wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA 9 KD 3.1

Total questions: 10

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Wayang menika ateges bayangan utawi wewayangan, bab menika kanthi lelandhesan wayang menika gambaran….

a)

Tiyang gesang

b)

Tiyang ngudi kawruh

c)

Tiyang mijil dumugi seda

d)

Tiyang gesang inga lam kubur

2.

1. Ing ngandhap menika kalebet unsur-unsur wayang, kajawi….

a)

Tema

b)

Lakon

c)

Watak

d)

Sudut pandang

3.

1. Saben titah ingkang gesang ing jagad kedah nggadhahi sikep empati dhateng sesami, dhateng sesame tiyang, tanduran, kaliyan sato kewan. Andharan menika tegesipun nilai karakter saking….

a)

Jujur

b)

Mad simadan

c)

Tanggap ing sasmita

d)

Tanggung jawab

4.

1. Ana Taman Soka, Anoman kadenangan putra Ngalengka Trimurda lan Trikaya. Anoman tinarka durjana mula banjur dadi perang rame. Trikaya lan Trimurda tumekaning lampus. Patine Trimurda lan Trikaya dadi dukane Raden Indrajid. Raden Indrajid nglepasake panah rante, sakala Anoman kena kabanda rante. Anoman disowanake Prabu Dasamuka kanggo nampa paukuman.

Prathelan ing ngandhap menika ingkang boten jumbuh kaliyan waosan ing nginggil, inggih menika….

a)

Anoman dadi maling

b)

Trikaya lan Trimuda pejah

c)

Raden Indrajid duka

d)

Panahipun Indrajid awujud rante

5.

1. Ana Taman Soka, Anoman kadenangan putra Ngalengka Trimurda lan Trikaya.


Tembung kadenangan tegesipun….

a)

Kepanggih

b)

Konangan

c)

Dipuncekel

d)

Dipunpejahi

6.

1. Prabu Rama utusan marang Anoman kanggo nggoleki Dewi Sinta. Anggada putrane Resi Subali teka lan nyanggupi ngembang tugase Anoman dadi dutane. Prabu Rama kuwur penggalihe, amarga Anoman lan Anggada duweni kekuwatan kang padha.


Pitutur luhur ingkang trep kaliyan waosan ing nginggil inggih menika….

a)

Ampun remen ngrebat dhawuhipun tiyang sanes.

b)

Ampun remen ngrebat menapa ingkang sampun dipundhawuhaken dhateng tiyang sanes ingkang damel bingung tiyang ingkang dhawuhi.

c)

Ampun remen tiyang ingkang sampun dipundhawuhi dhateng tiyang sanes amargi dadosaken bingung.

d)

Ampun remen ngrebat dhawuhipun tiyang ingkang maringi dhawuhipun para utusan.

7.

1. Tumekeng Alengka, Anoman banjur gumantung ing sawijining wit nagasari ing Taman Soka.


Adhedhasar ukara ing nginggil tembung ingkang ngemot tembung garba inggih menika….

a)

Nagasari

b)

Gumantung

c)

Tumekeng

d)

Taman Soka

8.

Tembung “Malbweng” menika kalebet ing tembung garba, inggih menika saking tembung….

a)

Malebu+ing

b)

Melbu+eng

c)

Melbu+ing

d)

Malebu+eng

9.

1. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laksmana.

Piweling ingkang saged dipunpundhut saking waosan ing nginggil inggih menika….

a)

Menawi wonten palapuran kedah langsung dipuntampi kangge mbuktekaken leresipun palapuran menika.

b)

Menawi wonten palapuran ampun langsung dipuntampi nanging kedah dipuntakyinaken rumiyin, kangge mbuktekaken leres utawi lepat palapuran menika.

c)

Menawi wonten palapuran ampun langsung dipuntakyinaken rumiyin, kangge mbuktekaken leres utawi lepat palapuran menika.

d)

Menawi wonten palapuran kedah dipuntakyinaken rumiyin, kangge mbuktekaken leres utawi lepat palapuran menika.

10.

1. Anoman ngaturake sesupe sotya ludira marang Dewi Sinta.

Sesupe menika jinisipun….


a)

Dhaharan

b)

Inuman

c)

Sandhangan

d)

Perhiasan