WorksheetsUH GEGURITAN
Total questions: 21
Worksheet time: 36mins
Sing nganggit geguritan ing dhuwur yaiku ...
Jaohari siswa SMKN 24 Kaltim
Jaohari siswa SMAN 24 Jaktim
Jaohari siswa SMKN 24 Jaktim
Jaohari siswa SMAN 24 Jatim
Jaohari siswa SMKN 24 Jatim
Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada, saben pada dumadi saka ... gatra.
2, 5
3, 5
3, 4
2, 4
4, 2
Manut geguritan ing dhuwur apa sebabe manungsa ora bisa ngrasakake lan ora bisa nggatekake?
Amarga sejatine sakabehe manungsa iku mung saderma.
Amarga sejatine sakabehe manungsa iku nduweni luput.
Amarga sejatine sakabehe manungsa iku mung titah kang ora bisa endha.
Amarga sejatine sakabehe manungsa iku yen kagubet bisa ngudhari.
Amarga sejatine sakabehe manungsa iku yen kagubet ora bisa ngudhari.
Maknane ukara "menawa kagubet tan bisa ngudhari" ing geguritan kasebut yaiku ...
kagubet prakara utang
kagubet prakara pagaweyan
kagubet prakara masalah urip
kagubet prakara kluwarga
kagubet prakara sosial bebrayan
Tegese ukara "ora akeh manungsa bisa nguwasani" ing geguritan kasebut nguwasani ing babagan ...
ketrampilan olah basa
ketrampilan oleh kanuragan
ketrampilan olah kaprawiran
ketrampilan olah kagunan senin
ketrampilan ing babagan wirausaha
Tegese tembung pangajab ing geguritan kasebut yaiku ...
pangaji-aji
pangudi-udi
pangarep-arep
pangantu-antu
panyayang-sayang
Tegese tembung endha ing geguritan kasebut yaiku ...
ngalih
selak
lunga
cepet
waras
Manut geguritan ing dhuwur sejatine saben manungsa duwe ...
kapinteran
gegayuhan
pangajab
jiwa wirausaha
jiwa kepahlawanan
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ...
ora kaiket paugeran tartamtu
lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
guru lagune pinathok
isih ngugemi anane guru wilangan
Ing ngisor iki sing ora kalebu bab sing kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku ...
negesi tembung sing angel
nggoleki maknane ing saben gatra
nggathukake maknane ing saben pada
nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh
ngrasakake kekarepane geguritan lan njlimeti asmane panggurit
Ing ngisor iki sing ora kalebu tata cara nggancarake geguritan yaiku ...
ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana)
ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni
munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe/tegese
maca geguritan dibolan-baleni nganti bisa ngrasakake lan mangerteni maknane geguritan
menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung liyane supaya geguritan gampang dimangerteni
Ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning geguritan diarani ...
intonasi
jeda
wirama
pocapan
gancaran
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ...
mangerteni isine geguritan sing arep diwaca
ngrasakake isi lan kekarepane geguritan
nggatekake pocapan lan wiramane
bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
nggatekake asma lan latar belakang panggurite
Kepenak orane sajroning ngrungokake geguritan iku gumantung marang ...
dawa cendhake geguritan
kaprigelan wong sing maca
amba ciyute panggonan maca
akeh sethithike wong sing ngrungokake
iringan musik sing mbarengi maca
Supaya bisa mengerteni isine geguritan, mula sing kudu ditindakake yaiku ...
bisa nggawe geguritan
negesi tembung-tembung
maca kanthi mimik kang trep
pocapan kudu cetha
nalika maca kudu nduweni ekspresi
Geguritan iku kanggo gampange uga diarani ...
kakawin Jawa kuna
kidung Jawa pertengahan
tembang macapat
tembang campursari
puisi Jawa modern/gagrak anyar
Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku ...
Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.
Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/ dilagokake
Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Tembang macapat iku ora duweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab ab
Kalebu ing struktur batin geguritan, yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
imaji lan busananing basa
diksi lan imaji
majas lan rasa
//gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ing ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang endah//
Kutipan geguritan ing dhuwur nggunakake imaji ....
paningal
pangrasa
pangrungu
panindak
pandeleng
//aja nangis anakku/ ibumu isih lunga/ sedhela maneh teka/ aja nangis, anakku/ umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/ dakparani//
Ing geguritan iku, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
tangga
//aja nangis anakku/ ibumu isih lunga/ sedhela maneh teka/ aja nangis, anakku/ umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/ dakparani//
Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ...
wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, amarga kangen ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong
ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana
anak lagi kangen marang bapak lan ibune kang nyambutgawe ing lor kali
