NEW
Font size
WorksheetsGAMBUH_7
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.
Ukara baku saka pethikan pada tembang Gambuh i ing dhuwur yaiku…..
Aja kakehan sanggup.
Durung weruh tuture agupruk.
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi.
Kang wus weruh amelengos.
Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.
Wong kakehan sanggup akibate ora apik tumrap dheweke amarga ....
Wong liya padha kaweleh
Wong liya padha kapusan
Wong-wong padha kuciwa
Bok ora bisa ngleksanani
Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.
Maksude tembung “Tutur nempil panganggepe wruh pribadi" yaiku ....
Mangertine saka wong liya nanging diakoni dheweke sing paling ngerti.
Anggone mangerti mung sithik-sithik amarga kanggo barengan.
Seneng takon-takon kareben dadi wong sing paling ngerti.
Seneng takon amarga durung ngerti kareben dadi ngerti
Sikidang umbagipun,
ngandelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngandelaken gung anginggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
Tembang ing dhuwur isi pitutur supaya ....
Padha adigang adigung adiguna.
Padha niru kidang gajah lan esti.
Padha pamer Ian sombong.
Padha aja sombong
Sikidang umbagipun,
ngandelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngandelaken gung anginggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
Kang dadi piandele ula kanggo ngalahake mungsuhe manut tembang Gambuh ing dhuwur maksude yaiku ....
Nyakot nggunakake untune kang ringih-ringih
Nyakot utawa nyembur nganggo wisane kang mandi.
Nggubed awake mangsuhe kang arep dikalahake.
Nggubed lang nyakot mangsuhe.
Sikidang umbagipun,
ngandelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngandelaken gung anginggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
Paraga gajah sombong dumeh rumangsa awake gedhe, maksude yaiku ....
Wong kang nyombongake kaluhurane.
Wong kang nyombongake kapinterane.
Wong kang nyombongake kekuwatane.
Wong kang nyombongake bandhane.
Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo
Tembang Gambuh ing ndhuwur werdine yaiku ....
Pitutur supaya niru dadi wong sudra pepeki
Tumindak becik iku diwuruk saka wong sudra pepeki
Pitutur becik pantes ditiru senajan metu saka wong sudra
Aja gampang dadi wong sudra yen kepengin oleh pitutur
Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo
Kang diarani wong sudra pepeki yaiku…..
Wong kang kahanan Uripe mlarat kesrakat.
Wong kang kahanan uripe sarwa kepenak.
Wong kang pantes dadi Guru mulang wuruk.
Wong kang pantes ditiru tindak panguripane.
Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo
Tembung muruk tegese mulang, asale saka tembung …..
wuruk
muru
wuru
mur
Adiguna puniku
Ngandelaken kapinteranipun
Samubarang kabisan dipundheweki
Sapa bisa kaya ingsun
Togging prana nora enjoh
Tumindak kang ora patut ditiru manut teks tembang kasebut yaiku ....
tumindak kaya ula
pamer kapinteran
laku kendel ing ngendi papan
kabisane ditutup-tutupi
Adiguna puniku
Ngandelaken kapinteranipun
Samubarang kabisan dipundheweki
Sapa bisa kaya ingsun
Togging prana nora enjoh
Kados dene tembang kasebat, tiyang ingkang remeni pamer kuwasisan, kasunyatan dados kosok wangsulipun, inggih punika ....
pinter
bodho
lumrah
wasis
Adiguna puniku
Ngandelaken kapinteranipun
Samubarang kabisan dipundheweki
Sapa bisa kaya ingsun
Togging prana nora enjoh
Adiguna iku sipat ngunggulunggulake ....
kekuwatane
kasektene
kapinterane
kekendelane
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Dados titah ingkang sae adhedhasar tembang kasebat inggih punika ....
Tumindak ingkang boten jujur
Remen tumindak goroh
Remen ngupadi ngelmu kautaman
Tumindak ingkang keladuk wantun
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Piweling sae ingkang saged kita pendhet saking tembang kasebat inggih punika …..
Supados ampun tumindak ingkang jujur.
Supados kelajeng anggenipun boten jujur.
Supados nyinkiri saking kesaenan.
Supados ampun kelajeng anggenipun goroh.
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Ingkang dipunwastani kojur ing tembang kasebat inggih punika…..
Kraos leres tumindakipun, mangka lepat.
Kraos lepat dados kuciwa, nanging sampun kebacut.
Raos ingkang boten trimah dhateng tiyang sanes.
Raos marem anggenipun tumindak senajan lepat.
Piwulang ala manut Serat Piwulang kasebut kudu ....
dilirwakake
diopeni
dipepetri
dituladani
Ajaran budi pekerti kang sinerat ing Serat Wulangreh tansah cocog marang ....
para nom-noman
para siswa
kabeh manungsa
wong tuwa
Ajaran kang mapan sajroning Serat Piwulang Wulangreh tansah cocog karo nilai karakter . ...
nom-noman
manungsa nyata
wong Jawa wae
bangsa Indonesia
Paku Buwana IV luwih kawentar kanthi asma Sunan Bagus. Kasebut kanthi aran Sunan Bagus amarga panjenengane pancen kagungan praupan kang bagus, cakrik. Ing yuswa kang isin timur/nom, yaiku yuswa 19 taun, panjenengane wis dadi raja/ratu ing kraton Surakarta Hadiningrat wiwit taun 1768 nganti tekan 1820 Masehi. Serat Piwulang Wulangreh kaanggit dening Paku Buwana IV.
Miturut teks kasebut, Serat Prwulang Wulangreh kaangit dening ....
Paku Buwana II
HamengkuBuwana III
Paku Buwana IV
Hamengku Buwana IV
Serat Prwulang Wulangreh kaangit dening ....
Paku Buwana II
Paku Buwana IV
HamengkuBuwana III
Hamengku Buwana IV
