Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KELAS 6A

Total questions: 40

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Gambar iku diarani pagelaran ....

a)

jaran balap

b)

jaranan

c)

jathilan

d)

reog

2.

Wacanen wacan ing ngisor iki.

Ngelingi kahanan bangsa lan negara sing tambah mawut, awit tumindake para manungsa sing saya suwe tambah murka sing ndadekake kasangsarane kawula. Mula Ratu Ayu Mega Dewi Sri Saparwi, salah sijine spiritualis lan pemangku adat Padhepokan Kayi Langsur, banjur nggelar ruwatan Ageng Tutup Sura, kanthi karep mligi amrih para pejabat sing duwe sipat jahat enggal eling lan ngendheg tumindak murka, satemah gelem ngudi kamakmuran rakyat.


Upacara ruwatan tujuane kanggo ....

a)

golek dana

b)

narik wisatawan

c)

nyuwun keslametan

d)

seneng-seneng

3.

Wacanen wacan ing ngisor iki.

Prosesi ruwatan Agung Tutup Suran iki digelar ing Umbul Tirta Mulya, dina Jumat Wage 15 Nopember 2019 bengi. Upacara iki dipandhegani Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri Saparwi. Upacara iki uga ngajak wong sukerta cacah 29 wong. Yaiku wong sing tansah apes uripe. Wong-wong iku diwajibake nggawa sesaji arupa woh naga, gedhang raja, apel diwadhahi tampah, tengahe diwenehi lilin lan dhuwit salilane. Lilin banjur disumet Bu Dewi, pratandha oleh pepadhange urip. Prosesi dibacutake kirab tulak balak. Tumeka sapinggire umbul, para penari njoged Bedhaya Dewi Mega Awan, pralambang Gusti Maha Wikan paring berkah.


Sesaji woh-wohan kang dianggo upacara ing Umbul Tirta Mulya yaiku ....

a)

apel ijo, gedhang raja, lan woh naga

b)

gedhang mas, woh naga lan apel

c)

pelem, gedhang kepok, lan jeruk nipis

d)

woh naga, gedhang raja, lan pelem gadung

4.

Upacara Ruwatan Ageng Tutup Sura dipandhegani dening Bu Dewi.

Tembung dipandhegani tegese ....

a)

dikancani

b)

dipimpin

c)

diragadi

d)

ditekani

5.

Tradhisi Jawa ing ngisor iki kang kaleksanan sadurunge bayi lair yaitu ....

a)

brokohan

b)

mitoni

c)

selapanan

d)

sepasaran

6.

Budaya Jawa kudu diuri-uri wiwit saiki supaya tumekan anak putu.

Diuri-uri tegese ....

a)

digambar

b)

dijarake

c)

dijaga

d)

diwarisake

7.

Festival ingkang badhe dipungelar saben tauning Ngayogyakarta punika ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipungarap dening saben paguyuban.


Tembung "paguyuban" tegese ....

a)

gotong-royong

b)

musawarat

c)

pakumpulan

d)

dhewe-dhewe

8.

Para pamiarsa sami remen ningali lan mirengaken gendhing-gendhing ingkang dipungelar ing Festival Gamelan.


Tembung "remen" tegese ....

a)

seneng atine

b)

susah atine

c)

bingung atine

d)

ora cocoog

9.

Tradhisi Selapanan

Selapanan bayi dianakake 35 dina saka laire si bayi. Ana ing pasaran Jawa, dina pasaran cacahe ana lima. Umpama bayi lair ing dina Selasa Legi, selapanan bayi mengko bakale tiba uga ing dina Selasa Legi. Selapanan Bayi minangka salah sawijinaing pengetan kanggo pratandha puji syukur laire bayi.


