wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PACELATHON

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Simbah: “Nang, Danang, ngeneh sedhela!”

Danang: “Wonten punapa, Mbah?”

Simbah: “kiye layange aturna kanggo Pakdhe Kasno, ya!”

Danang: “Pakdhe Kasno ingkang dalemipun wonten ing Dhusun Sekayu menika, Mbah?”

Simbah: “Iya, Nang. Layang kiye wigati banget. kiye uleman saka Koperasi Tani, babagan sosialisasi rega pupuk”

Danang: “Inggih, Mbah, mangke kula paringaken.

  1. sing omahe ana Dhusun Sekayu yakuwe ....

a)

Tani

b)

Simbah

c)

Danang

d)

Pakdhe Kasno

2.

Gatekna pacelathon kiye!

Pak Brata : “Apa kowe nggoleki Tuti? Entenana sedhela tak undangake Tuti. Bocahe ki lagi ngrewangi biyunge olah-olah.”

Siti : “....”

Menawa Siti bocah kang ngerti unggah-ungguh, wangsulane Siti becike ...

a)

“Inggih, Pak. Kula entosi. Sampun kedangon lo, Pak.”

b)

“Sampun lah, Pak. Boten usah ditimbali!”

c)

“Nah, ngaten ta, Pak, dipuntimbali saniki.”

d)

“Inggih, Pak. Kula tengga. Matur nuwun.

3.

Mangke ndalu wonten griyanipun Budi wonten slametan. Budi dipundhawuhi bapak supados ndhawuhi Pak Kyai rawuh.” Budi anggone matur kang trep becike ...

a)

“Pak Kyai, mangke ndalu dhateng wonten griya kula saprelu slametan nggih!”

b)

“Pak Kyai kasuwun teka wonten griya kula saprelu mandhegani slametan.”

c)

“Pak Kyai kasuwun rawuh wonten dalemipun kula saprelu ngrawuhi slametan.”

d)

“Pak Kyai kasuwun rawuh wonten griya kula saprelu mandhegani slametan.”

4.

Adhik wangsul sekolah banjur wisuh nyandhak kendhi arep ngombe. Semana uga Simbah ingkang ngelak arep ......... teh anget. Tembung kanggo ngganepi ukara kasebut manut unggah-ungguhe yaiku ….

a)

nginum

b)

ngunjuk

c)

ngombe

d)

dhahar

5.

Kardi nembe madosi dalemipun Bu Guru Endah. Amargi boten mangertos dalemipun, Kardi banjur nyuwun pirsa dhumateng salah sijining tukang ojek. Ukara kang trep diaturake dening Kardi yakuwe ....

a)

“Nyuwun pangapunten, Pak! Kepareng badhe tanglet, dalemipun Bu Endah sisih pundi nggih?”

b)

“Nyuwun pangapunten, Pak! Kepareng nyuwun pirsa, dalemipun Bu Endah sisih pundi nggih?”

c)

“Nyuwun pangapunten, Pak! Kepareng nyuwun pirsa, griyanipun Bu Endah sisih pundi nggih?”

d)

“Nyuwun pangapurane, Pak! Kinten-kinten dalemipun Bu Endah sisih pundi nggih? Nuwun!”

6.

Coba temtokna ukara iki bener utawa luput manut paugeran unggah-ungguh basane! Yen pranyata bener, centhangen Bener (B), yen luput centhangen Luput (S)

Bu Budi : “Jenengmu sapa, Le?”

Arya : “Asma kula Arya, Bu.”

a)

BENER

b)

LUPUT

7.

yeni : “Badhe mundhut menapa, Bu?”

Ibu : “Arep tuku beras, Ndhuk!”

a)

LUPUT

b)

BENER

8.

Sardi : “Bu, kula dakkondur riyin nggih!”

Bu Guru : “Lah, durung bel kok wis bali. Mengko dhisik, Mas!”

a)

BENER

b)

LUPUT

9.

Lina : “Pak, kalawau dipunpadosi Pak Danu.”

Bapak : “Ana pesen apa, Ndhuk?”

Lina : “Wonten ulem, kapurih rapat wonten bale desa.”

a)

BENER

b)

LUPUT

10.

Pak Bardi : “Nduwe ingon-ingon apa ing omah, Bud?”

Budi : “Kula kagungan ulam, Pak?”

Pak Bardi : “Iwak apa?”

Budi : “Nila kaliyan Patin mawon, Pak!”

a)

LUPUT

b)

BENER