wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 6 BAHASA JAWA KD 3.3

Total questions: 31

Worksheet time: 2hrs 33mins

Name
Class
Date
1.

Becik ketitik, ala ketara

Unen-unen kasebut kalebu jinise ....

a)

bebasan

b)

paribasan

c)

saloka

d)

tembang dolanan

2.

Becik ketitik, ala ketara

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku ....

a)

dituturi bola-bali meksa ora digugu

b)

sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

c)

bisa njunjung derajate wong tuwa

d)

wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek ngenteki

3.

Yitna yuwana, lena kena

Unen-unen kasebut kalebu jinise ....

a)

bebasan

b)

paribasan

c)

saloka

d)

tembang dolanan

4.

Yitna yuwana, lena kena

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku ....

a)

sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka

b)

karepe ngirit, nanging malah entek akeh

c)

kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane

d)

nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa

5.

Unen-unen sing lumrahe ana jejere yaiku ....

a)

bebasan

b)

saloka

c)

paribasan

d)

pepindhan

6.

Tegese paribasan nututi layangan pedhot yaiku ....

a)

nindakake pakaryan kang angel kelakone

b)

nindakake pakaryan kang gampang kelakone

c)

nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane

d)

nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane

7.

Wujude unen-unen iku ana ....

a)

3

b)

2

c)

5

d)

4

8.

Unen-unen Jawa tegese ....

a)

tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora duweni titikan tartamtu

b)

tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu

c)

tetembungan tartamtu kang endah

d)

tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat

9.

Kebo nusu gudel

Unen-unen ing duwur kalebu jinise ....

a)

bebasan

b)

paribasan

c)

saloka

d)

tembang dolanan

10.

Kebo nusu gudel

Tegese unen-unen ing duwur yaiku ....

a)

wong becik dianggap wong ala

b)

wong duwe kekarepan sing mokal kalakone

c)

wong ngrekasa uripe merga kabotan butuh, kakehan anak

d)

wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

11.

Raden Ngabehi Ranggawarsita nyerat maneka warna reriptan sastra. Panjenengane misuwur minangka juru nujum, kanthi tulus sawernaning guna kasantikan.

Tegese unen-unen kang di cetak miring yaiku ....

a)

pinter sakehing ilmu

b)

dimulyake kanthi kalungguhan

c)

tedhak turuning ratu

d)

nyerat sawernane kawruh

12.

Kanggo masuh dodotiro.

Tegese ukara kang di cetak miring yaiku ....

a)

krasa seger keterak angin

b)

ngadhep ratu

c)

ngumbah dodot, kain

d)

muter seser

13.

Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku ....

a)

bebasan, paribasan lan saloka

b)

bebasan, saloka lan pepindhan

c)

saloka, paribasan lan pepindhan

d)

saloka, baradha, pepindhan

14.

Sing padha antarane paribasan, bebasan lan saloka yaiku ....

a)

tetembungane tetep, cacahe genep

b)

tetembungane tetep, isine owah

c)

tetembungane tetep, ora owah

d)

tetembungane tetep, genep, bisa owah

15.

Seng mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka ....

a)

tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar

b)

tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah

c)

tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu

d)

tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah

16.

Tegese saloka jer basuki mawa beya yaiku ....

a)

amrih bisa mulya, butuh pangurbanan

b)

amrih bisa sugih, butuh utangan

c)

amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur

d)

amrih bisa seneng, butuh mangan enak

17.

Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

geguritan

18.

Kaya asu karo kucing

Unen-unen ing dhuwur kalebu jinise ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

parikan

19.

Jangkepana unen-unen iki!

Rawe-rawe ....

a)

nggayuh lintang

b)

mblabar madu

c)

segara

d)

rantas malang-malang putung

20.

(1) Ancik-ancik pucuke eri

(2) Arep nangkane emoh pulute

(3) Diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) Iwak klebu ing wuwu

Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomor ....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

21.

Sing kalebu unen-unen bebasan yaiku ....

a)

bathok bolu isi madu

b)

ula marani gepuk

c)

kebo kabotan sungu

d)

kebanjiran segara madu

22.

Kang kalebu unen-unen saloka yaiku ....

a)

diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

nututi layangan pedhot

c)

pupur sawise benjut

d)

kebo nusu gudel

23.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

parikan

24.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

kebo lagi turu

d)

kebo mangan suket

25.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

26.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

27.

Salah siji titikane/ciri paribasan sing beda karo liyane yaiku ....

a)

tegese entar

b)

tegese lumrah

c)

nganggo gegambaran arupa kahanan

d)

nganggo gambaran arupa kewan

28.

... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Wangsalan

29.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

30.

Sing dadi titikane paribasan yaiku ....

a)

tegese entar

b)

tegese wantah

c)

nganggo gegambaran

d)

lumrahe ana jejere

31.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

cangkriman

b)

geguritan

c)

wangsalan

d)

bebasan