wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Pranatacara

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang boten kalebet DASANAMA skaing tembung Pranatacara inggih menika ....

a)

Paniti Laksana

b)

Pambiwara

c)

Pangripta Wara

d)

Pambagyaharja

e)

Juru Acara

2.

Sarat baku pranatacara inggih menika Wicara, Wiraga, Wirama, Wirasa lan Wibasa.

Swanten kedah cetha lan boten celat, kalebet ing ....

a)

Wiraga

b)

Wibasa

c)

Wirama

d)

Wirasa

e)

Wicara

3.

Ing salebeting Pranatacara, kedah nggatosaken Tata Busana lan tata Rias. Bab menika kalebet wonten ing ....

a)

Wiraga

b)

Wibasa

c)

Wirasa

d)

Wicara

e)

Wirama

4.

Wonten maneka warna jinising Pranatacara. Menawi kanthi cara ekstemporan inggih menika ....

a)

kanthi cara dadakan

b)

kanthi cara apalan

c)

kanthi cara mbekta cathethan cekak

d)

kanthi cara impromptu

e)

kanthi cara maos teks

5.

Pranatacara kedah saged ngadi sarira lan ngadi busana, ukara menika jumbuh kaliyan unen-unen...

a)

ajining raga gumantung ing busana

b)

ajining awak gumantung ing tumindak

c)

ajining mustaka gumantung saka wibawa

d)

ajining diri gumantung ing lathi

e)

ajining badan gumantung saka dandan

6.

Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...

a)

pocapan cetha, las-lasan, boten blero

b)

solah bawa trapsila lan empan papan

c)

busananipun sae, resik

d)

pilihaning tembung sae

e)

andhap inggilipun swara boten namung ajeg

7.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, saha pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu, para kadang sepuh anem ingkang sinuba ing pakurmatan.

Pethikan teks ing nginggil kalebet perangan atur purwaka ing babagan...

a)

Uluk salam

b)

Pakurmatan marang tamu

c)

Puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung

d)

Ngaturaken ayahan utawi jejibahan

e)

Ngaturaken wujuding gati

8.

Kagatosna pethikan teks ing ngandhap menika!

Ing pangajab mugi-mugi samangkih lampahing adicara menika, saged rancag wiwit purwa madya dumugi wasana, tinebihna saking rubeda nir ing sambekala. Tegesipun tembug rancag sami kaliyan...

a)

Rampung cepet

b)

Bubrah

c)

Semrawut

d)

Cekak aos

e)

Gangsar

9.

Sarat laku pranatacara iku ana pitung perkara sing diarani...

a)

Saptama Pangolahing Raga

b)

Saptama Pambawa Raga

c)

Saptama Pangajak Raga

d)

Saptama Pangolahing Rasa

e)

Saptama Pangguna Rasa

10.

Malaghawa kuwe salah sijining sarat lakune pranatacara sing tegese....

a)

Nyandhang penganggo sing trep

b)

Trampil kepara trengginas,cag ceg, lancar,gancar

c)

Ngadeg jejeg

d)

tanggap ing sakabehe swasana

e)

Luwes mrabawani