wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH tembang pangkur lan Crita cekak

Total questions: 30

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Cacahing gatra (baris) saben pada (bait) diarani guru ...

a)

Gatra

b)

lagu

c)

Sastra

d)

wilangan


e)

Swara

2.

Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha diarani ...

a)

dhandhanggula

b)

pangkur

c)

mijil

d)

sinom


e)

kinanthi

3.

Titikane guru gatra, guru wilangan lan guru lagu tembang macapat pangkur yaiku ....

a)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


e)

12u, 6a, 8i, 12a

4.

Serat wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara kaping sekawan minangka salah siji karya sastra kang awujud tembang. Tembung “wedhatama” tegese ....

a)

ajaran luhur kanggo mbangun bale wisma

b)

ajaran luhur kanggo para raja

c)

ajaran kanggo manembah marang gusti

d)

ajaran luhur kanggo mbangun budi pakerti


e)

ajaran supaya slamet uripe

5.

Ukara tembang pangkur ing gatra 2 “Akarana karenan mardisiwi” tegese ....

a)

karana seneng pendhidhikan

b)

karana remen putra putri

c)

karana remen ndhidhik putra putri

d)

karana kedah nggulawentah putra putri

e)

karana manungsa remen pendhidhikan kang sae

6.

Pretelan (penggalan) kang ateges ngadohi sawenehe tumindak kang ala yaiku ...

a)

Mingkar-mingkur ing angkara

b)

Akarana karenan mardisiwi

c)

Mrih kretarta pakarting ngelmu luhung

d)

Sinawung resmining kidung

e)

Agama ageming aji

7.

Pretelan (penggalan) kang nudhuhake manungsa iku luwih dhuwur drajate saka titah liyane amarga duwe kepercayan yaiku ...

a)

Mingkar-mingkur ing angkara

b)

Akarana karenan mardi siwi

c)

Mrih kretarta pakarting ngelmu luhung

d)

Sinawung resmining kidung

e)

Agama ageming aji

8.

Serat Wedhatama iku dikarang dening ...

a)

Mangkunegaran III

b)

Pakubuwana IV

c)

Hamengkubuwana IV

d)

Pakunagaran VI

e)

Mangkunegara IV

9.

Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot cacahing larik saben sapada yaiku......

a)

guru sastra

b)

harga basa

c)

guru lagu

d)

guru wilangan

e)

guru gatra

10.

Paugeran ing tembang Pangkur iku nduweni pathokan guru wilangan….

a)

8, 12, 8, 7, 11, 8, 8

b)

8, 11, 7, 8, 11, 8, 8

c)

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

d)

7, 11, 8, 7, 12, 8, 8

e)

7, 12, 8, 7. 11, 8, 8

11.

Tembang Pangkur miturut paugeran ( aturan ) nduweni watak….

a)

Asih, prihatin, wetuning rasa, gandrung

b)

Sereng, kejem, nantang, nepsu, gandrung, trengginas

c)

Seneng, tresna, asih, kasmaran


d)

ethes, prasaja, canthas, grapyak, renyah lan luwes

e)

nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih

12.

Pralambang kang diduweni Tembang Pangkur , yaiku….

a)

Nggambarake manungsa yen isih enom tumindake mung sakarepe dewe ora tau nganggo petungan

b)

Nggambarake manungsa wis bisa ngadohi tumindak kang ora becik lan kang dipikirake amung kaslametan akhirat

c)

Nggambarake manungsa sing isih bocah tumindake grusa-grusu

d)

Nggambarake manungsa sing wis wiwit kasengsem marang para muda liyane kang ditindakake supaya bisa narik kawigatene liyan

e)

Nggambarake nalika arep nglairake anak pramila among duwe rasa was-was lan tansah kuwatir

13.

Panulise tembung ing ngisor iki kang bener, yaiku ....

a)

tukul

b)

dada

c)

bathuk

d)

lati

e)

dengkul

14.

Tembung kidung nduwe teges ....

a)

ngedohi, endha

b)

seneng

c)

tembang

d)

amarga

e)

mulang

15.

Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan ( dhong dhing ) saben sagatra, yaiku ....

a)

Guru sastra

b)

Guru basa

c)

Guru lagu

d)

Guru wilangan

e)

Guru gatra

16.

