wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA JAWA KELAS XII

Total questions: 15

Worksheet time: 48mins

Name
Class
Date
1.

Kinanthi

Mangka kantining tumuwuh,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,

Yeku pangreksaning urip.

1.              Tembang ing dhuwur guru lagu lan guru wilangane yaiku....

a)

a.   8a, 8i, 8u, 8e, 8o,8i       

b)

b.    8i, 8u, 8e, 8o, 8a, 8i    

c)

     

c.     8u, 8a, 8i, 8u, 8a, 8i

d)

a.     8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

2.

1.              Gathekna tembang ing ngisor iki!

Meloke yen arsa muluk,

Muluk ujare lir wali,

Wola-wali nora nyata,

Anggepe pandhita luwih,

Kaluwihane tan ana,

Kabeh tandah-tandha sepi.

Melokake yen arsa muluk yen ditegesi basa indonesia kang bener yaiku....

a)

a. Tidak terbukti adanya kelebihan

b)

b.     Merasa diri seperti pendeta terkenal

c)

c.  Berulang-ulang tanpa pernah terbukti

d)

d. Baru kelihatan saat ingin terkenal         

3.

1.              Saka tembang ing soal ndhuwur, ukara “wola-wali nora nyatane” menawa ditegesi ing basa Indonesia kang trep yaiku....

a)

a. Tidak terbukti adanya kelebihan

b)

b. Baru kelihatan saat ingin terkenal

c)

c.  Berulang-ulang tanpa pernah terbukti

d)

d.     Merasa diri seperti pendeta terkenal

4.

     Gatekna cuplikan geguritan iki!

Panase surya tan rinasa

Kesele awak tan ginubris

Kang diesti among makarya

Oleh karya

Kanggo putra

Isi pethikan geguritan iku ngemu rasa…

a)

a.     Jengkel nalika nyambut gawe ing ngalas         

b)

b.     Sabar, nalika nyambut gawe kanggo keluarga

c)

 c.  Ora trima amarga dadi wong kakeyan gawean

d)

Kangen marang wong kang nyambut gawe

5.

    eklasna aku lunga biyung

sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung

eklasna aku lunga

lungaku sangu ati lapis waja

…………..

Isine geguritan ing dhuwur yaiku….

a)

a.     Rasa sedhih ninggalake wong tua

b)

b. Pamit arep golek pakaryan ing adoh

c)

c.     Wis ora kuwat maneh amarga lara

d)

d.   Pamit arep budhal sekolah

6.

Nalika arep maca geguritan kudu nggatekake solah bawa, ekspresi lan jiwane geguritan, upamane isine geguritan iku sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa, supaya sing mirengake melu sedhih. Eskpresi iku ana rong bagean yaiku gestur lan mimik, kang dikarepke gestur kuwi kang kepriye....

a)

a.     Sesambungan karo kedaling lesan, tata pangaturing napas

b)

b.    Polatan rai jumbuh karo rasa kang dikarepake geguritan

c)

c.     Obahing awak manut swasana sing dikarepake geguritan

d)

d.     Bisa ngrasake apa isine geguritan kang diwaca

7.

Beskap mujudake salah sijine busana adat Jawa. Beskap biasane dianggo nalika acara-acara tartamu. salah sijine acara nikahan. Ing ngisor iki pelengkap saka busana beskap kang trep yaiku....

a)

a.     Nyamping, stagen, sabuk, epek, keris, selop lan blangkon

b)

b.     Nyamping, stagen, epek, keris, duwung, selop lan blangkon

c)

c.     Nyamping, sabuk, epek, keris, selop lan blangkon

d)

d.    Nyamping, sinjang, stagen, epek, keris, lan selop

8.

Gathekna data ing ngisor iki!

1.    Kendhang                  4.  Gitar

2.    Keybord                     5.  Kempul

3.    Kethuk                       6.  Kenong

Ing ngisor iki kang kalebu ricikane gamelan yaiku....

a)

a. 3,5,6

b)

b. 1,3,5

c)

c. 4,5,3

d)

d. 3,2,1

9.

Gamelan biasane kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukan kayata wayang kulit lan kethoprak. Gamelan biyasane kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa. Nalika nuthuk gendhing kudu tansah nggatekake....

a)

a. mangsa

b)

b. titi swara

c)

c. titilaras

d)

d. titisastra

10.

Ukara ing dhuwur menawa diowahi dadi latin yaiku....

a)

a.     Bambang Susanto iku putrane Raden Janaka

b)

b.     Bambang Irawan ksatriya saka Alengka

c)

c.     Bambang Irawan ksatriya saka Astina

d)

d.     Bambang Gunawan iku putrane Raden Arjuna

11.

1.              Kinanthi

Dene awas tegesipun

weruh warananing urip

miwah wisesaning tunggal

kang atunggil rina wengi

kang mukitan ing sakarsa

gumelar ngalam sakalir

Saka tembang ing dhuwur tentokna  isine!

4 lines
12.

2.     Ijazah

(dening : Djajus Pete)

Ijazah telung lembar

ing gegeman

dakrebut meres pikiran lan tenaga

ngoreti bandha

dakumpamake gegeman

ora tedhas kanggo mbukak panguripan

ah,.....

Saka geguritan ing dhuwur tentokna temane!

4 lines
13.

3.     Jarik yaiku kain kang dienggo wang jawa, fungsine kanggo nutupi awak nganti sikil. Jarik ora mung dianggo dening wanita nanging uga dienggo dening priya. Priya kang nganggo jarik nggambarake priya kang luwes lan fleksibel. Wenehana panemumu ngenani jarik kang nggambarake priya kudu luwes lan fleksibel!

4 lines
14.

4. Sebutna gamelan kang kalebu jenis gamelan wilah!

4 lines
15.

5. Aksara ing ndhuwur iki yen ditulis latin unine ?

4 lines