wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kelas 8 - Penilaian Tengah Semester 1

Total questions: 35

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Sing diarani crita cekak yaitu...

a)

crita ngenani kedadeyan utawa lelakon sing dicritakake saka wiwitan nganti pangkalan nanging ora nganti tamat.

b)

crita ngenani kedadeyan utawa lelakon sing dicritakake ora nganti tamat merga critane mung dijupuk sing cekak wae.

c)

crita gancaran sing ngadarake sarining kedadeyan utawa lelakon saka wiwitan kanthi pangkalan mung cekak wae.

d)

crita gancaran sing critane ngenani kedadeyan jaman biyen sing dicritakake saka wiwitan kanthi cekak aos.

2.

Kepriye posisine (dununge utawa jejering pengarang) ing sajrone crita sing dikarang (umpamane dadi utama purusa apa pratama purusa) diarani...

a)

Sudut pandang

b)

Setting/latar crita

c)

Tema lan amanat

d)

Alur

3.

Sing dadi ciri-cirine crita cekak yaiku ....

a)

critane rada dawa (ora langsung tamat) isine ringkes, basane padhet, lan akeh nggunakake basa rinengga.

b)

critane dawa (nanging langsung tamat), basane mentes nanging akeh tambahane, isiner ingkes lan mentes.

c)

critane ora dawa (langsung tamat), isine padhet, ukarane ringkes, lan basane mentes tur

gampang dingerteni.

d)

Critane cekak wae merga langsung tamat, isisne kudu ringkes lan padhet, basa sing

digunakne basa endah.

4.

Sing diarani setting utawa latar jroning crita cekak yaiku...

a)

perangan sing nerangake bab penganggone basa sing digunakake.

b)

perangan sing nerangake panggonan, wektu lan swasana jroning crita.

c)

unsur kang minangka dadi bakune gagasan (idhe pokok) jroning crita.

d)

piwulang kabecikan/pitutur luhur kang kinandhut ing sajroning crita.

5.

Urut-urutane kedadean utawa laku-lakune crita sing ana ing sajroning crita cekak diarani...

a)

Tema

b)

Setting

c)

Alur

d)

Paraga

6.

Para tokoh sing dicritakake ana ing sajroning crita cekak diarani...

a)

Tema

b)

Setting

c)

Alur

d)

Paraga

7.

Jroning struktur teks crita cekak, perangan sing isine ngenalake para paraga lan wewatakane sarta latare crita kang dumadi saka papan, wektu, lan swasana jroning crita diarani ..

a)

orientasi

b)

reorientasi

c)

komplikasi

d)

resolusi

8.

Jroning struktur teks crita cekak, perangan sing isine ngudhari masalah sing dialami dening paraga utama diarani .....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

reorientasi

d)

resolusi

9.

Jroning struktur teks crita cekak, perangan sing isine mujudake pucuking masalah utawa padudon (konflik) sing dialami dening paraga utamaa diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

reorientasi

d)

resolusi

10.

Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!


Mireng kandhane Budi, Bu Ani ora banjur duka. Panjenengane malah ngelern marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae. Senajan Pak Darso dudu guru kelase, dheweke gelem mbiyantu. Miturut Bu Ani, Pak Darso sing lagi kesusahan amarga putrane nembe tiba iku pancen mbutuhake pitulungan.

"Wis, ora dadi ngapa. Kana, kertas soale ndang dibagekake!"

"Inggih, Bu." Saknalika mak plong atine Budi, krungu ngendikane Bu Ani.


Yen dianalisis adhedhasar strukture teks, pethilan crita ing ndhuwur kalebu perangane ....

a)

orientasi

b)

reorientasi

c)

komplikasi

d)

resolusi

11.

Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!


Budi, minangka ketua kelas iku pancen sregep lan dhemen tetulung. Apa sing dadi tanggung jawabe sing magepokan karo tugase ketua kelas mesthi ditandangi kanthi beres. Lan, dheweke dhemen tetulung marang sapa wae tanpa pilih kasih.


Yen dianalisis adhedhasar strukture teks, pethilan crita ing ndhuwur kalebu perangane....

a)

orientasi

b)

reorientasi

c)

komplikasi

d)

resolusi

12.

Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!


Kanggo nyiapake ujian akhir, Bu Ani, guru wali kelase maringi gladhen soal soal marang bocah-bocah. Diajab mangkone bocah-bocah ing taun iki bisa lulus kabeh kanthi biji sing maremake. Nanging, nalika Bu Ani arep mbagi gladhen soal, pranyata soale keri ing ndalem.


Yen dianalisis adhedhasar strukture teks, pethilan crita ing ndhuwur kalebu perangane....

a)

orientasi

b)

reorientasi

c)

komplikasi

d)

resolusi

13.

Ukara sing isine karep utawa pepenginan utawa rencana sing durung kena dipesthekake kelakone diarani ukara ....

a)

pakon

b)

sambawa

c)

sananta

d)

pitakon

14.

Ukara sing isine nduweni tegese senajan, upama, lan muga-muga diarani ukara ...

a)

pawarta

b)

pitakon

c)

pakon

d)

sambawa

15.

Pangertene jinis-jinise ukara ing ngisor iki sing bener yaiku ....

a)

Ukara sing isine menehi kabar ngenani apa ta apa diarani ukara pitakon.

b)

Ukara sing isine njaluk katrangan ngenani apa ta apa diarani ukara pakon

c)

Ukara sing isine ngongkon/prentah marang wong liya diarani ukara pakon.

d)

Ukara sing tegese: senajan, upama, lan muga-muga diarani ukara pitakon.

16.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara sananta yaiku ....

a)

Muga-muga adhikku bijine apik.

b)

Upama dijak, aku mesthi melu

c)

Senajan mlarat nanging loman banget.

d)

Aku sesuk arep menyang Surabaya.

17.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara kandha utawa ukara langsung yaiku .....

a)

Bapak dhawuh, menawa mengko olehe kondur telat.

b)

Kandhane kiki, Mas Wahyu ora sida melu budhal.

c)

"Kula tetep boten saget tumut" jawabe Ali cekak aos.

d)

Eni takon, geneya kanca-kancane kok ora bisa teka.

18.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara carita utawa ukara ora langsung yaiku .....

a)

Bapak ngendhika, “Aku ameh tuku bakso”.

b)

“Tulung tukokake sayur”, Dhawuhe ibu

c)

Ibu dhawuh jaluk tulung ditukokake sayur.

d)

Pak Guru Ngendika “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”

19.

Gegayutan karo gaya basa sing digunakake jroning crita diarani ....

a)

amanat

b)

basa

c)

latar

d)

tema

20.

piwulang lan pitutur luhur kang kinandhut jroning cria diarani ....

a)

alur

b)

tema

c)

latar

d)

amanat

21.

Uripe pak Rahmawan iku pancen mesakne banget. Sakbubare kepaten putrane sing ragil, ora suwe dheweke uga kemalingan. Bandha dunyane resik dikuras karo maling. Uripe pak Rahmawan pancen ketula-tula ketali temenan.

Tegese paribasan sing ana jroning andharan ing ndhuwur yaiku ...

a)

Wong sing kapesan terus-terusan.

b)

Wong sing tansah nandhang sengsara.

c)

Wong tuwa sing nemu reribet merga saka tingkah lakune anake.

d)

Wong sing mung manut grubyug.

22.

Andharan ing ngisor iki sing jumbuh utawa cocog karo tegese paribasan "anak polah bapa kepradhah" yaiku ....

a)

Pak Santosa kuwi duwe anak loro, anake sing mbarep dieman-eman ora oleh nyambut gawe, njaluk apa wae dituruti, nanging bareng anake sing nomer loro kaya-kaya mung dienggo kalah-kalahan, dikongkon nyambut gawe terus-terusan, bareng njaluk apa-apa ora tau dituruti.

b)

Bu Pandoyo kuwi kagungan putra loro, loro-lorone ora tau ndadekake manahe bu Pandoyo tentrem lan seneng, kaya-kaya saben minggu bu Pandoyo oleh layang panggilan saka

sekolahe putrane amarga polah tingkahe kang murang tata ora manut auran sekolah.

c)

