WorksheetsUTS SEMESTER GANJIL KELAS X
Total questions: 10
Worksheet time: 3600secs
1. Apa kang diarani tembang macapat ?
2. Coba jlentrehna paugerane tembang macapat (Guru lagu, Guru gatra, Guru wilangan) !
3. Wacanen tembang ing ngisor iki, banjur golekana isi tembange !
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardisiwi
Siba sinukarta
Mrih kretara pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
4. Apa kang diarani cerkak basa jawa ?
5. Coba sebutna unsur-unsur intrinsik ing cerkak !
6. Coba sebutna unsur-unsur ekstrinsik ing cerkak !
1. Wacanen kanthi setiti pawarta ing ngisor iki, banjur golekana amanat kang bisa kapethik!
Kecelakaan Pantai
Kecelakan segara bali kedadean neng pantai Parangtritis, dina Minggu (19/11/2017), sekitar gebug 13.00 WIB. Kecelakaan iki nimpa telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah. Kronologi kedaden kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng pantai Parangtritis.
Saking dolanan banyu, ketelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung laut. “Wektu adus dumadakan ketelu korban keseret ombak menyang kidul,” ujar Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY.
Untunge , korban cepet bisa dievakuasi dadine ora ana korban jiwa jero kadadean iki. Brigadir Suharto ngelengeke kanggo para wisatawan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakne kaslametan wektu nglangi.
8. Kepriye miturutmu supaya omah adat jawa (omah jogjlo) tansah bisa lestari ing tanah Jawa ?
9. Aksara ing nduwur iki yen dilatenake unine .....
10. Aksara ing nduwur iki yen dilatenake unine .....
