Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Geguritan, Kinanthi, lan Ukara Pangajak

Total questions: 20

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

"Monggo budhe, pinarak mriki" (iku tuladha ukara...)

a)

panjaluk

b)

pangajak

c)

panuntun

d)

pitakon

2.

Ukara pangajak sing cocog gawe gambar iku ...

a)

Ayo Laras, sepedahan karo aku

b)

Ayo Laras, ngombe es disik

c)

Ayo Laras, ojo banter-banter mlakumu

d)

Ayo Laras, ndang mari nulismu

3.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

4.

Geguritan iku nang basa Indonesia diarani

a)

pantun

b)

puisi

c)

lagu

d)

sajak

5.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

6.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
7.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

8.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

9.

Guru lagu yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

10.

Watake tembang Kinanthi inggih menika ...

a)

galak

b)

tresna asih

c)

getun

d)

kasmaran

e)

nelangsa

11.

Guru lagu lan guru wilangan kang bener kanggo tembang Kinanthi yaiku....

a)

8u,8i,8a,8i,81,8a

b)

8a,8i,8a,8i,81,8a

c)

8u,8i,8a,8i,8a,8i

d)

8u,8i,7a,8i,8a,8i

e)

8u,8i,7i,8i,8a,8i

12.

Kinanthi pada 1


Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling


Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

e)

9

13.

Araning cacahing wanda saben gatra yaiku....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Pungkasan

14.

Kinanthi pada 1


Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling


Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....

a)

u,i,a,i,a,i

b)

u,a,a,i,a,i

c)

a,i,a,i,a,i

d)

u,i,a,i,a,a

e)

a,i,a,i,a,u

15.

Tembang Kinanthi iku isine bab ....

a)

cangkriman

b)

pitutur

c)

wangsalan

d)

paribasan

16.

Kinanthi liring pitutur

kenthang rambat menyan putih

awasna dipun pratela

noleha wirange wuri

cecangkok wohing kalapa

kang dadi pathoking urip


Tegese kenthang rambat yaiku ....

a)

pohung

b)

klapa

c)

tela

d)

cangkok

17.

Kinanthi liring pitutur

kenthang rambat menyan putih

awasna dipun pratela

noleha wirange wuri

cecangkok wohing kalapa

kang dadi pathoking urip


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu yaiku ....

a)

8a

b)

8u

c)

8i

d)

8o

18.

Dedalane guna lawan sekti


Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ...

a)

8u

b)

9i

c)

10a

d)

10i

19.

Ing ngisor iki ukara kang guru wilangane ana 12 yaiku ....

a)

mbangun turut marang wong tuwa

b)

sapa jujur mbesuke bakal luhur

c)

wis wajibe si murid sregep sinau

d)

saben dina rama ibu kang njaga

20.

cacahe tembang macapat ana ....

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12