NEW
Font size
WorksheetsTRY OUT USP B JAWA SMK
Total questions: 26
Worksheet time: 15mins
“Rara Anteng gelem kagarwa Bajak, nanging duweni panyuwunan.”
Ukara ikimawa basa…
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Ngoko Madya
Krama Lugu
Krama Alus
“Iya Dhiajeng, matura wong tuwamu yen aku arep nglamar sliramu!”
Ukara iki mawa Basa…
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Ngoko Madya
Krama Lugu
Krama Alus
“Menawi panjenengan dereng rawuh, mangke kula mawon sing ndherekaken.”
Ukara iki mawa Basa…
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Ngoko Madya
Krama Lugu
Krama Alus
“Adhi kula tilem wonten kamar ngajeng.”
Tembung kang kagaris ngisor mujudake basa…
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Ngoko Madya
Krama Lugu
Krama Alus
Ukara ing Ngisor iki kang migunakake undha usuk basa kang bener yaiku…
Sarampunge panjenengan makarya, mangke kula paring panganan.
Benjing menawi wonten wekdal panjenengan kula aturi rawuh!
Saumpamanipun kula sugih, badhe kula pundhut sedaya montore.
Adhi kula nembe kemawon sare.
Mangga pak bu, kula kundur rumiyin.
Bakul Pecel : “Pak Lurah rampung Tindak ngendi iki mau?”
Pak Lurah : “Walah, saking Kecamatan bu, wonten Sosialisasi Bantuan Covid.”
Bakul Pecel : “Alhamdulillah, bisa ngenthengake sanggane wong cilik pak, Jenengan Ngunjuke apa iki?”
Saka Pacelathon ing dhuwur, bisa dimangerteni yen…
Pak Lurah lan Bakul Pecel padha dene Sepuhe
Pak Lurah lan Bakul Pecel padha dene Enome
Pak Lurah lan Bakul Pecel kanca raket
Bakul Pecel luwih enom tinimbang Pak Lurah
Pak Lurah luwih enom tinimbang Bakul Pecel
“Dhik Dhimas boten siyos siram wau sonten, amargi toyane PUDAM taksih mati.”
Tembung kang ora pas panganggone saka ukara kasebut yaiku…
Siyos
Siram
Sonten
Toyane
Taksih
hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata. Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh prenah
Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya.
Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.
Teks kasebut mujudake punggelan panyandra sajrone upacara adat widi widana Panggih (Temu Manten), Miturut teks kasebut sapa sing dicandra/ dialembana/dilem?
Manten kakung
Manten Putri
Wong Tuwa
Sasana Pawiwahan (Situasi Pernikahan)
Asana Pawiwahan (Tempat Pernikahan)
Gapuraning pawiwahan rinengga edining rerenggan janur kuning, sinangga ing pisang raja, cengkir gadhing, tebu wulung, pari sawuli, sekar sarta wohing kapas, ron apa-apa, suket alang-alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang isi sekar setaman ingkang wasitha sinandhi.
Teks kasebut mujudake punggelan panyandra sajrone upacara adat Mantu, kang nerangake ngenani…
Manten kakung
Manten Putri
Wong Tuwa
Sasana Pawiwahan (Situasi Pernikahan)
Asana Pawiwahan (Tempat Pernikahan)
Rawat-rawat kepireng ungeling ladrang Mugi rahayu, asung panjurung lampahing pangabekten risang temanten kekalih wonten ngarsanipun rama tuwin ibu. Kekalihipun sampun ngrucat cenela lampah dhodhok......
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa gya humarak ngarsa mring Ibu miwah rama.
