NEW
Font size
WorksheetsUPKS BAHASA JAWA KELAS 4 SEMESTER 1
Total questions: 20
Worksheet time: 41mins
Saben wektu
Panggonan golek ilmu
Diwulang Bapak Ibu Guru
Ing panggonan iki
Aku diajari karo wong tuwa kudu bekti
karo kanca aja srei
Aku percaya
Senajan abot kudu dilakoni
kabeh mau kanggo kepentingan pribadi
Kareben mbesuk dadi wong sing aji
Miguna kanggo bangsa lan negari
Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur iku ?
males golek ilmu
bapak guruku
akibat ora sinau
sekolahku
Ayah : “Le, sekolah daringmu wis mari apa durung ?”
Rendi :”Dereng Yah, wonten napa ?”
Ayah :”Nek wis mari, Ayah njaluk tulung, Le.”
Rendi :”Nyuwun tulung punapa nggih Yah?”
Ukara sing diucapake Rendi ing pacelathon ndhuwur manut unggah-ungguhe kalebu ukara …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu (parut) klapa ing dhapur.
Tembung ing njero kurung sing bener …
keparut
diparut
marut
diparuti
Saben esuk aku sarapan.
Wasesane ukara ing dhuwur …
saben
esuk
aku
sarapan
Elang Jawa
Elang jawa mujudake manuk endemis Jawa. Dina iki manuk iki kalebu kewan sing terancam punah kanthi status genting. Miturut data Bird Life International saiki iki populasi elang jawa ing alam kira-kira 300-500 individu dhewasa. Salah sijine sebab elang jawa kaancam punah, amerga alas kang alami ing Jawa tambah suwe tambah nyusut. Susute alas iki merga saya mbludake penduduk sing mbutuhake lahan kanggo omah lan ladang.
Elang jawa mujudake manuk endemis …
jawa
madura
bali
kalimantan
Barangmu mau … sapa ?
titipna
dak titipna
dititip
kok titipne
Saben esuk latare …Rini
disaponi
daksaponi
kok saponi
nyaponi
Tembung sing nganggo seselan –in yaiku …
tindhih
tindak
tinulis
pinten
.... Pak Dhe kondur saka Surabaya ?
Tembung pitakon sing mathuk yaiku.......
apa
sapa
kapan
nang endi
Rahma tuku donat neng Toko Malia dhek dina Minggu.
Lesane ukara ing dhuwur yaiku...
Rahma
tuku
donat
dina minggu
Yen nyuwara aja banter-banter, nggarahi wong liya brebegen.
Tembung sing digaris ngisor, tembung linggane ...
wara-wara
swara
waraen
diwarai
Ing ngisor iki sing kalebu ukara pitakon ...
Sampeyan mene sido rekreasi ?
Suk Selasa adhikku sunat.
Turua neng kamar kana !
Ngendikane ibu aku kudu sinau.
Lampune gumantung ing blandar.
Tembung linggane gumantung, yaiku
gandhul
guntung
gantung
kabeh jawaban salah
Kekarone mlebu menyang njero papane jabang bayi Parikesit. Parikesit mujudake putra Abimanyu patutan karo Dewi Utari. Aswatama mindhik-mindhik nyedhaki karo ngunus senjata, arep kanggo numpes turune Pandhawa iku. Atine sing degsiya wis ora ngrumangsani yen bayi kuwi ora dosa. Nalika tangane sing nggegem senjata wis arep tumama, ora kenyana-nyana jebul jabang bayi kuwi tangi, banjur nangis. Sikile sing kroncalan njejak panah Pasopati. Panah sekti iku sanalika mlesat ngenani Aswatama ndadekake patine.
Sapa paraga utama ing wacan dhuwur ?
Abimanyu
Aswatama
Parikesit
Werkudara
Pak Rahmad nduwe mobil
Ukara ing nduwur menawa didadekake krama dadi….
Pak Rahmad mirsani mobil
Pak Rahmad mundhut mobil
Pak Rahmad nitih mobil
Pak Rahmad kagungan mobil
Bangkodir cekakan saka …
Bangil Saka Bordir
Bangil Kota mandiri
Bangga Kota Bordir
Bangil Kota Bordir
Kepala Daerah Tingkat II jenenge …
lurah
camat
bupati
gubernur
Ing ngisor iki kalebu tembang dolanan kejaba …
Cublak-Cublak Suweng
Gundhul-Gundhul Pacul
Pucung
Padhang Bulan
Iki gambar anake Semar sing nomer loro. Sapa ya jenenge?....
bagong
gareng
petruk
bawono
Badan Penanggulangan bencana Daerah (BPBD) Kabupaten Pasuruan wis nganakake pemetaan daerah-daerah sing rawan bencana.
… Asil pemetaan sing paling anyar ana 94 desa ing kabupaten Pasuruan sing gampang kedadeyan banjir lan tanah longsor. Puluhan desa kasebut sumebar ana ing 17 kecamatan ing kabupaten Pasuruan.
Risiko banjir dialami dening 43 desa utawa kelurahan ing 11 kecamatan. Dene potensi longsor ana ing 51 desa sing sumebar ing pitu kecamatan.
Pirang desa ing Kabupaten Pasuruan sing rawan banjir lan tanah longsor ?
94
43
51
17
