wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LAT SAS

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Pangkur

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

 

Guru gatra tembang pangkur yaiku....

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

2.

Pangkur

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

Guru wilangan tembang pangkur yaiku....

a)

7, 11, 8, 7, 12, 8, 8

b)

8, 11, 8, 8, 12, 8, 8

c)

8, 11, 8, 7, 11, 8, 8

d)

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

3.

Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarang reh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna

 

 

Tembang macapat ing nduwur diarani tembang....

a)

mijil

b)

pocung

c)

sinom

d)

gambuh

4.

Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarang reh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna

Guru lagu lan wilangan tembang ing nduwur yaiku....

a)

10u, 6a, 8i, 12a

b)

12u, 8a, 8i, 12a

c)

12u, 6a, 8i, 12a

d)

12u, 12a, 8i, 12a

5.

Tembang macapat kaiket dening paugeran, sing kalebu paugeran tembang macapat yaiku....

a)

Kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

b)

Kaiket guru sastra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

Kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru sastra

d)

Kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru baku

6.

Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara

Tegese ukara “Ngelmu iku kalakone kanthi lakuing tembang macapat kasebut, yaiku....


a)

ilmu kuwi kudu diburu

b)

ilmu kudu diamalake

c)

ilmu kuwi kawujud manawa ditindakake

d)

kudu sregep golek ilmu

7.

Objek wisata Pesisir Pulo Merang manggon ing dhaerah ....

a)

Kecamatan Pesanggaran Banyuwangi

b)

Kecamatan Grajagan Banyuwangi

c)

Kecamatan Banyuglugur Situbondo

d)

Kecamatan Puger Jember

8.

Objek wisata Pesisir Pulo Merah wiwit kawentar sawise dikenalake lumantar ajang lomba balap sepedhah ”Banyuwangi Tour de Ijen”. Kegiatan mau dianakake ing tahun ....

a)

1990

b)

2010

c)

2011

d)

2012

9.

Panganggone basa krama kang bener ana ing ukara....

a)

Rina mboten mlebet sekolah amargi gerah.

b)

Dalem kula tebih saking sekolahan.

c)

Nalika ibu rawuh kula nembe siram.

d)

Kula badhe ningali pameran buku.

10.

Panjenengan mengko arep rawuh jam pira?

Ukara iku nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

11.

Prastawa mletheke srengenge diarani ...

a)

sunlight

b)

sunrise

c)

sunset

d)

bedrest

12.

Papan  sing dianggep mbebayani tumrap pangunjung Gunung Bromo yaiku ...

a)

papan radhius 4 kilometer saka kawah

b)

segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi

c)

Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus

d)

kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon

13.

Puisi jawa gagrag anyar diarani....

a)

sanepan

b)

tembang

c)

parikan

d)

geguritan

14.

Geguritan uga diarani puisi bebas amarga....

a)

Ora kaiket dening paugeran

b)

Sapa wae bisa gawe geguritan

c)

Anggone milih tema bebas

d)

Anggone milih basa bebas

15.

Kang dudu kalebu isine geguritan yaiku....

a)

pitutur

b)

piwulang

c)

kritikan

d)

cangkriman