wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS GANJIL BAHASA JAWA KELAS IX

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

2.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.


Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing......

a)

Peduli marang kalestarene lingkungan

b)

Peduli marang bocah-bocah sing mlarat

c)

Ora seneng karo kalestarene lingkungan

d)

Kepingin dadi sekolah taraf internasional

3.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005.

Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang kalestarene lingkungan. Pembiji ngenani sekolah adiwiyata mawa lelandhesan patang ukuran, yaiku pengembangan kebijakan sekolah peduli dan berbudaya lingkungan, pengembangan kurikulum berbasis lingkungan, pengembangan kegiyatan berbasis partisipatif, lan pengelolaan dalasan pengembangan sarana pendukung sekolah.


Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang........

a)

Kalestarene lingkungan

b)

Prestasi non akadhemik

c)

Kalestarene akadhemik

d)

Pendhidhikan budi pekerti

4.

Kang pinarcaya minangka dutaning Ramawijaya menyang kraton Alengka yaiku ….Kang pinarcaya minangka dutaning Ramawijaya menyang kraton Alengka yaiku ….

a)

Anoman

b)

Anggada

c)

Sugriwa

d)

Anila

5.

Ramawijaya tindhak mbebedhag kewan ing alas. tembung "Mbebedhag" tegese ....

a)

mburu

b)

nembak

c)

tuku

d)

manah

6.

Rahwana kepingin ndhusta Sinta.. tembung "Ndusta" tegese ....

a)

ngapusi

b)

nyolong

c)

dolan

d)

marani

7.

Anoman dadi duta Ramawijaya. tegese tembung "Duta" yaiku ....

a)

rewang

b)

utusan

c)

pilihan

d)

jagoan

8.

Anoman ngaturake ali-aline Sri Rama menyang dewi Sinta.. Tembung ali-ali tegese ....

a)

cincin

b)

kalung

c)

gelang

d)

konde

9.

Gambar wayang Anoman :

a)
b)
c)
d)
10.

Dewi Shinta didhusta/dicolong dening....

a)
b)
c)
d)
11.

Garwane Dewi Shinta yakuwe....

a)
b)
c)
d)
12.

Prabu Rahwana uga diarani....

a)

Ramawijaya

b)

Kumbakarna

c)

Sugriwa

d)

Dasamuka

13.

Anoman konangan wadya bala Rahwana, nuli dirangket lan kapatrapan ukuman arupa arep di .... ing alun-alun Ngalengka.

a)

tembak

b)

obong

c)

panah

d)

siksa

14.

Prabu Rama lagi duka merga Dewi Shinta, garwane, didustha nang Rahwana.

maknane tembung kang dicetak miring yakuwe

a)

dilomboni

b)

diculik

c)

dilarani

d)

diapusi

15.

Anoman karo Anggada kuwe paraga sing wujude wanara. Tembung wanara tegese pada karo ....

a)

menungsa

b)

dewa

c)

kethek

d)

buta

16.

ana ing cerita Ramayana Anoman Duta, sapa paraga kang duweni sifat Antagonis

a)

Prabu Rama

b)

Kidang Kencana

c)

Lesmana

d)

Rahwana

17.

Sing diarani Plot utawane alur sak jroning crita iku tegese

a)

pokok sing dadi wigatine tukang ngarang karya sastra neng njero

b)

Urutan kadadean kang ana ing njero lakon crita

c)

cara tukang ngarang sastra nggambarna watak paraga

d)

posisine pengarang nalika ngawa isi crita.

18.

Anoman konangan wadya bala Rahwana, nuli dirangket lan kapatrapan ukuman arupa arep di .... ing alun-alun Ngalengka.

a)

tembak

b)

obong

c)

panah

d)

siksa

19.

Nang wetan keton cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup – ungup nang pucuke arga. Anoman puteg pikire sebab urung ketemu sing diupadi


setting wektu saka pratelan cerita ing nduwur yakuwe

a)

esuk

b)

awan

c)

sore

d)

bengi

20.

Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula ing ngisor iki.

"Yogyanira kang para prajurit,"

Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....

a)

8e

b)

7u

c)

10i

d)

10a

21.

Cacahing gatra saben sapada diarani .....

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

guru gatra

d)

pada

22.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

pada

d)

guru gatra

23.

Jinise tembang macapat iku ana….

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

24.

Tembang jawi miturut pathokan kayata ...

a)

guru gatra, guru lagu, guru musik

b)

guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

guru wilangan, guru gatra, guru wanda

d)

guru wanda, guru gedhe, guru alit

25.

Sakjroning tembang utawi sekar menika ngemot bab-bab ing ngisor iki, kecuali ...

a)

pitutur-pitutur saking para pinisepuh

b)

budhi pekerti

c)

olah bathin sakjroning kahuripan manungsa

d)

panglipur ati sing sedhih

26.

Ing sandiwara bahasa Jawa iku sing kudu digatekake sakliyane dialog yaiku pilihan tembung. Pilihan tembung iku uga diarani.....

a)

Mentes

b)

Diksi

c)

Fiksi

d)

Non Fiksi

27.

Menawa gawe dialog ing sandiwara basa Jawa kudu mangerteni....

a)

Unggah ungguh

b)

Pilihane kalimat

c)

Pilihane tembung

d)

Gedhe cilike artine

28.

.......minangka underaning prakara sing kudu diudhari.

a)

Watak

b)

Alur

c)

Setting

d)

Tema

29.

Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi loro yaiku

a)

Protagonis lan prosigonis

b)

Protagonis lan antagonis

c)

Vertagonis lan Irvigonis

d)

Antagonis lan fiksigonis

30.

Sing diarani setting yaitu....

a)

Papan panggonan

b)

urutan crita

c)

paraga

d)

ringkesan

31.

Paraga protagonis yaiku paraga kang......

a)

ala wateke

b)

galak wateke

c)

becik wateke

d)

apik rupane

32.

ing crita drama utawa sandiwara kudu ana sing diarani...supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Tragedi

b)

Urutan

c)

Alur

d)

Konflik

33.

Paraga kang nduweni watak ala diarani paraga.....

a)

Antagonis

b)

Protagonis

c)

Fiksigonis

d)

Metagonis

34.

Ing sandiwara , pengarang kudu menehi pesan moral marang wong sing maca crita drama. Pesan moral mau kasebut.....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Amanat

d)

Setting

35.

Perangan awal saka sawijining sandiwara sing biasane digunakake kangge nyeritakake gambaran sandiwara sing arep dimainke kanthi cara umume diarani....

a)

Prolog

b)

Dialog

c)

Epilog

d)

Monolog

36.

Ing ngisor iki kalebu unsur ekstrinsik drama/sandiwara kejaba,....

a)

Latar Belakang Pangripta/Pengarang

b)

Psikologis Pangripta

c)

Setting/Latar

d)

Kawontenan Sosial Budaya

37.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

38.

Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?

a)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh

ora?

b)

Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?

c)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik

dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?

d)

Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh

melu piknik?

39.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

40.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

41.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

42.

Kowe maeng apa uwis mangan?

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

43.

Kula sampun mbeta seratipun, Pak.

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....

a)

Aku ora gawa apa-apa, Pak

b)

Aku wis gawa serat, Pak

c)

Aku wis gawa surate, Pak

d)

Aku ora gawa surate, Pak

44.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

45.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

nedha

d)

dhahar

46.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

47.

Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi

Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Ngombe, nginum, ngunjuk

b)

Nginum, nginum, ngunjuk

c)

Ngombe, ngombe, ngombe

d)

Nginum, nginum, ngunjuk

48.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, dhahar

d)

Dhahar, nedha

49.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

50.

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....

a)

wangsul

b)

kondur

c)

tindak

d)

kesah