WorksheetsPTS Basa Jawa Kelas 8 Semester 2
Total questions: 40
Worksheet time: 37mins
Kajawi saking punika, kula badhe matur bilih ing sasi ngajeng punika kula wonten dinten libur. Amargi saking punika, manawi dipun keparengaken Bapak saha Ibu, kula badhe wangsul dhateng nganjuk. Mila manawi Bapak saha Ibu pinuju kagungan saha renaning penggalih kula nyuwun dipun kentun dhuit kagem sangu mulih menyang nganjuk. Pethikan paragraf kasebut kalebu . . . .
Bebuka
Surasa basa
Wasana Basa
Peprenah
Sembah sungkem, Kanthi layang punika aku ngaturaken kabar bilih kawontenan kula wonten ing Surabaya ginanjar wilujeng boten wonten rubeda satunggal punapa, ingkang tansah kula suwun mugia Bapak saha Ibu wonten ing mriki mekatena ugi, amin. Pethikan teks layang kasebut kalebu bagian layang yaiku . . .
Papan lan titi mangsa
Peprenah
Surasa basa
Bebuka
Kula kinten cukup semene atur kula, bokmanawa wonten galap gangsuling atur, keng putra njaluk agunging samudra pangaksami, Nuwun. Pethikan teks layang kasebut kalebu bagian layang, yaiku . . .
Bebuka
Surasa basa
Wasana Basa
Peprenah
Layang kasebut durung urut, coba urutna layang kasebut adhedhasar strukture kanthi bener....
1-2-3-4-5-6-7
7-6-5-4-3-2-1
7-3-5-2-6-1-4
4-1-6-2-5-3-7
Ibu tuku jarit ing pasar gedhe. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus dadi ....
Ibu tumbas nyamping ing peken ageng.
Ibu mundhut sinjang ing peken ageng.
Ibu mundhut nyamping dhateng peken ageng.
Ibu tumbas sinjang dhateng peken ageng.
“Minggu wae mengko bukuku takjupuke dhewe”. Ukara kasebut diarani ukara ...
Andharan
Pitakon
Sananta
Pakon
Pakdhe nulis surat kanggo dhik Rina. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama inggil....
Pakdhe nyerat layang kagem dhik Rina.
Pakdhe nyerat surat kagem dhik Rina.
Pakdhe nulis layang kagem dhik Rina.
Pakdhe nyerati layang kangge dhik Rina.
Kajawi saking punika ,kula ugi ngaturi pirsa bilih kang putra sampun angsal padamelan ing pabrik garmen. Pramila kang putra nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi anggen kula nyambut damel saged lancar. Ing wulan punika kang putra dereng saged wangsul amargi taksih dados karyawan enggal. Mugi-mugi wulan ngajeng kula saged wangsul nuweni bapak kaliyan ibu. Pethikan layang kasebut kalebu . . .
Wasana basa
Bebuka
Peprenah
Surasa basa
Layang kasebut kalebu jenis layang . . . .
Pribadi
Ulem
Lelayu
Dhawuh
Saka layang kasebut, struktur layang peprenah yaiku . . .
A
B
F
G
Layang pribadhi uga diarani layang....
iber-iber
ulem
lelayu
paturan
"Sur, piye kabarmu ing Jakarta? Wis suwe ora keprungu kabarmu. Aku tansah ndedonga muga-muga sliramu lan kluargamu tansah sehat wal'afiat."
Pethikan teks layang ing dhuwur klebu ing perangan....
Pambuka
Surasa
Wasana
Adangiyah
Ing ngisor iki kang klebu ing jini layang resmi yaiku....
Layang ulem lan layang paturan
Layang paturan lan layang dhawuh
Layang lelayu lan layang kitir
Layang dhawuh lan layang pribadhi
Budi nulis layang kanggo Budhene ing Palembang. Perangan paprenah kang bener kudune ditulis....