Ing struktur Crita Cekak , sing nduwe teges “ gagasan penting sajroning crita” yaiku…

a)

Tema (underan )

b)

Alur / Plot

c)

Paraga

d)

Latar / Setting

e)

Amanat

17.

Sing nduwe teges “ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita” yaiku…

a)

Tema ( underan )

b)

Alur / Plot

c)

Paraga

d)

Latar / Setting

e)

Amanat

18.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....

a)

Panguripan sabendina

b)

Epos Ramayana-Mahabarata

c)

Prastawa sejarah

d)

Kedadean sajerone kraton

e)

Kedadean apa anane

19.

Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ....

a)

Basa baku

b)

Basa standar

c)

Dhialek lan idhiolek

d)

Lelawaning basa

e)

Basa padinan

20.

Pesen moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang ....

a)

Sing ngarang lan sing maca

b)

Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita

c)

Kahanan masyarakat kang kacarita

d)

Kahanan masyarakat wong kang maca

e)

Ing ngendi crita kasebut kawaca

21.

Ciri khas crita cekak, yaiku ....

a)

Migunakake alur flashback

b)

Munjerake marang siji kedadeyan

c)

Setting panggonan lan wektu akeh

d)

Prakara kang tuwuh ing crita rumit

e)

Kadadeyan sing dialami tokoh bola-bal

22.

sing ora termasuk unsur intrinsik cerkak yaiku ....

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

sudhut pandhang

e)

koda

23.

" Sidane ing bengi kuwi, najan wurung nikmati pasugatan ing resepsine Pak Kepala Dinas, nanging oleh ijol pasugatan sing ora oleh mirasa. Najan kanggo iku nimpuna Pardi kepeksa cucul dhuwit kanggo nraktir. Nanging tumrap nimpuna ora dadi apa, wong pancen wes diniyati".


tema sajroning crita yaiku ....

a)

kesehatan

b)

kekancan

c)

katresnan

d)

pendhidhikan

e)

kesripahan

24.

" Sidane ing bengi kuwi, najan wurung nikmati pasugatan ing resepsine Pak Kepala Dinas, nanging oleh ijol pasugatan sing ora oleh mirasa. Najan kanggo iku nimpuna Pardi kepeksa cucul dhuwit kanggo nraktir. Nanging tumrap nimpuna ora dadi apa, wong pancen wes diniyati".


Sudhut pandhang sajroning crita yaiku ....

a)

wong kapisan minangka paraga punjer

b)

wong katelu minangka paraga punjer

c)

wong katelu serba tau

d)

wong katelu minnangka pengamat

e)

wong kapisan minangka paraga sampingan

25.

ngisor iki titikane crita cekak yaiku, kejaba ....

a)

alure mung siji

b)

paraga sithik

c)

wose lelakon manungsa

d)

rampung diwaca sanalika lungguh

e)

nyritakake akeh prastawa

26.

tahapan alur crita yaiku, kajaba ....

a)

patepangan kahanan crita lan paraga

b)

mudune konflik

c)

rerampungan

d)

sedane paraga punjer

e)

tuwuhe konflik

27.

"Jam setengah siji kaya adhat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg poncot kidul Malioboro, sinambi ngetung penghasilane".


Ukara ing ndhuwur nudhuhake latar ....

a)

papan

b)

wektu

c)

wektu lan papan

d)

papan lan wektu

e)

papan lan kahanan

28.

"Ratih kuwi pawakane dhuwur, putih, lan mripate njedjer kothak".


Paraga Ratih digambarake lumantar ....

a)

fisike

b)

pachelathone

c)

tindakane

d)

bathine

e)

pikirane

29.

Unsur kang mbangun cerkak saka sajabane cerkak kang ngaribawani, diarani unsur...

a)

Sosial

b)

Ekstrinsik

c)

Instrinsik

d)

Pendukung

e)

Pendidikan 

30.

Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Nang ngisor kiye sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yakuwe....

a)

pendhidhikan panganggit

b)

sudhut pandhang

c)

kahanan politik

d)

ekonomi panganggit

e)

kapitadosan panganggit