wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Adat Jawa Mantu Kelas XI

Total questions: 15

Worksheet time: 45mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang dudu mlebu reroncening rerankening upacara adat manten yaiku ....

a)

midodareni

b)

siraman

c)

temu manten

d)

lamaran

e)

Tingkepan

2.

Upacara adat Jawi kang dilaksanakake saurunge malam widodari yaiku upacara....

a)

tingkepan

b)

siraman

c)

Midodareni

d)

selapan

e)

Kasodo

3.

Ing ngisor iki kang dadi sipate teks eksposisi yaiku...

a)

Menehi gambaran sawijining papan panggonan kanthi rinci

b)

Ngandharake sawijining objek kanthi ana prosese

c)

Nerangake babagan sawijining barang kanthi gegambaran fisike

d)

Awujud opini saka panulis

e)

Njelasake babagan kedadeyan kanthi rinci lan urut

4.

Tata cara nindakake mantenan adat Jawa Tengah kang wiwitan yaiku...

a)

Midodareni

b)

Sungkeman

c)

Lamaran

d)

Siraman

e)

Kacar kucur

5.

Gambar ing dhuwur minangka tata cara upacara adat temanten ing Jawa Tengah kang arane..

a)

Midodareni

b)

Siraman

c)

Pengajian

d)

Sungkeman

e)

Dulangan

6.

Gambar ing ngisor iki yaiku prosesi kang ditindakake sajroning upacara adat temanten Jawa Tengah. Kang ora ditindakake nalika upacara 'temu manten' yaiku...

a)
b)
c)
d)
e)
7.

Tembung ing ngisor iki kang bener panulisane yaiku...

a)

Aku mangan dhuku ana teras

b)

Erna manthuk saka omahe Bagus jam 4 sore

c)

Bapak kondur saking kantor

d)

Ibuk masak ana dhapur

e)

Kapan-kapan ayo dolan menyang Candhi Sukuh

8.

Ukara ing ngisor iki kang trep karo panganggone basa ngoko lan krama yaiku...

a)

Simbah sare wonten kamar amargi nembe sakit

b)

Kula siram kalawau tabuh pitu enjing

c)

Bapak tindak dhateng kantor sareng kaliyan ibu nitih mobil

d)

Adhik dhahar ketan telas kalih bungkus

e)

Budhe mbeta buah dhuku dhateng dalemipun simbah

9.

upacara pernikahan adat jawa kasebut jenenge apa ...

a)

balangan bantal

b)

balangan balangan

c)

balangan gantal

d)

uncal uncalan

e)

balang balangan

10.

tatacara adat panggih kang dadi pralambang, manten kakung iku kudu tanggungjawab menehi nafkah marang manten putri, jenenge upacara pernikahan adat apa .....

a)

kacar-kucur

b)

siraman

c)

wiji dadi

d)

mecahan tigan

e)

balang gantal

11.

Punapa ingkang dipunwastani teks eksposisi?

a)

Teks ingkang nggadhahi ancas damel pangertosan langkung wiyar

b)

Teks ingkang gadhah ancas damel pamaos katut dherek panyerat

c)

Teks ingkang nggadhahi ancas damel gambaran obyek/kahanan/prastawa

d)

Teks ingkang wose runtutan prastawa adhedhasar urutan wekdal

e)

Teks ingkang ngandaraken alesan-alesan logis supados saged dipuntampi pamaos

12.

Ingkang dados titikanipun teks eksposisi inggih punika ...

a)

Lugas, lan basanipun baku

b)

Subyektif, miturut pamanggihipun panyerat

c)

Paring katrangan babagan gambaran obyek/prastawa/kahanan

d)

Tanpa: data, grafik, foto ingkang akurat

e)

Informatif, obyektif, nyata

13.

Struktur teks eksposisi inggih punika ...

a)

Orientasi, komplikasi, resolusi, koda/ending

b)

Tesis, argumentasi, penegasan ulang

c)

Identifikasi, klasifikasi, deskripsi bagian

d)

Alenia: pambuka, isi/penjelas, panutup

e)

Pendahuluan, tubuh argumen, kesimpulan

14.

Urutanipun damel teks eksposisi ingkang kapisan inggih punika ...

a)

Ngempalaken bahan/materi/referensi

b)

Damel cengkorongan teks

c)

Nemtokaken tujuan/ancas nyerat teks

d)

Nemtokaken tema teks

e)

Revisi

15.

Calon penganten kakung ing pahargyan midodareni rawuh saperlu srah-srahan. Punapa niku srah-srahan?

a)

Calon penganten kakung masrahaken jiwa lan raganipun dhumateng penganten estri.

b)

Calon penganten estri masrahaken jiwa lan raganipun dhumateng penganten kakung.

c)

Calon penganten kakung masrahaken saprangkat perhiasan, rasukan, alat rias, arta lan jajanan dhumateng penganten estri.

d)

Calon besan masrahaken calon penganten kakung.

e)

Calon besan masrahaken calon penganten estri.