WorksheetsKelas 6 Bahasa Jawa
Total questions: 35
Worksheet time: 1hrs 10mins
Pak Sartana mundhut alat-alat bengkel. Klebu ukara ....
pitakon
andharan
pakon
tanggap
Kanggo nyukupi kebutuhan, anggone nyambut gawe direwangi ....
lara lapa
pait getir
adus kringet
udan tangis
Kita kabeh nglestareake budaya Jawa.
Nglestareake tembung liyane ....
njaga
ngrumat
nyinaoni
ngleluri
Wingi aku dikongkon bulik menyang toko.
Dikongkon kramane ....
diutus
dikengken
dipun kengken
dipun utus
Bapak kondur saka Surabaya.
Saka Surabaya dhapukane minangka ....
jejer
lesan
katrangan papan
wasesa
Blitar kutha cilik kang kawentar.
Tembung kawentar tegese padha karo ....
kondhang
dijuluki
diweruhi
dikenal
Tibaning swara ing pungkasane gatra ing tembang Macapat diarani ....
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
guru pada
Tembang Macapat cacahe sewelas.
Salah sijine ....
Kinanthi
Padhang bulan
Balabak
Nunggang sepur
Kancil kewan cilik tur pinter. Baya bisa diapusi kancil, apa maneh anake baya sing aran ....
udhet
sawiyah
krete
kroto
Warga kampung gotong royong kerja bakti. Gotong royong klebu tembung ....
garba
camboran
saroja
entar
Ibu seneng banget, amarga raportku bijine apik. Seneng kosok baline ....
susah
mangkel
pegel
dongkol
Sri Lestari iku bocahe ireng manis tur gandhes ....
nyenengake
luwes
merak ati
banget
Yen ditulis aksara latin ....
durung mentas
dhurung pantes
durung pantes
durung mante
Bocah loro iku rukun banget kaya ....
banyu karo lenga
mimi lan mintuna
kembang sepasang
jambe sinigar
Yen ditulis aksara latin ....
bengkel sepedhah
bingkil sepedhah
bingkil sepeda
bingkil sepedah
Bu Parti peteng atine.
Peteng atine tegese ....
bingung
susah
gela
damang
Ing mangsa ketiga, wit-witan padha mati.
Mongsa ketiga kosok baline ....
mangsa mareng
mangsa rendheng
mangsa udan
mangsa labuh
Ukara ing ngisor sing klebu wangsalan ....
Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen.
Seje desa mawa tata, negara mawa cara.
Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso.
Opor bebek mentas awake dhewek.
Wong tuwa dadi ribet amarga polahe anak. Paribasane ....
Anak polah bapa kepradhah.
Anak murang tata, wong tuwa nemu cilaka.
Kebo kabotan sungu.
Kebo nusu gudel.
Tembung ing ngisor iki sing klebu dwi purwa yaiku ....
rame-rame
tetulung
bolak-balik
tumpang tindhih
Ukara ing ngisor sing klebu ukara pakon yaiku ....
Par, aja penekan mundak tiba
Mbak, ayo cepet selak ditinggal ibu
Suparman arep diajak nardi bal-balan
Bu Guru ngutus putrane tuku sepatu
Wis ( kandha ) Bapak bola-bali meksa ora nggugu.
Tembung kandha benere ....
dakkandhani
ngandhani
dikandhani
kokkandhani
Pak Jaka nuku omahe Pak Tarno.
Basa ngoko aluse ....
Pak Jaka numbas griyane Pak Tarno.
Pak Jaka nuku griyane Pak Tarno.
Pak Jaka mundhut dalemipun Pak Tarno.
Pak Jaka mundhut daleme Pak Tarno.
Kangmasku biyen urip sengsara, saiki wis ....
Tembung saroja sing cocok kanggo ngisi titik-titik ing ukara iki yaiku ....
mukti wibawa
guyub rukun
sayuk rukun
gemah ripah
Yen ditulis aksara latin ....
Ajining diri ana lathi
Ajining dhiri ana lathi
Aji ing dhiri ana lathi
Ajining dhiri ana ing lathi
Wong sing sabar lan ora gampang nesu tembung entare ....
jembar polatane
jembar kubure
jembar dhadhane
jembar kawruhe
Mau esuk simbah gerah weteng.
Weteng basa kramane ....
paningal
pamireng
pamedhangan
padharan
Dadi bocah mono aja dawa tangane, mundhak disengiti kanca.
Dawa tangane tegese ....
seneng nyolong
tangane ora cendhak
tangane pancen dawa
ukarane tangan dawa
Bocah sing akeh omong bebasane ....
Kegedhen empyak
Kakehan gludhug kurang udan
Kakehan guneman ora ana nyatane
Kocak tandha lukak
Pak Tani nggaru sawahe nganggo kebo.
Tembung nggaru linggane ....
digaru
garuan
garu
garon
Amin anggone ora munggah kelas bola-bali, pancen Amin kethul pikire.
Kethul pikire tegese ....
pikirane kethul
ora bisa apa-apa
yen diwulang ora nyandhak
bodho banget
( Sandhang ) iku becike prasaja bae.
Tembung sandhang sing bener ....
sandhangan
nyandhang
panyandhang
disandhangi
Wong tuwa iku ora apik yen emban cindhe emban siladan marang anak-anake.
Emban cindhe emban siladan tegese ....
pra padha
ora adil
pilih kasih
milih-milih
Bulik Narti kepancal sepur, mula ora sido tindak menyang Jakarta.
Tembung kepancal sepur tegese ....
sepure wis mlaku
sepure mangkat
sepure macet
telat
Para warga ing wewengkon RT.02 setuju nganakake kerja bakti.
Tembung wewengkon padha tegese ....
wilayah
lingkungan
sakiwa-tengene
daerah
