wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Paenilaian Harian XII

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

1. jagongan, ana uga kang ngarani cangkrukan. Sajerone acara jagongan, lumrahe banjur padha imbal wacana. Ana jagong bayi, jagong manten, jagong boyongan omah, utawa mung waton jagongan/cangkrukan. Mesthi wae paraga sarta bab kang dirembug saben jagongan beda-beda. Kita, minangka Wong Jawa kang kaloka nduweni pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan. Tegese …

a)

ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.

b)

panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.

c)

bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae

d)

para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae

e)

beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa

2.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ragam ngoko lan ragam krama. Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake rumaket. Yen tetembungane mung awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa ngoko lugu, menawa tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa…

a)

ngoko lugu

b)

krama madya

c)

krama lugu

d)

ngoko alus

e)

krama inggil

3.

Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ...

a)

kasar lan rumaket

b)

alus lan nduweni surasa luwih ngajeni

c)

luwih gampang cak-cakane

d)

lugu lan kurang ngajeni liyan

e)

endhek tataran undha-usuke

4.

Ibu : Bapak wis dhahar?

Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.

Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

5.

Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!

Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat.

Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!

Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

6.

Kasusastran kang ngandhut isi crita kaya dene tinemu ing gancaran nanging diwedhar (dibeber) kanthi lantaran pacelathon para paraga lan digelar ana panggung kanthi manut lining crita diarani….

a)

Prosa

b)

Geguritan

c)

Drama

d)

Tembang

7.

Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

8.

Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

9.

“aku arep tindak menyang Surabaya”

Ukara iku yen dianggo nyemauri wong kang luwih sepuh becike…

a)

Aku arep kesah menyang Surabaya

b)

Aku arep tindak menyang Surabaya

c)

Kula badhe kesah dhateng Surabaya

d)

Kula badhe tindak menyang Surabaya

e)

Kula badhe kesah menyang Surabaya

10.

Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ...

a)

Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana

b)

Ki sanak menika sinten lan saking pundi?

c)

Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta.

d)

Ana wigati apa kowe sowan mrene?

e)

Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!

11.

Reroncening ngrakit teks drama kang trep yaiku:

(1) Nemtokake paraga lan watake;

(2) Nemtokake tema utawa idhe pokoke crita;

(3) Nggawe alure crita utawa adegan kanthi dhialoge para paraga;

(4) Nemtokake latar/ setting crita;

(5) Nulis naskah awal teks drama kanthi mbayangake kepriye yen dipentasake;

(6) Naskah awal banjur diedhit supaya dadi naskah sing apik.

a)

1,2,3,4,5,6

b)

2, 3,4,1,5,6

c)

2,1,3,4,5,6

d)

2,1,4,3,5,6

e)

2,1,3,5,4,6

12.

“Ya jelas didukani. Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, aku langsung dirangkul” wasesane teks iku migunakake basa…

a)

Ngoko kasar

b)

Ngoko lugu

c)

Ngoko alus

d)

Karma lugu

e)

Karma alus

13.

Ukara kang ora trep yaiku…(jawaban lebih dari satu)

a)

Bapak tindak masjid

b)

Adhik mundhut jajan Pak

c)

Pak Guru lagi gerah dina iki

d)

Apa Santi mau sida ngeterna ibune tindak pasar?

e)

Panjenengan menapa siyos kondur dik?

14.

Ukara ing ngisor iki kang trep panganggone yaiku...

a)

Kula rak sampun dhawuh

b)

Panjenegan tetep kula paringi arta

c)

Samenika kula badhe maem rumiyin

d)

Nganti saiki ibuk isih durung kersa dhahar

e)

Aku mau diceluk kepala sekolahku

15.

Minangka basa ibu, Basa Jawa lumrahe panganggone ... .

a)

Alus

b)

Kasar

c)

kanthi tinulis

d)

kanthi lisan

e)

kanthi resmi