Worksheetssoal unggah-ungguh
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Simbah tuku gula lan endog. ukara kasebut basa kramane yaiku ....
Simbah mundhut gendhis saha tigan.
Simbah tumbas gendhis saha tigan.
Simbah kersa gendhis saha tigan.
Simbah arep gendhis lan tigan
Ashila dereng saged turu. tembung turu benere yaiku .....
sare
tilem
nyipeng
turu
PUASA ?
Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.
Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..
Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.
Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!
............ Ujug-ujug bapak rawuh.
Bapak: Lha. Kaya kuwi jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.
Kegiyatan ingkang adhi, kakang ugi bapak tindakaken meniko disebat .....
pacelathon
cangkriman
sesorah
piwulangan
Sing mbedakake ngoko alus karo krama lugu yakuwi ...
ngoko alus yakuwi ngoko kabeh tapi nganggo tembung madya
ngoko alus yakuwi tembung-tembunge ngoko kabeh
krama lugu yakuwi krama kabeh tapi nganggo tembung madya
krama lugu yakuwi tembung-tembunge krama kabeh
PUASA ?
Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.
Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..
Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau saderenge Subuh.
Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!
............ Ujug-ujug bapak rawuh.
Bapak: Lha. Kaya kuwi jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.
Unggah-ungguh Basa Jawa sing dienggo adhi yakuwe ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
PUASA ?
Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.
Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..
Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.
Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!
............ Ujug-ujug bapak rawuh.
Bapak: Lha. Kaya kuwi jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.
'Kula ajeng sanjang'. Ukara kuwe nek didadekna ngoko lugu dadine ...
aku badhe matur
aku arep ngomong
kulo badhe matur
kulo arep ngomong
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Kanca
Bapak/Ibu
Guru
Mas/Mbak
‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....
Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor
Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor
Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor
Manut gunane, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 3 yaiku ....
Basa alus, basa kasar, basa biasa
Basa ilmu, basa ibu, basa budaya
Basa daerah basa dialek, basa budaya
Basa Jawa, basa sanskerta, basa aksara