Pak Agus guru olah raga ing sekolahanku kuwi priyantune pancen sabar, kabeh ngarani kurang teges, bocah-bocah malih padha nglamak. Beda karo Pak Yanuar guru olah raga sijine, senajan priyantune rada kereng nanging dhisiplin banget, yen ana bocah nglanggar langsung ditangani

d)

Pak Darmadi kuwi kagungan putra telu lanang kabeh. Merga Pak Darsono kuwi nyambut gawene mung dadi tukang kayu, mula putra-putrane ora ana sing disekolahne nganti dhuwur, tamat SMA kabeh wis dikongkon nyambut gawe ngrewangi golek butuh kanggo nyukupi kebutuhan keluwargane.

23.

Basa sing digunakake kanggo pacelathon (dhialog bocah padha bocah sing wis kulina wong tuwa marang anake, guru marang muride, wong sing drajade dhuwur marang andhahane diarani basa

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

24.

Basa sing digunakake kanggo rembugan sing drajade luwih cendhek nanging durung kulina kanggo rembugan karo sapadha-padha sing wis kulina nanging ngajeni, lan kanggo rembugan karo wong sing padha dene durung kenal diarani basa ....

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alas

25.

Basa sing digunakake kanggo rembugan marang wong sing drajade wih dhuwur upamane murid marang guru, anak marang wong tuwane), lan kanggo rembugan marang sapadha - padha kanthi ngajeni banget diarani basa ...

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

26.

Basa sing digunakake kanggo ngurmati wong sing diajak guneman, kanggo ngrembug wong sing kudu diajeni banget diarani basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

27.

Jinise basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya katan luwih endah, merbawani, lan ngresepake diarani basa

a)

Gancaran

b)

Rinengga

c)

Ngoko

d)

Krama

28.

Ing ngisor iki carane macaki utawa ngrengga basa supaya katon luwih endah, kejaba....

a)

Diganti utawa milih tembung-tembung sawetara sing dirasa luwih endah

b)

Sarana dditulis nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bregas.

c)

Nggunakake tetembungan lan ukara angel dingerteni dening wong sing maca.

d)

Nggunakake undha-usuk basa sing baku, jangkep, sing akeh nggunakake basa krama

29.

Unen-unen sing ngemu teges entar lan pasemon, sing disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambungane manungsa karo alam uripe diarani ....

a)

paribasan

b)

saloka

c)

bebasan

d)

parikan

30.

Unen-unen sing ngemu teges pepindhan, sing dipindhakake kaanane wong utawa barang diarani ....

a)

paribasan

b)

saloka

c)

bebasan

d)

parikan

31.

Unen-unen sing ngemu teges entar lan pepindhan, sing disaloka kaanane wonge diarani ....

a)

paribasan

b)

saloka

c)

bebasan

d)

parikan

32.

Basa rinengga kang wujude paribasan dhemit ora ndulit setan ora doyan iki tegese ....

a)

wong sing tansah kalis ing bebaya

b)

wong nemu kagjan gedhe banget

c)

Wong sing tansah nemoni bebaya

d)

wong sing uripe sarwa kecukupan

33.

"Ngamuk punggung sura tan taha, nir baya nirwikara". Basa rinengga iki tegese ...

a)

Olehe ngamuk pas ora ana wong weruh.

b)

Pangamuke ora eling marang bebayane.

c)

Ngamuk mung nalika lagi ana wong akeh.

d)

Wong sabar babar pisan ora bisa ngamuk.

34.

Penganggone unggah-ungguh basa jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku ....

a)

Sakmenika kula badhe siram rumiyin, bibar ngaten dhahar kaliyan panjenengan.

b)

Buku-buku ingkang wonten griyanipun Pak Hardi menika sedaya kagungan kula.

c)

Amargi Bu Anita dinten menika taksih sakit, panjenenganipun boten saget dugi

d)

Payung ingkang dipunasta dening Pak Hartanto menika kalawau gadhahan kula.

35.

Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu basa rinengga yaiku ....

a)

Anggenipun tindak kesusu banget.

b)

Majua sayuta ngarsa sakethi wuri.

c)

Wong iku olehe lara ora bisa waras

d)

Badhe dipunkapakaken namung manut