NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 1mins
Raden Yudhistira iku putrane Pandhudewanata karo dewi ....
Madrim
Kunthi
Srikandhi
Drupadi
Yudhistira iku salah sijining tokoh wayang kang misuwur. Ing pagelaran wayang mligine wayang purwa. Wayang bisa ditancepkake ing ....
gabus
kothak wayang
kelir
debog
Duwe watak wicaksana, ora seneng mungsuhan, ora tau ngapusi, sabar lan jujur kuwi sifap/watak kang diduweni dening .....
Raden Janaka
Raden Werkudara
Raden Nakula
Raden Yudhistira
Sing ngandani manawa negara Mandura arep diserang dening prajurit saka Garbasumanda yaiku ....
Prabu Basudewa
Arya Prabu Rukma
Prabu Pandhu
Arya Widura
Negara Garbasumandha nyerang negara Mandura amarga ....
Arep ngrebut negara Mandura
Arep ngrebut tlatah Mandura
Arep ngrebut Dewi Maherah
Arep ngrebut Dewi Kunthi
Amarga negara Mandura arep diserang, Basudewa manjur njaluk pitulungan marang ....
Raden Yudhistira
Raden Janaka
Begawan Abiyasa
Prabu Pandhu
Sing ndawuhi Arya Widura menyang Wukir Retawu uga menyang Talkanda yaiku ....
Prabu Basudewa
Prabu Pandhu
Raden Janaka
Raden Yudhisthira
Kang dadi raja ing negara Garbasumandha yaiku ....
Patih Kaladruwenda
Garbacaraka
Arya Edrakusuma
Yaksadarma
Prajurit Garbasumandha perang karo prajutit ....
Mandura
Wukir Retawu
Astina Pura
Madukara
Kang nyulik Dewi Maherah yaiku ....
Ugrasena
Garbacaraka
Pandhu
Arya Widura
Raden Yudhistira iku satriya ing ....
Jodipati
Madukara
Amarta
Sawojajar
Raden Yudhistira nduweni pusaka kang awujud jamus utawa jimat sing jenenge ....
Pulanggeni
Rujakpolo
Pasopati
Kalimasada
Wusanane Prabu Pandhu bisa nyekel Gabacara kang ngrayah nggawa mlayu Dewi Maherah banjur digawa mulih menyang ....
Astina Pura
Mandura
Madukara
Amarta
Ing ngisor iki sing ora kalebu dasanamane raden Yudhistira yaiku ....
Dharmakusuma
Dharmawangsa
Dharmaraja
Dharmasuwita
Raden Yudhistira duweni garwa sing asmane ....
Dewi Srikandi
Dewi Drupadi
Wara Sembadra
Dewi Madrim
Raden Yudhistira nduweni pura kakung siji arane ....
Raden Abimanyu
Raden Antasane
Raden Pancawala
Raden Gatotkaca
Raden Yudhistira digambarake wong kang ludirane seta amarga ....
Saking gorohe uripe
saking baguse rupane
saking sucine uripe
saking mulyane uripe
Sak liyane Jamus Kalimasada, Raden Yuhistira nduweni pusaka kang awujud ....
keris
gada
panah
tumbak
Wayang purwa uga diarani wayang kilit amarga ....
digawe saki plastik
digawe saka kulit kewan
digawe saka bahan kain
digawe saka kayu
Wayang sing gawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa diarani wayang ....
purwa
beber
golek
gedog
Ing pagelaran wayang ana uba rampe. Uba rampe kang awujud tali tampar kanggo nggantung rericikane gamelan arane ....
pluntur
janget
blencong
kelir
Patih Kaladruwendra pejah dening panahe ....
Yudhistira
Arjuna
Pandhudewanata
Basudewa
Ing ngisor iki prabu kang asale saka Pancala yaiku ....
Duryudana
Salya
Drupada
Dursasana
Puntadewa utawa Yudhistira nduweni watak ing ngisor iki kajaba ....
ora seneng perang
sabar
goroh
jujur
Kang dadi pambarebe Pandhawa yaiku ....
Werkudara
Puntadewa
Janaka
Nakula