Keng putra
Saking siswa
Saking ponakan
Keng wayah
Perangan layang pribadhi kang ngandharake atur panuwun lan atur pangapura tumrap kalepatan menawa ana tembung kang kurang tata trapsila utawa nyinggung pangrasa sing dikirimi layang, yaiku....
Adangiyah
Papan lan titimangsa
Tapak asma
Wasana
Ing ngisor iki kang nuduhake tegese layang kitir kang bener yaiku....
Layang kang strukture jangkep ana wolu
Layang kang isine mung singkat wae
Layang kang ngandharake warta kepaten
Layang kang menehi informasi
Perangan kang mbedakake antarane layang pribadhi karo layang paturan yaiku...
perangan adangiyah
perangan peprenah
perangan kop lan no.surat
perangan tapak asma
"Sembah pangabekti kula katur dhumateng Bapak Ibu ing Ngawi"
Pethikan ing dhuwur klebu perangan...
adangiyah
asma jangkep
wasana
surasa
Miturut jinise layang diperang dadi...
3
4
5
6
Bapak nulis layang kagem Simbah. Tembung "nulis" benere...
nyerat
nyungging
maos
kesah
Tembang macapat kalebu kasusatran Jawa gagrag......
anyar
modern
tengahan
tradhisional
Paugerane tembang macapat kang ngandharake cacahing wanda (suku kata) yaiku....
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru sastra
Tembang macapat kang nggambarake rasa tresna marang liyan (priya lan wanita) yaiku.....
maskumambang
kinanthi
asmaradana
dhandhanggula
Yen wis kacukupan uripe banjur tuwuh rasa kanggo weweh marang liyan, iki pralambange tembang.....
kinanthi
durma
megatruh
pocung
Mungkur, kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka, yaiku pralambang tembang....
pangkur
sinom
maskumambang
mijil
Paugeran tembang macapat kang nedahake cacahe larik saben sapada diarani....
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
guru swara
Tibaning swara ing pungkasane gatra diarani....
guru wilangan
guru lagu
guru gatra
guru sastra
Tembang macapat kang ateges dikanthi utawa dituntun supaya bisa ngambah panguripan ing donya yaiku....
maskumambang
kinanthi
mijil
sinom
Tembang macapat kang ateges bayi kang lair yaiku....
sinom
kinanthi
mijil
maskumambang
Kang kalebu tembang macapat yaiku....
durma, pangkur, padhang bulan
maskumambang, dhandhanggula, cublak suweng
mijil, kinanthi, pocung
sinom, maskumambang, jaranan
Sing diarani guru lagu yaiku...
cacahing gatra ing saben tembang
cacahing gatra saben sawanda
tibaning swara saben pungkasaning gatra
cacahing wanda saben sawanda
Watake tembang macapat Kinanthi yaiku...
asih asuh
prihatin, getun
luwes, manis
gandrung, prihatin
12i, 6a, 8i, 8a, yaiku paugeran saka tembang macapat...
Maskumambang
Mijil
Asmarandana
Pocung
cacahing wanda saben sagatra arane...
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru wanda
Prihatin, getun yaiku watak saka tembang macapat ...
gambuh
sinom
dhandhanggula
megatruh
Nembang macapat kuwi bisa kepenak dirungokake mawa pas karo titilarase. Sing dikarepake titilaras yaiku ...
pedhotan
cengkok
notasi
cakepan
12u, 6a, 8i, 12a, yaiku paugeran saka tembang macapat ...
Pocung
Maskumambang
Megatruh
Gambuh
tembang macapat sing duweni guru gatra 4 yaiku ...
Sinom
Dhandhanggula
Maskumambang
Asmarandana
tembang Macapat sing duweni watak wantah yaiku ...
Durma
Pocung
Mijil
Sinom
Tembang macapat kuwi mujudake karya sastra kang lumrahe ditulis nganggo basa ...
Rinengga
Krama
Ngoko
Garba
