngelengake kanggo para wisatawan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakne kaslametan wektu nglangi.


Ing endi kedadean iku?

a)

Ing Pangandaran

b)

Ing Yogyakarta

c)

Ing Pantai Parangtritis

d)

Ing Laut Kidul