NEW
Font size
WorksheetsPH Bahasa Jawa Wulangan 4
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 15mins
Tembung globalisasi iku asale saka tembung "globe" sing tegese . . . .
bal bunder
donya
mendunia
di dunia
Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku . . . .
ilange budaya asli
majune teknologi
komunikasi saya angel
ilange pakulinan gotong royong
Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane . . . .
andha
prau bocor
gendheng bocor
benik
Batangane "ontong gedhang". Cangkrimane, pak demang klambi abang . . . .
disuduk manthuk-manthuk
disawang malah ilang
rupamu kaya kranjang
penggaweane saba blumbang
Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Badhekane yaiku . . . .
tasbih
ali-ali
gelang jam
binggel
Pitik walik saba meja, batangane . . . .
nanas
nangka
sulak
sapu
Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi . . . .
enem
lima
papat
telu
Kebo picak kalebu . . . .
cangkriman awujud pepindhan
cangkriman awujud blenderan
cangkriman sinawung ing tembang
cangkriman awujud wancahan
Dikethok malah dhuwur kalebu . . . .
cangkriman awujud pepindhan
cangkriman awujud blenderan
cangkriman sinawung ing tembang
cangkriman awujud wancahan
Sing kalebu cangkriman plesetan yaiku . . . .
Bocor malah kebak.
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati.
Segara beldhes.
Sega sakepel dirubung tinggi.
Tembung ing ngisor iki sing ngemu cangkriman yaiku . . . .
Bocah iku aja seneng tukar padu
Marang para kanca
Muna-muni ngati-ngati
Guyub rukun iku laku kang utama
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Plembang
Ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si pucung lembehan grana
Bocah iku wajib bekti rama ibu
Kanthi asih tresna
Ngajeni ing lahir batin
Jer tan bekti pranyata dadi duraka
Murid iku kudune sregep sinau
Aja dha sembrana
Sopan santun ngati-ati
Muga bisa dadi kusumaning bangsa
Cangkriman iku padha karo . . . .
bedhekan
lok-lokan
paribasan
omong-omongan
Bapak pucung amung sirah lawan gembung,
Padha kinunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si pucung dadi dahana.
Badhekane yaiku . . . .
penthol korek
ali-ali
dom bolah
binggel
Ukara ing ngisor iki minangka tuladhane cangkriman yaiku . . . .
Dilebokne malah metu
Bukune dilebokne tas
Klambine dilebokne lemari
Klambine gak dilebokne
Wong adol krambil dikepruki.
Ukara kasebut minangka tuladhane . . . .
sanepan
cangkriman
wangsalan
paribasan
Yen dijiwit atho biyung.
Ukara kasebut asale saka cangkriman wancahan yaiku . . . .
wit thoyung
wit-witan
wiwit cilik
wit tanjung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Badhekane yaiku . . . .
tasbih
gelang
sepur
kalung
Pitik walik saba kebon, batangane . . . .
nanas
nangka
sulak
sapu
Bapak pucung bisa nggereng bisa bengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa.
Badhekane yaiku . . . .
sepur
layangan
montor mabur
delman
Ana kuthuk dilebokne kurungan, kira-kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben, bareng wis setahun kuthuke ilang. Menyang ngendi?
Wangsulan sing trep yaiku . . . .
dadi bebek
dadi pitik
dadi manuk
dadi lemu
Gajah nguntal sangkrah. Batangane . . . .
pekarangan
kebonan
teras
pawonan
Burnas kopen, minangka cangkriman sing wujude wancahan (cekakan). Batangane . . . .
bubar kabeh
bubur panas kokopen
bubur panas maemen
bubur kang akeh
Ing dina Minggu Adi, Yoga, lan Danang dolan menyang omahe Arman. Jam 10 wis padha tekan omahe Arman. Ing pekarangane Arman ana wit jambu ngrembuyung, wohe wis abang-abang. "Waaah... jambune Arman wis padha abang-abang seger tenan" celathu Yoga. "Iyo, tapi rada dhuwur". kandhane Arman. "Aku malih kelingan, mboke dilus-elus anake diidak-idak. Danang nyauri, "bener-bener aku yo kelingan". "Yo wis ayo padha dijupuk ben iso opek jambu, ana mburi nggone", celathu Arman.
Cangkriman sing ana wacan ing dhuwur yaiku . . . .
mboke dilus-elus anake diidak-idak
wit jambu ngrembuyung
pekarangane Arman ana wit jambu
wohe jambu wis abang-abang
Ing dina Minggu Adi, Yoga, lan Danang dolan menyang omahe Arman. Jam 10 wis padha tekan omahe Arman. Ing pekarangane Arman ana wit jambu ngrembuyung, wohe wis abang-abang. "Waaah... jambune Arman wis padha abang-abang seger tenan" celathu Yoga. "Iyo, tapi rada dhuwur". kandhane Arman. "Aku malih kelingan, mboke dilus-elus anake diidak-idak. Danang nyauri, "bener-bener aku yo kelingan". "Yo wis ayo padha dijupuk ben iso opek jambu, ana mburi nggone", celathu Arman.
Batangane cangkriman sing ana wacan ing dhuwur yaiku . . . .
pring
salak
sepet
andha
Ing dina Minggu Adi, Yoga, lan Danang dolan menyang omahe Arman. Jam 10 wis padha tekan omahe Arman. Ing pekarangane Arman ana wit jambu ngrembuyung, wohe wis abang-abang. "Waaah... jambune Arman wis padha abang-abang seger tenan" celathu Yoga. "Iyo, tapi rada dhuwur". kandhane Arman. "Aku malih kelingan, mboke dilus-elus anake diidak-idak. Danang nyauri, "bener-bener aku yo kelingan". "Yo wis ayo padha dijupuk ben iso opek jambu, ana mburi nggone", celathu Arman.
Cangkriman sing ana wacan ing dhuwur kalebu cangkriman kang wujude . . . .
plesetan
sinawung ing tembang
pepindhan
wancahan
