NEW
Font size
WorksheetsTEKS ANEKDOT
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Berikut yang termasuk struktur teks anekdot adalah ...
Abstrak, orientasi, krisis, reaksi dan koda
Abstrak, orientasi, aksi, krisis dan koda
Abstrak, orientasi, reaksi, krisis dan kode
Abstrak, orientasi, aksi, krisis dan koda
Abstrak, organisasi, aksi, krisis, dan koda
Mobil Murah
Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.
Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.
”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam.”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune.”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus.
Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”
”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.
”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake
ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.
Karakteristik wacan kanthi irah-irahan “Mobil Murah” Sing bener. Kajaba…
Guyonane ngandhut pasemon,wewarah, lan utawa .
Isine nyritakake lelakone paraga/wong penting.
Guyonane lugu/ wantah.
Mupangate minangka sarana kritik
Mupangate minangka sarana hiburan.
Teks kanthi irah-irahan ”Mobil Murah” kalebu teks apa?
Teks humor
Teks anekdot
Teks cerkak
Teks wayang
Teks drama
Cerita yang lucu dan mengesankan serta singkat dan menarik, biasanya mengenai orang penting berdasarkan kejadian sebenarnya, merupakan pengertian dari.....
Teks Prosedur
Teks Prosedur
Teks Negosiasi
Teks Anekdot
Teks Argumen
Ciri ciri anekdot, kecuali....
bersifat menyindir
lucu
menghibur
terselip kritikan
membuat orang lain tersinggung
Bagian terjadinya masalah atau hal unik dalam struktur teks anekdot disebut….
krisis
orientasi
abstraksi
koda
reorentasi
Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku ....
migunakake basa baku utawa standar.
migunakake basa campuran baku lan ora baku.
migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa.
migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.
migunakake basa standar kaya Jogja-Solo.
Tembung utawa ukara tinamtu kang perlu oleh kawigaten, nalika maca teks anekdot perlu diucapake kanthi ....
nadha kang dhuwur
nadha kang bisaa
nadha endhek banget
kang bisa nrenyuhake
kang kepenak dirungokake
Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu ....
dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah.
dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.
Struktur teks anekdot adalah….
Pernyataan umum-deskripsi bagian
Pernyataan pendapat-argumentasi-penegasan ulang
Orientasi-argumentasi-penutup
Pembuka-isi-penutup
Orientasi-abstraksi-reaksi-koda
ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik drama (struktur fisik drama) yaiku....
paraga
setting
alur
tema
Ing sandiwara , pengarang kudu menehi pesan moral marang wong sing maca crita drama. Pesan moral mau kasebut.....
Tema
Alur
Amanat
Setting
Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi telu yaiku
Protagonis, prosigonis, lan kartogonis
Protagonis, antagonis lan tritagonis
Vertagonis, Irvigonis lan antagonis
Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis
Ing ngisor iki sing ora kelebu unsur intristic (fisik) drama yaiku
Amanat
Pacelathon (dialog)
Paraga
Alur
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Bab kang dadi dasare naskah drama diarani....
judul
lakon
tema
plot
kedadeyan kang isine ngenani masalah masalah kang diadepi paraga diarani....
konflik
crita
anti konflik
klimaks
Paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya diarani paraga apa ?
Paraga biyantu
Paraga utama
Paraga tambahan
Paraga ekstra
Tembung-tembung ngisor kiye sing ana gandhenge karo sandiwara yakuwe (kajaba)....
babak lan adegan
skenario lan prolog
dialog lan epilog
irama/musik lan plot
Rantaman utawa urut-urutane crita sajrone teks drama diarani ...
Tema
Latar
Alur
Pamaragan
Setting
Ragam dialek surabayaan, bojonegoroan, malangan lan sapanunggale, ragam basa sing dititik saka ...
Panggonane
Wilayahe
Sapa sing nganggo
Situasine
Kumpulane
Ukara sing isine duweni teges senajan,upama,lanmuga -muga diarani ukara...
Andharan
Pitakon
Prentah
Sambawa
Sesuk awan aku arep sinau kelompok ing omahe Anisa. Ukara kasebut kalebu ukara ....
pitakon
carita
tanggap
. sananta
Mbenjeng menopo panjenengan kersa rawuh dhateng griya kula ?. Ukara kasebut kalebu ukara ....
tembung entar
pitakon
sananta
purwakanthi
Ibu lagi wae lunga menyang pasar. Yen diubah nganggo basa krama inggil dadi ....
Ibu nembe kesah dhateng peken
Ibu nembe mawon tindak dhateng peken
Ibu nembe mawon kesah dhateng peken
. Ibu nembe kemawon tindak teng peken
