Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN UAS GASAL XII

Total questions: 22

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Maosipun ...

a)

Lawa ana kana

b)

Kana ana lawa

c)

Ana lawa kana

d)

Lawa kana ana

e)

Ana kana lawa

2.

Yuk diwaos!

a)

Kelas kula pinter-pinter.

b)

Kelas kula pinter.

c)

Kelasku pinter-pinter.

d)

Kelasku pinter.

e)

Kelasku pancen pinter-pinter.

3.

Ancas dianakake upacara adat Tingkeban?

a)

kanggo kaslametan bapa biyunge

b)

kanggo kaslametan jabang bayi

c)

kanggo kaslametan calon ibu

d)

kanggo tulak bala

e)

kanggo kaslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak bala

4.

Ing ngisor iki sing dudu kalebu urut-urutane ing upacara adat tingkeban yaiku ...

a)

siraman

b)

menek andha tebu

c)

medhot lawe

d)

brojolan

e)

salin rasukan

5.

Sing ditindakake nalika adicara brojolan ing tingkebang yaiku ...

a)

nglebokake klapa gadhing enom

b)

medhot lawe utawa lilitan benang (janur)

c)

mecahake wajan lan gayung

d)

nyolong endhoge tanggane

e)

kendhuren ngundang wong sakampung

6.

Adicara siraman ing tingkeban iku kanggo mitoni anak sing nomer...

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

e)

lima

7.

gambar ing ngisor iki kang kalebu upacara adat tedak siten yaiku....

a)
b)
c)
d)
8.

ana cengkir gading gambar wayang punika nunjukake kagiyatan....

a)

rujakan

b)

manganan

c)

tingkeban

d)

mantenan

e)

tedhak siten

9.

Bregada kraton Ngayogyakarta cacahipun wonten...

a)

12

b)

10

c)

9

d)

8

e)

11

10.

Ing samping menika bregada...

a)

Dhaeng

b)

Bugis

c)

Ketanggung

d)

Surakarsa

e)

Bugis

11.

Lambang kraton Ngayogyakarta kasebat...

a)

Sinom Parijoto

b)

Gebleg Renteng

c)

Praja Cihna

d)

Makuta Raja

e)

Golong Gilig

12.

Papan dunungipun bregada nyutra inggih menika ing...

a)

Mantrijeron

b)

Surakarsan

c)

Nyutran

d)

Prawirataman

e)

Bugisan

13.

Bregada kraton Ngayogyakarta kados ing gambar kasebat....

a)

Dhaeng

b)

Wirabraja

c)

Ketanggung

d)

Mantrijeron

e)

Jagakarya

14.

Klebet bergada kados ing gambar inggih menika...

a)

Surakarsa

b)

Patang puluh

c)

Dhaeng

d)

Jagakarya

e)

Prawiratama

15.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon.


Guru gatrane tembang ing dhuwur , ana pira?

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

16.

Watake tembang gambuh gambuh yaiku...

a)

kulina

b)

grapyak

c)

jumbuh

d)

sereng

17.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

18.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

19.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

20.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

21.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Tembang kasebut kedadean saka ... pada

a)

1

b)

4

c)

5

d)

6

22.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen urip kudu ngati-ati

b)

Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung

c)

Dadi wong kudu seneng golek gegara

d)

Yen urip iku kudu guyub rukun