NEW
Font size
WorksheetsUnggah Ungguh Basa Kelas 6
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Ukara sing nganggo basa ngoko kabeh (ora dicampuri krama inggil diarani ... .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Ukara sing nganggo Basa Ngoko dicampuri krama inggil diarani ... .
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Basane awujud krama ora dicampuri krama inggil diarani ... ,
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Ukara sing basane diarani basa krama inggil yaiku ... .
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Basa ngoko lugu biasane dienggo omong-omongan ... .
A. Bocah karo bocah
B. Bocah karo wong tuwo
C. Podho tuwone
D. Murid marang guru
Basa ngoko alus biasane dienggo kanggo ... .
A. Wong tuwo marang sing luwih enom nanging drajade wis luwih dhuwur
B. Wong tuwo marang anake
C. Anak marang bapak ibune
D. Wong sapadha-padha
Basa karma lugu biasane digunakake … .
A. Wong sapadha-padha kang durung tepang / kurang raket
B. Dening murid marang gurune
C. Dening ibu marang anake
D. Dening guru marang murid-muride
Basa karma alus biasane digunakake … .
A. Wong sapadha-padha kang durung tepang / kurang raket
B. Dening murid marang gurune
C. Dening ibu marang anake
D. Dening guru marang murid-muride
Sing kalebu tuladhane Ngoko lugu yaiku … .
A. Panjenengan mengko bengi sida sare kene?
B. Sampeyan mangke dalu tamtu tilem mriki?
C. Kowe mengko bengi sida turu kene?
D. Panjenengan mangke dalu tamtu sare ngriki?
10. Sing kalebu tuladha Ngoko Alus yaiku … .
A. Panjenengan mengko bengi sida sare kene?
B. Sampeyan mangke dalu tamtu tilem mriki?
C. Kowe mengko bengi sida turu kene?
D. Panjenengan mangke dalu tamtu sare ngriki?
Sing kalebu tuladha Krama Lugu yaiku … .
A. Yen ora gelem teka dhewe, ya ora usah diwenehi
B. Yen ora kersa rawuh dhewe, ya ora usah dicaosi
C. Yen mboten kersa rawuh piyambak, mboten usah dipuncaosi
D. Yen mboten purun dugi piyambak,mboten usah dipunsukani
Sakjane Pak Agus mau wis kondur nanging ora ngasta titihan.
Tuladha ing dhuwur kalebu basa … .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Yen ora ana alangan kowe mengko taksusul mrene.
Tuladha ing dhuwur kalebu basa … .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Menapa panjenengan ingkang asma ustadzah Bety?
Tuladha ing dhuwur kalebu basa ... .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Kula mangke sowan dhateng dalem sampeyan kaliyan rayi.
Tuladha ing dhuwur kalebu basa ... .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Sawise maca Al Qur'an, Ust. Efendi terus sholat.
Yen didadekake basa krama alus yaiku ... .
A. Sesampunipun maos AlQur'an, Ust. Efendi lajeng sholat.
B. Sesampunipun maca AlQur'an, Ust. Efendi lajeng sholat.
C. Sesampunipun maos AlQur'an, Ust. Efendi langsung sholat.
D. Sesampunipun maca AlQur'an, Ust. Efendi langsung sholat.
Ust. Rohmat arep lunga menyang masjid.
Tembung sing ditulis miring, basa krama sing bener yaiku ... .
A. kesah
B. tindak
C. budhal
D. numpak
Sakderengipun sholat, pak Irul adus rumiyen.
Tembung sing ditulis miring, krama sing bener ... .
A. adus
B. dahar
C. siram
D.ngunjuk
Sakderengipun turu simbah maos Al Qur'an.
Tembung sing ditulis miring, benere ... .
A. sare
B. wungu
C. tangi
D. tilem
Tembung ing ngisor iki kelebu basa krama alus yaiku ... .
A. Abang, pethak, ireng
B. Abrit, putih, cemeng
C. Abang, putih, cemeng
D. Abrit, pethak, cemeng