Ancase tradhisi selapanan yaiku ....

a)

pengetan kanggo pratandha puji syukur laire anak

b)

pengetan kanggo pratandha puji syukur omahe ngadeg

c)

pengetan kanggo pratandha puji syukur arep panen

d)

pengetan kanggo pratandha puji syukur arep pasa

10.

kesenian kethoprak iku bisa ditemokake ana inga dhaerah ngisor iki kajaba ....

a)

Ngayogyakarta

b)

Solo

c)

Bali

d)

Boyolali

11.

Gathutkaca Gugur

Gathutkaca kuwi salah sawijining putra Bima. Gathutkaca lair saka buta wadon jenenge Arimbi. Bima utawa Bratasena bisa kepincut marang Arimbi amarga ibune yaiku Dewi Kunthi maes Arimbi dadi ayu, saengga Bima tuwuh tresnane. Saka dhaupe Bima lan Arimbi, lair Gathutkaca.


Ibune Raden Gathutkaca iku asmane ....

a)

Dewi Madrim

b)

Dewi Kunthi

c)

Dewi Arimbi

d)

Dewi Pregiwa

12.

Gathutkaca Gugur

Gathutkaca kuwi salah sawijining putra Bima. Gathutkaca lair saka buta wadon jenenge Arimbi. Bima utawa Bratasena bisa kepincut marang Arimbi amarga ibune yaiku Dewi Kunthi maes Arimbi dadi ayu, saengga Bima tuwuh tresnane. Saka dhaupe Bima lan Arimbi, lair Gathutkaca.


Jeneng liyane Bima yaiku ....

a)

Arimbi

b)

Bratasena

c)

Gathutkaca

d)

Dewi Kunthi

13.

Raden Gathutkaca satriya kang luhur budine, jujur, seneng tetulung, mbelani kang bener, lan tansah ngabekti marang wong tuane. Gagah prakosa, sekti, lan bisa ngambah gegana tanpa elar. Ananging Raden Gathutkaca duwe pangapesan, dene ing pusere ana warangka gaman Kuntawijayandhanu. Mengkono kahanane, kedadean nalika isih bayi pusere ora bisa kapangkas nganggo gaman apa wae, bisane mung kapangkas nganggo gaman Kuntawijayandhanu kuwi. Eloke nalika gaman Kuntawijayandhanu kelakon magas ari-ari, tanpa kanyana warangkane manjing ing pusere jabang bayi Tetuka. Tetuka iku jenenge Raden Gathutkaca nalika isih bayi.


Jeneng cilike Raden Gathutkaca yaiku ....

a)

Bagaskara

b)

Jayadrata

c)

Tetuka

d)

Kuntawijaya

14.

Raden Gathutkaca satriya kang luhur budine, jujur, seneng tetulung, mbelani kang bener, lan tansah ngabekti marang wong tuane. Gagah prakosa, sekti, lan bisa ngambah gegana tanpa elar. Ananging Raden Gathutkaca duwe pangapesan, dene ing pusere ana warangka gaman Kuntawijayandhanu. Mengkono kahanane, kedadean nalika isih bayi pusere ora bisa kapangkas nganggo gaman apa wae, bisane mung kapangkas nganggo gaman Kuntawijayandhanu kuwi. Eloke nalika gaman Kuntawijayandhanu kelakon magas ari-ari, tanpa kanyana warangkane manjing ing pusere jabang bayi Tetuka. Tetuka iku jenenge Raden Gathutkaca nalika isih bayi.


Wateke Raden Gathutkaca yaiku ....

a)

ciluka lan jirih

b)

jujur lan seneng tetulung

c)

jirih lan jujur

d)

kendel lan ora bekti marang wong tuwa

15.

Pangajabe Prabu Duryudana, mumpung para Pandhawa pada kepenak anggone nendra, mula gampang diprejaya.


Tembung "nendra" tegese ....

a)

srengenge

b)

awan

c)

wengi

d)

turu

16.

Dedege Raden Gathutkaca yaiku ....

a)

gedhe dhuwur

b)

kuru cilik

c)

lemu medeni

d)

nesu

17.