Punggelan teks panyandra kasebut mujudake panyandra nalika…
Balang Gantal
Sungkeman
Bobot Timbang
Singep Sindur
Panggih
Upacara Tedhak Siten (Midak Lemah), mujudake pratandha yen bocah kapisanan mudhun ana ing bumi pertiwi nalika umur pitung lapan utawa 252 dina. Ing ngisor iki ubarampe (perlengkapan) Tedhak Siten kang bener yaiku…
Jenang Sengkala, kurungan, Jadah werna-werna, lemah, tebu wulung, suruh temu rose
kurungan, Jadah werna-werna, lemah, tebu wulung, suruh temu rose
Jadah werna-werna,lemah, banyu kembang, tebu wulung, lemah, tumpeng robyong
Tumpeng Robyong, kepengan, banyu tuk pitu, janur
Gedhang Raja, Pedharingan, Kacang kawak, dhele kawak, Janur
Upacara kasebut ingaranan kacar-kucur tampa kaya, yen disawang saka gambar, upacara kasebut duweni makna lan maksud…
Urip bebrayan (berumah tangga) kudu rukun
Wong wadon kudu ngabekti marang kakunge
Wong lanang kudu bisa weneh “nafkah” marang kaluwargane
Omah-omah kudu bisa gemi lan satiti
Urip bebrayan kudu bisa paweh marang liyan.
Gambar kasebut salah siji urut reroncene Tedhak Siten Prosesi ing gambar kasebut nerangake bocah kang midak ana ing Jadah werna-werna kang duweni Teges lan Makna …
Urip ing ngalam donya bakal nemoni maneka werna perkara
Bocah bakal jejeg lakune
Jangkahe supaya amba
Kareben Apal klawan dalane dhewe
Eling asale eling baline
Upacara ing dhuwur mujudake upacara Siraman migunakake pakem Surakarta. Katenger saka busana kang digunakake. Kejaba Pakem Surakarta, Upacara Adat Jawa duweni Pakem liyane kang uga dilestarekake pamengku budaya Jawa yaiku Pakem…
Surabaya
Wonogiri
Yogyakarta
Malang
Kediri
penganten kasebut penganten gaya...
yogyakarta
surakarta
semarang
surabaya
ponorogo
penganten kasebut penganten gaya...
yogyakarta
surakarta
semarang
surabaya
ponorogo
Hayo rowang hangayahi kardi
Nora kendhat pambanguning desa
Binudi murih becike
Supaya tansah maju
Ngupakara karang lan kitri
Guyup rukun tumandang
Asengkut gumregut
Temah dadiya tata harja
Handayani Murah sandhang pangan yekti
Jro kutha desa-desa
Struktur tembang kasebut yen diudhari Guru Gatra, Guru wilangan lan Guru Lagune cocog klawan paugeran tembang…
Asmaradana
Dhandhanggula
Megatruh
Mijil
Sinom
tembang ing dhuwur migunakake laras...
pelog barang
pelog 6
slendro 9
slendro manyura
pelog 5
MASKUMAMBANG
Lamun kita ngadhepi mangsa pandhemi
Kudu resik raga
Nganggo sabun aja lali
Angedohi karameyan
Kepriye Paugerane tembang kang bener yaiku …..
Guru Gatra : 12, 6, 8, 8
Guru Wilangan : 12, 6, 8, 8
Guru Wilangan : 4
Guru Lagu : 4
Guru Gatra & Guru Wilangan : 12i, 6a, 8i, 8a
Ing Ngisor iki mujudake tembang macapat Mijil kang isine gambarake wayah udan yaiku…
Wulang estri kang wus palakrami
Lamun pinitados
Amengkoni mring balewismane
Among putra marusentanabdi
Den angati-ati
Ing sadurungipun
Madya ratri kentarnya mangikis,
Sira Sang lir sinom,
Saking taman miyos butulane,
Datan wonten cethine udani,
Lampahe lestari,
Wus ngambah marga Gung.
Angenglengi lelangening langit,
wulan meh mangulon,
lir nganglangi buwana langene,
kalong kalang agolong tumiling,
lir kadya sung peling,
samar dalu dalu.
Geter pater dhedhet herawati,
kilat thathit mawor,
obar-abir ambabar pinggire,
kelap-kelap kelamban belani,
lelidhah lumindhih,
Sang Kusuma ngadhuh.
Kumpang-kumpan rame pinggir margi,
lir sabdanig kayon,
rerep angresbarungan walang krek,
singga mudada ingkang lumaris,
beluk miwah kolik,
kadya celuk-celuk.
