wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Gasal Bahasa Jawa Dhialek Banyumasan Kelas 1 SD N BENTUL

Total questions: 25

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Bagas kambi Faizal weruh kethek nang ngalas. Kethek monine ....

a)

cek cek cek

b)

nguk nguk nguk

c)

wek wek wek

2.

Kaleng wadah astor gone Anin wis entong. Terus gigal. Monine ....

a)

jreng jreng

b)

krompyang

c)

byur byur

3.

Hanif dolan nggone Egi. Sewise salam. Hanif ndodog lawang. Monine ....

a)

dog doh dog

b)

tok tok tok

c)

teng teng teng

4.

Yeni duwe marmut. Marmut empane ....

a)

krupuk

b)

suket

c)

sega

5.

Bebeke Caca monine ....

a)

kukuruyuk

b)

pethok pethok petok

c)

kwek kwek kwek

6.

Djawa tangi sedurunge jago ....

a)

saba

b)

kluruk

c)

mangan

7.

Nafisa duwe babon sing lagi ngendhog. Babon monine ....

a)

pethok pethok petok

b)

guk guk guk

c)

pyek pyek pyek

8.

Assalamu'alaikum wr. wb.

Jenengku Agham.

Umurku 6 taun.

Omahku Bentul.

Cita-citaku dadi polisi.


Pira umure Agham ?.

(a)  

9.

Sugeng ndalu kanca kabeh.

Jenengku Varo.

Umurku 6 taun.

Aku seneng nggambar.

Cita-citaku dadi pelukis.


Apa cita-citane Varo ?

(a)  

10.

Salam kenal.

Jenengku Dika.

Omahku Bentul.

Aku ngajine bar ngasar.

Ora kelalen nganggo masker.


Nang ndi omaeh Dika ?

a)

Bentul

b)

Kebasen

c)

Banyumas

11.

mbok ya aja .... ana kandhang wae.

a)

mlaku

b)

ngetok

c)

mabut

12.

Aku kelebu woh-wohan.

Go bedhekan.

Aku pitik kewalik saba kebon.

Wernaku kuning.

Rasaku legi.

Aku jenenge ....

a)

salak

b)

nanas

c)

duren

13.

Rizky kambi Gibran ngobor jangkring nang sawah. Monine jangkrik yakuwe ....

a)

krik krik krik

b)

teyo teblung

c)

cuit cuit cuit

14.

Indah duwe mentog papat. Mentog pinter .... nang kali

a)

nglangi

b)

saba

c)

mlaku

15.

aku ngrewangi bapak ramban go empan ....

a)

iwak

b)

sapi

c)

manuk

16.

sapa jenengku ?.

aku monine piye piyek piyek.

aku lucu.

sikilku loro.

Kupingku ora ketok.

aku seneng mangan menir.

a)

pitik

b)

ayam

c)

babon

17.

angger bar layangan. revan kambi hafiz langsung wisuh ....

a)

tangan

b)

sikil

c)

rai

18.

Zata, Bianca, Alda dolanan sunda manda. Ora kelalen nganggo ....

a)

srendal

b)

sepatu

c)

masker

19.

Sapa aku ?.

Aku kelebu panganan.

Rasaku enak.

Bumbuku kacang.

Aku digawe sekang werna werna sayuran.

a)

pecel

b)

rujak

c)

pindang

20.

Mau awan Nejad kambi Alexsi sholat ... nang mesjid

a)

Jemuah

b)

Subuh

c)

Ashar

21.

jenengku iqbaal.

klambiku biru.

kathoku ijo.

aku seneng luring.

soale bisa sinau kambi mister,

lan bisa ketemu kanca batir.


apa warna kathoke iqbaal ?

(a)  

22.

jenengku kiyya.

aku belajare daring.

aku semangat nggarap tugas sekang mister.

aku duwe kanca akeh.

ica, nayla, ayu, rehan, bagas, lan akeh maning liyane.

aku kepingin ketemu kanca batir nang kebasen.

moga-moga bisa ketemu ya.


kancane kiyya sing lanang jenenge ?

a)

ayu lan bagas

b)

rehan lan nayla

c)

bagas lan rehan

23.

yuh pada ndonga lan maca shalawat ben korona cepet minggat. korone kuwe kewan ....

a)

virus

b)

penyakit

c)

wit witan

24.

Basa krama sing bener nang ngisor yakuwe ....

a)

Bu. nyuwun artone ge tumbas dir.

b)

Bu, nyuwun duwite go tumbas dir.

c)

Bu, nyuwun artone go tumbas dir.

25.

Angger weruh wong nini-nini arep nybrang nggili. Dewek kudune ....

a)

nuntun

b)

ndelengna

c)

menda menda ora weruh