NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa Bab 1 Kelas 3 SD
Total questions: 15
Worksheet time: 11mins
Putrane Prabu Pandhu Dewanata kuwi cacahe ana...lanang kabeh
3
4
5
6
Putra lima lanang kabeh kuwi diarani...
Pancagati
Saramba
Pandhawa
Pancaputra
Urutan saka putra sing tuwa dhewe yaiku ...
Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa
Puntadewa, Arjuna, Werkudara, Nakula, lan Sadewa
Werkudara, Arjuna, Puntadewa, Nakula, lan Sadewa
Puntasewa, Nakula, Werkudara, Arjuna, lan Sadewa
Sawise Prabu Pandhu seda, para Pandhawa diemong dening ibune, yaiku ...
Dewi Sinta
Dewi Kunthi
Dewi Madrim
Dewi Gendari
Puntadewa putra sing pambarep jumeneng raja ing Nagara ...
Ngamarta
Ngastina
Madukara
Sawojajar
Bratasena putra sing angka loro. Bratasena watake jujur, adil, lugu, lan kendel. Sawise dewasa Bratasena uga diarani ...
Kresna
Puntadewa
Janaka
Werkudara
Werkudara iku kasatriane ing ...
Sawojajar
Ngamarta
Jodhipati
Madukara
Arjuna darbe watak sabar, kendel, lan sregep golek ilmu. Darbe tegese ...
Niru
Duwe
Gawe
Sabar
Putrane Prabu Pandhu kang lair kembar yaiku...
Puntadewa lan Sadewa
Bratasena lan Sadewa
Arjuna lan Nakula
Nakula lan Sadewa
Watak lan tumindhake para Pandhawa pantes dituladha. Dituladha tegese...
Dieling
Ditiru
Ditulis
Dideleng
Pandhawa urut saking putra ingkang (tuwa dhewe) inggih punika Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Tembung ing njero kurung basa kramane ...
Sepuh Piyambek
Sepuh Dhewe
Sepuh Rumiyin
Tuwa Piyambek
Nakula lan Sadewa punika putra (kang lair) kembar. Tembung ing njero kurung basa kramane ...
ingkang wonten
ingkang lair
sing miyos
ingkang miyos
(sawise) Prabu Pandhu seda, Pandhawa dipunemong ibunipun, inggih punika Dewi Kunthi. Tembung ing jero kurung basa kramane ...
saderengipun
sawisipun
sesampune
sesampunipun
Puntadewa putra ingkang pambarep (ngadeg dadi) raja nagara Ngamarta. Tembung ing jero kurung basa kramane ...
ngadeg dados
jumeneng dadi
jumeneng dados
lenggah dadi
Raden Arjuna duwe watak sabar, kendel, lan sregep (ngangsu kawruh). Tembung ing jero kurung tegese ...
golek ilmu
golek kekuatan
golek kabecikan
golek tuladha
