Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wedhatama kinanthi

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Gatosna pratelan ing ngandhap menika!

1) Cacahing gatra ana 6

2) Guru wilangane yaiku 8, 8,8,8, 8

3) Guru wilangan lan guru lagu gatra pungkasane yaiku 8i

4) Cocok kanggo medharake piwulang kang krasa sereng


Miturut pratelan ing nginggil, ingkang dados cirinipun tembang Kinanthi inggih menika….

a)

1 lan 3

b)

1 lan 4

c)

2 lan 4

d)

2 lan 5

e)

3 lan 5

2.

Menawi dipungayutaken kaliyan gesangipun manungsa, tembang Kinanthi nggadhahi pralambang….

a)

Jumbuhing ati, lan sumadya mangun balewisma

b)

Manungsa ingkang taksih lare lan mbetahaken tuntunan

c)

Wancinipun manungsa tepang asmara

d)

Sampun wancinipun ngungkuri kadonyan

e)

Manungsa ingkang ngaosaken manising gesang

3.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Mangka kanthining tumuwuh

salami mung awas eling

eling lukitaning alam

dadi wiryaning dumadi

supadi nir ing sangsaya

yeku pangreksaning urip


Tegesipun tembung lukita inggih menika…

a)

tanduran

b)

pepaes

c)

pratandha

d)

rentengan

e)

isi

4.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Mangka kanthining tumuwuh

salami mung awas eling

eling lukitaning alam

dadi wiryaning dumadi

supadi nir ing sangsaya

yeku pangreksaning urip


Gatra ingkang nedahaken teges "dados panguwaosing asal-usul" inggih menika….

a)

mangka kanthining tumuwuh

b)

supadi nir ing sangsaya

c)

salami mung awas eling

d)

yeku pangreksaning urip

e)

dadi wiryaning dumadi

5.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Pangasahe sepi samun

aywa esah ing salami

samangsa wis kawistara

lalandhepe mingis-mingis

pasah wukir reksa muka

kekes srabedaning budi


Pranyatan ingkang trep kangge tembang ing nginggil inggih menika…

a)

Ngasah piranti ngantos ingkang landhep, supados saged kangge ngiris gunung ingkang ageng.

b)

Budi menika kedah dipunasah supados saged ngicali alangan gesang.

c)

Ngasah budi kedah ing papan sepi kadosta ing gunung.

d)

Supados saged ngicali alan budi, kedah tapa ing gunung.

e)

Ngicali alangan budi ngginaaken gaman ingkang landhep mingis-mingis.

6.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Dene awas tegesipun

weruh warananing urip

miwah wisesaning tunggal

kang atunggil rina wengi

kang mukitan ing sakarsa

gumelar ngalam sakalir


Pitutur ingkang saged kapendhet saking tembang nginggil inggih menika....

a)

manungsa kedah tansah waspada marang pepalanging gesang

b)

manungsa kedah pinter anggenipun milih dalaning panguripan

c)

manungsa kedah saged mujudake pepinginan kang nyata

d)

manungsa kedah waspada marang tandha-tandha ing donya

e)

manungsa kedah gesang kanthi tulung-tinulung kaliyan sapepada

7.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Aywa sembrana ing kalbu

wawasen wuwus sireki

ing kono yekti karasa

dudu ucape pribadi

…..........

wewesen praptaning uwis


Cakepan ingkang trep kangge njangkepi gatra ingkang gothang inggih menika….

a)

Bangkit ajur-ajer kaki

b)

Tan njurugi ing kahardan

c)

Laladane mrih utami

d)

Ora ta yen ngeplekana

e)

marma den sembadeng sedya

8.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Sirnakna semanging kalbu

den waspada ing pangeksi

yeku dalaning kasidan

sinuda saka satitik

pamothahing nafsu hawa

linatiha mamrih titih


Isi ingkang boten trep saking tembang ing nginggil inggih menika….

a)

kedah mantep marang Gusti lan tumindak becik

b)

ngirangi hawa nepsu menika kedah dilatih

c)

waspada marang sedaya ingkang dipuntingali

d)

supados kasil, kedah ngulina tumindak sae

e)

ngicali raosing manah ingkang tansah matep

9.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Sirnakna semanging kalbu

den waspada ing pangeksi

yeku dalaning kasidan

sinuda saka satitik

pamothahing nafsu hawa

linatiha mamrih titih


Tegesipun tembung pamothah inggih menika….

a)

panguwasa

b)

kekarepan

c)

njagani

d)

panggoda

e)

alaning

10.

Gatosna tembang ing ngandhap menika!

Aywa mamatuh malutuh

…


Tegesipun tembung malutuh inggih menika….

a)

kulina

b)

kuciwa

c)

tanpa guna

d)

bab awon

e)

tanpa sebab

11.

Kunanging budi luhur

Bangkit ajur ajer kaki

Pratelan tembang ing nginggil nedahaken makna inggih menika....

a)

Budi ingkang sae menika saged srawung kaliyan sinten mawon

b)

Tiyang sae menika inggih ingkang luhur gesangipun

c)

Kedah bangkit ngadhepi budi

d)

Ngupaya budi luhur kedah bangkit

e)

Srawung kedah kaliyan ingkang sami luhuripun

12.

Ingkang nedahaken bilih supados tentrem boten pareng gadhah raos remen yen tiyang sanes sengsara inggih menika....

a)

Tan panasten

b)

Nora jail

c)

Tan dahwen ati openan

d)

Tan njurungi ing kaardan

e)

Tan nyulayani liyan

13.

Kunanging budi luhung

Bangkit ajur ajer kaki

Yen mangkono bakal cikal

Thukuling wiji utami

……………………………………….

Yen ana kang nyulayani

Ing tembang ig nginggil, wonten tembung ajur ajer ingkang tegesipun….

a)

rusak budinipun              

b)

nglebur kalepatan

c)

   nyawiji marang Gusti

d)

  boten wonten ginanipun

e)

saged srawung marang sinten mawon

14.

mangka ta kang aran laku

lakune ngelmu sejati

tan dahwen ati openan

tan panasten nora jail

tan njurungi ing kaardan

amung eneng mamrih ening

Tegesipun dahwen ati open ing tembang ing nginggil inggih menika….

a)

tiyang ingkang remen tetulung

b)

tiyang ingkang kathah wicantenan

c)

remen yen tiyang sanes nandhang remen

d)

remen nacad, nanging kepengin nggadhahi

e)

tiyang ingkang remen kaliyan tiyang sanes

15.

mangka ta kang aran laku

lakune ngelmu sejati

tan dahwen ati openan

tan panasten nora jail

tan njurungi ing kaardan

amung eneng mamrih ening

Pitutur ingkang boten trep saking tembang ing nginggil inggih menika….

a)

ampun nuruti hawa nepsu

b)

ampun gampil duka, ngamuk

c)

ampun dados tiyang ingkang iri

d)

ampun kepengin gadhahipun tiyang sanes

e)

ampun remen yen tiyang sanes nandhang remen