wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 6 LATIHAN PTS B.JAWA 2

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben

dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge

donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba

sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe

sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.

Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake

alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene

manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung

mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir

bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.

Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung

manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa

mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa

subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan

cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing

gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing

bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase

supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.


Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku ... .

a)

Alasku paru-paruku

b)

Alasku sehat, paru-paruku sehat

c)

Alasku paru-parune donya

d)

Lestari alasku, lestari bumiku

2.

”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben

dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge

donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba

sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe

sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.


Ukara inti ing paragraf dhuwur yaiku ... .

a)

Alase rusak, paru-parune donya rusak.

b)

Alas Indonesia paru-parune donya

c)

Alas Indonesia kuwi alas tropis

d)

Alas tropis prodhusen oksigen.

3.

Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake

alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene

manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung

mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir

bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.


Ukara inti ing paragrap wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Alase Indonesia rusak kabeh.

b)

Alase Indonesia dirusak menungsa.

c)

Indonesia bencana gempa bumi.

d)

Lemahe Indonesia longsor kabeh

4.

Gatekne Tulisan aksara jawa iki!

Yen ditulis latine dadi ... .

a)

Alasku bumiku

b)

Alasku paru-paruku

c)

Alasku lestari, uripku lestari

d)

Alasku lestari, uripku murakabi

5.

”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba

sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.


Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung

mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.


Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa

subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing

bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.


Ukara sing dadi cirine teks persuasi wujud pangajak ana ing paragrap

….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

6.

Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane …

a)

Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya.

b)

Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa.

c)

Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe

sadonya.

d)

Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB

7.

Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku….

a)

ukarane ngajak-ajak

b)

ukarane mamerake

c)

ukarane nyenengake

d)

ukarane ngujuk-ujuki

8.

Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku…

a)

ukarane ngajak-ajak

b)

ukarane mamerake

c)

ukarane nyenengake

d)

ukarane ngujuk-ujuki

9.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku…

a)

Ngundhuh wohing pakarti.

b)

Gunakna banyu sacukupe!

c)

Lemah longsor mendhem ewonan omah

d)

Ayo njaga lestarine alam.

10.

”Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen” , yen diowahi nganggo basa krama sing bener….

a)

Pagesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen

b)

Panguripan ing pundi mawon mbetahaken oksigen

c)

Pagesangan ing pundi kewawon betah oksigen.

d)

Panguripan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.