DURMA
Ayo kanca gugur gunung bebarengan
Aja ana kang mangkir
Amrih kasembadan
Tujuan pembangunan
Pager apik dalan resik
Latar gumelar
Wisma asri kaeksi
Tembung Gugur Gunung sajrone tembang Durma kasebut ngemu teges…
Mudhun Gunung
Rame-rame
Gotong Royong
Seneng-seneng
Balapan
Paribasan : Unen-unen ajeg panganggone, Ora ngemu pepindhan (tidak diumpamakan),
Bebasan : Unen-unen ajeg panganggone, teges entar (makna kias) ngemu surasa pepindhan (diumpamakan terhadap sesuatu),
Saloka : Unen-unen ajeg panganggone, teges entar (makna kias) ngemu surasa pepindhan tumrap tiah liyan (diumpamakan terhadap sesuatu sifat makhluk lain)
Banjur ing ngisor iki kang klebu Paribasan yaiku…
Kebo nusu gudel
Ancik-ancik pucuke eri
Becik ketitik ala ketara
Cicak nguntal cagak
Asu gedhe menang kerahe
Paribasan : Unen-unen ajeg panganggone, Ora ngemu pepindhan (tidak diumpamakan),
Bebasan : Unen-unen ajeg panganggone, teges entar (makna kias) ngemu surasa pepindhan (diumpamakan terhadap sesuatu),
Saloka : Unen-unen ajeg panganggone, teges entar (makna kias) ngemu surasa pepindhan tumrap tiah liyan (diumpamakan terhadap sesuatu sifat makhluk lain)
Banjur ing ngisor iki kang klebu Saloka yaiku…
Kere munggah bale
Dhemit ora dulit, setan ora doyan
Desa mawa cara Negara mawa tata
Garang garing
Entek amek kurang golek
Pak Suyadi sejatine wong sing sugih banget, saking sugihe nganti sawah sa Dhusun Ringinrumbuk meh kabeh dadi duweke, nanging sawijine dina Pak Suyadi kapusan akeh nganti sawahe meh kadol kabeh. Sawah sing diduweni Pak Suyadi saiki kari 1 bahu. Sawijine dina Pak Suyadi ditawani bisnis Dol tinuku Perumahan (Properti) cilik-cilikan sing Modhale kira2 padha karo adol sawah 1 bahu. Ning yen sawah mau didol, tegese Pak Suyadi wis ora duwe apa2 babar blas kejaba omah sing dienggoni. Senajan kaya mangkono, menawa bisnis propertine Mlaku lan lancar, untunge uga gedhe lan bisa balekake Sawah kang kadol mau.
Paribasan kang cocog klawan kahanane Pak Suyadi kang arep adol Sawah 1 bahu mau yaiku..
Ndhas gundhul dikepiti
Anak polah bapa kepradhah
Kalah cacak menang cacak
Cicak nguntal cagak
Durung becus keselak besus
Andika sejatine bocah kang menengan lan lugu, banjur sawijine dina nalika Andika pindah sekolah ing Jaba Kutha, Andika antuk kanca-kanca kang kurang pener. Wiwit saka kuwi Andhika dadi bocah sing seneng kluyuran, seneng nginum inuman keras, seneng rokokan, Sandhangane uga ra karu-karuan. Senajan wong tuwane wis nyoba maneka cara kanggo mulihake Andika nanging tetep wae ora bisa mari kaya Andhika sing biyen.
Bebasan kang cocog klawan kahanane Andhika yaiku…
Beras wutah arang bali marang takere
Buru uceng kelangan dheleg
Diwenehi ati ngrogoh rempela
Dikempit kaya wade
Ketepang ngrangsang gunung
Wangsalan wujude ukara (kalimat), duweni paugeran loro,yaiku :
1. Cangkriman (Teka-teki)
2. Wangsulan (Jawaban), nanging kang digunakake tibane swara (SAJAK) saka wangsulane mau.
Banjur yen ana wangsalan : “Wite klapa, …………………………………………”.
Ukara kang pas kanggo ngisi titik-titik kasebut yaiku …
Aja sok wani-wani
Aja nganti lali
Dadi wong aja lugu-lugu
Yen panas aras-arasen
Sing prasaja wae