Nalika wis diwasa, Raden Gathutkaca dadi ratu ing ....

a)

Astina

b)

Bhumi Retawu

c)

Pringgondani

d)

Madukara

18.

Miturut aturan kang wis disarujuki, perang Baratayuda diwiwiti saka esuk tumekan ....

a)

wayah wengi

b)

wayah sore

c)

wayah esuk

d)

wayah awan

19.

Nalika sish bayi, wujude Gathutkaca yaiku . . . .

a)

buntel

b)

raseksa

c)

topeng waja

d)

Kunta Wijayadanu

20.

Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .

a)

Mahabarata

b)

Baratayudha

c)

Bubat

d)

Tanding

21.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

22.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

23.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

24.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

sewelas

b)

pitu

c)

wolu

d)

sepuluh

25.

Es batune (tutuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........

a)

Es batune (nutuk) mas Ilham

b)

Es batune (daktutuk) mas Ilham

c)

Es batune (ditutuk) mas Ilham

d)

Es batune (kotutuk) mas Ilham

26.

Wong sing neng sekolah, penggawehane ngulang murid-murid yoiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

27.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

28.

Ajian kang wenehi para dewa marang gathutkaca sehengga bisa miber tanpa sewiwi, yaiku...

a)

Kuntawijaya

b)

Pasopati Lan ardadedalin

c)

Kembang wijaya kusuma

d)

Kotang antra kusuma lan suryakanta

e)

Jamus kalimasada

29.

Udin iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.

Tembung isinan iku tegese …

a)

ora duwe isin

b)

ora isin blas

c)

seneng ngisin-ngisini

d)

Gampang isin

30.

Mbak Ning titip nagasari.

Nagasari kuwi arane ....

a)

panganan

b)

buku

c)

gambar

d)

cerita

31.

1. Nyadran biyasane dilakokake ana ing . . . .

a)

omah

b)

kuburan

c)

masjid

32.

2. Nyadran Duweni ancas . . .

a)

dedonga kanggo kelairane bayi

b)

dedonga kanggo leluhur kang wis seda

c)

dedonga kanggo keselamatan

33.

3. upacara Nyadran biyasane ditindakake nalika . . . .

a)

wulan pasa

b)

Ruwah

c)

Tahun baru Masehi

34.

Crita Bandung Bandawasa iku crita kang kadadeane….

a)

setahun kepungkur

b)

jaman saiki

c)

jaman biyen

d)

setahun meneh

35.

Amarga reog iku asale saka Ponorogo,mula . . . . Reog Ponorogo.

Tembung kanggo ngisi ceceg ceceg kang bener yaiku . . .

a)

kaaranan

b)

koarani

c)

aranana

d)

diarani

36.

Adhiku dadi juara  kelas,mula atine ibu seneng banget.Yen dikramakake dadi….

a)

Adhi kawula dados juara kelas,pramila manahipun ibu remen sanget

b)

Adhi kawula  dados juara kelas pramila manahipun ibu seneng sanget

c)

Adhiku dados juara kelas pramila manahipun ibu remen sanget

d)

Adhiku dados juara kelas pramila manahipun ibu seneng banget

37.

Gathutkaca priyayi kang….

a)

Sekti mandraguna nanging ora bekti marang ibune

b)

Sekti mandraguna nanging nduweni tekad kang miyur

c)

Sekti mandraguna uga tansah ora kendhat manembah Gusti

d)

Sekti mandraguna nanging bane ora akeh

38.

Asma ibune Gathutkaca yaiku….

a)

Dewi Anjani

b)

Dewi Arimbi

c)

Dewi Sekartaji

d)

Dewi Batari

39.

Jenenge kasatriane Gathutkaca yaiku…

a)

Jodhipati

b)

Pringgodani

c)

Ngamarta

d)

Kurusetra

40.

Gambar ing sisih jenenge …

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Yudhistira

d)

Gathutkaca