wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN BASA JAWA TEKS DHESKRIPTIF & TEKS PROFIL TOKOH

Total questions: 15

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

Teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci diarani......

a)

Teks naratif

b)

Teks eksposisi

c)

Teks dheskriptif

d)

Teks wawancara

2.

Tujuwan teks deskriptif yaiku.......

a)

Nerangake lan njlentrehake objek kayata panggonan, barang, lsp. tumrap pamaca

b)

Nerangake lan njlentrehake cara kangge nggawe samubarang

c)

Nerangake lan njlentrehake objek kanthi gamblang lan kurang cetha

d)

Nerangake lan njlentrehake apa kang lagi dialami dening panulis

3.

Ana ing ngisor iki sing kelebu struktur teks dheskriptif arupa klasifikasi/dhefinisi yaiku...........

a)

Salah sawijine panggenan wisata sing ana ing Kutha Yogyakarta yaiku Parangtritis. Mligine, Parangtritis ana ing Kecamatan Kretek, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Pantai iki manggen kira-kira 27 km arah kidul Yogyakarta.

b)

Pemandhangan Pantai Parangtritis endah banget. Ing ing sisih kiwa, katon tebing sing dhuwur banget; ana ing sisih tengen awake dhewe bisa ndeleng watu karang sing gedhe, lan kaya-kaya siyap njaga tepangan ombak sing arepe teka saben wektu.

Parangtririts kanthi unthuk putih-putih kang ngandhut werna abu-abu lan campuran ijo katon endah banget. Kaendahan Parangtritis krasa sampurna ana ing wayah sore. Ing wayah sore, awake dhewe bisa ndeleng srengenge angslup. Kahanan kuwi sing ndadekake Prangtritis luwih endah lan nengsemake ana ing wayah sore.

Gambaran donya kang endah banget. Semburat werna abang keemasan ing langit kanthi gumilaping banyu laut kang kasorot dening srengenge wayah sore dadi pamandhangan sing nengsemake. Rasa anget kacampur karo lembute angin sore, rumasuk ana ing awak. Kaya-kaya awak dhewe dihipnotis mlebu ana ing gulungan ombak amarga ndeleng srengenge sing lagi angslup.

c)

Akehe wisatawan sing mesthi marani Parangtritis nggawe segara iki ora tau sepi dening wisatawan. Ana ing Parangtritis iki, awak dhewe uga bisa ndeleng grombolan bocah-bocah dolanan pasir.

d)

Tuwa mudha melu ngrasakake angin laut. Awakdhewe uga bisa numpak jaran utawa dhokar kang bisa nggawa awak dhewe ana ing panggenan karang laut sing endah.

4.

Ana ing pitakonan nomer 3, yaiku nyritakake ngenani............

a)

Ombak ing Parangtritis

b)

Srengenge wayah sore ing Parangtritis

c)

Kaendahan Parangtritis

d)

Kutha Yogyakarta

5.

Sing kalebu tembung aran yaiku........

a)

Watu, kabudayan, apik

b)

Adoh, watu, nyapu

c)

Pemandhangan, sapu, klambi

d)

Klambi, nulis, maca

6.

Sing kalebu swara /a/ jejeg yaiku.......

a)

Mara, pasar, sapa, ora

b)

Owah, obah, omah, sawah

c)

Sapa, tampa, lara, tela

d)

Tuma, kula, kalah, sepah

7.

Sing kelebu ngoko lugu yaiku........

a)

Aku arep tuku buku neng warunge Bu Sumi

b)

Ibu tumbas sayur ing pasar

c)

Bapak tindak Surabaya nitih kreta

d)

Tina ditimbali Pak Guru

8.

Ing ngisor iki sing panulisan tembunge bener yaiku......

a)

Krupok

b)

Wis

c)

Rambot

d)

Dhadi

9.

Urutan sing bener ngenani struktur teks profil tokoh yaiku.......

a)

Orientasi – reorientasi – prastawa

b)

Orientasi – komplikasi - reorientasi

c)

Orientasi – prastawa – reorientasi

d)

Orientasi – dhefinisi – prastawa

10.

Sapa asmane tokoh pahlawan wanita kasebut.....

a)

RA. Kartini

b)

Cristina Martha Tiahahu

c)

Cut Nyak Dien

d)

Dewi sartika

11.

Cuplikan ing ngisor iki kalebu struktur teks profil tokoh arupa


Nalika jamane Presidhen Soekarno, panjenengane tapak asta Surat prentah 11 Maret 1966 utawa kang diarani Supersemar kang kontroversial. Isine adhedhasar versi kang ditokake markas Angkatan Darat kang isine nugasake Letnan Jendral Soeharto kanggo ngamanake lan njaga keamanan lan institusi kepresidenan. Supersemar minangka pathokan Letnan Jendral Soeharto kanggo mbubarake Partai Komunis Indonesia (PKI) lan ngganti anggota-anggotane lungguh ing parlemen. Sawise tanggeljawab ora ditrima dening Majelis Permusyawaratan Rakyat Sementara (MPRS) nalika taun 1967. Soekarno dilengserkan nalika sidhang istimewa MPRS lan presidhen banjur digantekake dening Soeharto ing taun kang padha.

a)

Orientasi

b)

Re orientasi

c)

Prastawa

d)

Dhefinisi

12.

KH. Dewantara nduweni semboyan pendhidhikan yaiku.....

a)

Jer basuki mawa beya

b)

Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

c)

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani

d)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

13.

Sing kalebu tembung andhahan yaiku.........

a)

Nyapu, tulis, nandur

b)

Waca, nyiram, nyekel

c)

Macul, nulis, ngepel

d)

Ngobat, penek, nyawat

14.

Tembung sing oleh seselan –um- yaiku............

a)

Gemuyu

b)

Sumunar

c)

Gerandhul

d)

Kemerlap

15.

Bagean sing ngandharake kahanan, prastawa, masalah sing tau dialami nanging sing menjila lan duwe kesan mirunggan kang bisa didadekake tepa-tuladha, diarani........

a)

Orientasi

b)

Prastawa

c)

Reorientasi

d)

Dhefinisi