wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Pendadaran Sinerat Basa Jawa XII ( Pre PTS Gasal )

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot tibaning swara pungkasan saben sagatra, yaiku….

a)

Guru sastra

b)

Guru basa

c)

Guru lagu

d)

Guru wilangan

e)

Guru gatra

2.

Tembang Macapat Kinanthi iku asale saka tembung kanthi kang ateges....

a)

Nyekel

b)

Nuntun

c)

Nggawa

d)

Njupuk

e)

Nyangking

3.

Miturut panemumu werdine tembang ing dhuwur, yaiku....

a)

Sregepa anak-anakku

b)

Sinau nglandhepke ati

c)

Awan bengi tansah ngupadi

d)

Supaya rumasuk sajroning ati

e)

Sregep sinau supaya isa dadi kang utama

4.

Tembung lantip ing gatra kapindho iku nduweni teges...

a)

Luwih

b)

Pinter

c)

Kulina

d)

Ragu

e)

Ngisin-isini

5.

Pratelan kang ateges supaya tansah eling lan waspada, yaiku....

a)

Yeku dalaning kasidan

b)

Tanpa tuwas tanpa kasil

c)

Den waspada ing pangeksi

d)

Marga gawat den liwati

e)

Supaya dadya utami

6.

Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit, yaiku....

a)

Ati kang bungah

b)

Rasa kang mantep

c)

Ati kang serakah

d)

Ati kang kelara-lara

e)

Ati kang kelegan

7.

Wos surasne bait kapisan, yaiku....

a)

Gegambaran ati kang kelara-lara

b)

Tumindak kang nalisir

c)

Ora bisa kecukupan

d)

Ngerteni kahanan kang endah

e)

Donga marang Gusti

8.

Wondene wos surasane bait kapindho, yaiku....

a)

Gegambaran ati kang kelara-lara

b)

Tumindak kang nalisir

c)

Ora bisa kecukupan

d)

Ngerteni kahanan kang endah

e)

Donga marang Gusti

9.

Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki, yaiku....

a)

Esuk

b)

Awan

c)

Sore

d)

Surup

e)

Bengi

10.

Gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane diarani....

a)

Perasaan/rasa pangrasa

b)

Amanat/pitutur

c)

Nada/irama

d)

Tema

e)

Alur

11.

Apa tegese “Nyandhang nganggo iku dadiya sarana amemangun manungsa njaba njero. Marmane pantesen panganggonira trepna pangetraping panggonan, cundhukna kalawan kahananing badanira, kalungguhan, miwah pepangkatanira”....

a)

Nyandhang nganggo kudu bisa njumbuhake marang pribadhine dhewe, sing jumbuh karo tata lair lan batin, cundhuk karo kalungguhan sarta pangkate, uga trep-trepane panggonan.

b)

Nyandhang nganggo iku kudu bisa ngatonake menawa ageman kang diagem iku larang regane lan sing akeh manik-manike.

c)

Nyandhang nganggo iku kudu resik lan uga kudu nganggo minyak wangi

d)

Yen lelungan iku kudu nganggo ageman sing anyar,supaya sing padha nyawang nggumun.

e)

Nyandhang nganggo iku ora prelu apik, lan anyar.

12.

Salah sawijine jenis karangan kang anggone nggambarake objek ora dikantheni karo opini saka penulis. Tulisan kang kacithak kandel lan miring iku pinangka titenane....

a)

Karangan eksposisi

b)

Karangan deskripsi objektif

c)

Karangan narasi

d)

Karangan deskripsi subyektif

e)

Karangan argumentasi

13.

Wondene Anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka panulis. Titenane...

a)

Karangan eksposisi

b)

Karangan deskripsi objektif

c)

Karangan narasi

d)

Karangan deskripsi subyektif

e)

Karangan argumentasi

14.

Tetembungan kang ajeg panganggone lan panggonane, ateges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan, yaiku....

a)

Isbat

b)

Sanepa

c)

Paribasan

d)

Saloka

e)

Wangsalan

15.

Unen-unen kang ajeg panganggone mawa surasa tartamtu. Saemper karo paribasan, cedhak karo babagan falsafah/pitutur luhur lan pasemon/pitutur kang ora melok/cetha anggone ngandhakake, yaiku...

a)

Isbat

b)

Sanepa

c)

Paribasan

d)

Saloka

e)

Wangsalan