wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA JAWA KLS 6 SD

Total questions: 35

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Guru gatra yaiku......

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

2.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

3.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

4.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

5.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

6.

Namung tutuk lan netra kalih kadulu

Yen pinet kang karya

Sinunduk netrane kalih

Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah

a)

12u-6a-8i-12a

b)

6a-81-12u-12a

c)

12u-6u-8a-12i

d)

12u-12i-6u-8a

7.

Anggone ngaturake pesen marang simbah kudu nganggo basa... .

a)

ngoko

b)

krama

8.

tembang macapat cacahe ana ...

a)

10

b)

11

c)

12

d)

14

9.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

10.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

11.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

12.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

13.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku...

a)

Asu rebutan balung

b)

Becik ketitik, ala ketara

c)

Gupak pulute ora mangan nangkane

d)

Mlakune kaya macan luwe

14.

Ing ngisor iki kang kalebu teks informasi, kejaba ..........

a)

Teks Pawarta

b)

Teks Prosedur

c)

Teks Persuasi

d)

Teks Pariwara

15.

Wujud tulisan persuasif iku isine bisa ...................

a)

Ngajak, ngelingake lan nawakake ide

b)

Ngajak, ngelingake lan ngandharake warta

c)

Ngajak, masarake barang lan nawarake barang

d)

Ngajak, nawakake ide lan masarake barang

16.

Wacan narasi kasusun miturut …

a)

paraga

b)

tema

c)

alur

17.

Ana tembang “Megatruh” saka tembung “megat roh”. Megat roh tegesé …..

a)

lunga rohé

b)

mati

c)

nggugat roh

18.

Tembang “pucung” saka tembung pocong. Tegese wong iku yen wis mati …..

a)

dibuntel dhisik

b)

dikubur

c)

dijarné waé

19.

Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...

a)

teks informasi

b)

teks penjelasan

c)

teks pernyataan

d)

teks berita

20.

Wacanen kanthi patitis!


Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.


miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pariwara

21.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

iklan/pariwara

22.

gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...

a)

pawarta

b)

slogan

c)

persuasi

d)

sesanti

23.

gambar ing ndhuwur iku kalebu...

a)

sesanti

b)

pariwara

c)

iklan

d)

pawarta

24.

endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?

a)
b)
c)
d)
25.

Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...

a)

teks deskripsi

b)

teks pawarta

c)

pariwara

d)

slogan

26.

Teks sing isine ngenani kadadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks...

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Pawarta

d)

Eksposisi

27.

Teks pawarta sing ana ing medhiya cithak yaiku...

a)

TV

b)

Radio

c)

Kalawarti

d)

Internet

28.

Teks pawarta sing ana ing medhiya elektronik yaiku...

a)

Ariwarti

b)

Radio

c)

Kalawarti

d)

Tabloid

29.

Tembang kang saka tembung mungkur sing nduweni teges ninggalake. Tembang iki duweni simbol manungsa kang wus sepuh ora kapengin gayuh apa-apa, yaiku tembang....

a)

mijil

b)

sinom

c)

pocung

d)

pangkur

30.

Guru gatra tembang Pangkur kasebut yaiku ana....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

31.

Guru wilangan lan guru lagu gatra ka-2 yaiku....

a)

11i

b)

11p

c)

8a

d)

8u

32.

Ing bab tembung sing mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ... .

a)

A. paribasan tembunge ora wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

b)

B. paribasan tembunge wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

c)

C. paribasan tembunge endah, bebasan lan saloka tembunge lugu

d)

D. paribasan tembunge wantah , bebasan lan saloka tembunge lumrah

33.

Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kejaba ... .

a)

A. iwak klebu wuwu

b)

B. asu belang kalung wang

c)

C. adigang adigung adiguna

d)

D. kemadheyan ngajak sempal

34.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

35.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede