Font size
WorksheetsKisi-kisi ASAS B.Jawa kelas 8
Total questions: 22
Worksheet time: 4hrs 50mins
Pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi milih luwih saka siji aksara kang bener!
Kang ora kena ditindakake nalika wawancara yaiku ...
Medhot omongan
Crita dewe
Basa ngoko lugu
Nganggo tata krama
Pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi milih luwih saka siji aksara kang bener!
Sasuwene iki kelas 8E kawentar siswane kang pinter. Tembung kawentar sinonime yaiku ..
Kaloka
Kasusra
Kondhang
Kalebu
Pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi milih luwih saka siji aksara kang bener!
Basa ngoko lugu digunakake marang ....
Kanca padha kanca
Kanca raket
Wong tuwa marang anake
Siswa marang guru
Pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi milih luwih saka siji aksara kang bener!
Basa ngoko alus digunakake marang ....
Kanca padha kanca
Kanca raket
Wong tuwa marang anake
Siswa marang guru
Gatekke wacana teks pawarta ing ngisor iki!
Kanggo nyengkuyung program pembangunan desa wisata Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman ngadani Festival Desa Wisata Kabupaten Sleman. Kegiatan festival kasebut dieloni dening 24 desa kang sumebar ing 86 desa ing 17 Kecamatan lan mapan ing Wonokerto, Turi.
Miturut Kepala Dinas Pariwisata Dra. Sudarningsih nerangake kegiyatan festival Desa Wisata kasebut duwe tujuan kanggo nggugah programe desa wisata anggone ningkatake peran sertane masarakat ing babagan pembangunan wisata ing wilayah desane. Sebab kanthi cara kasebut temtune kegiyatan ekonomi masarakat uga arep bisa mlaku sarta mundhak kanthi becik yaiku kanthi ningkatake maneka warna asile kerajinan, jasa lan prodhuksi liyane kang ana wilayahe desa kasebut.
Kanggo nyengkuyung kegiyatan kasebut Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman uga ngadani lomba nulis artikel kanthi tema desa wisata lan lomba foto desa wisata. Para juwara kasebut, oleh bebungah awujud piala, piagam lan dhuwit pembinaan.
"Festival Desa Wisata Kabupaten Sleman dieloni dening 24 desa kang sumebar ing 86 desa ing 17 Kecamatan lan mapan ing Wonokerto, Sleman."
Bener
Salah
Gatekke wacana teks pawarta ing ngisor iki!
Kanggo nyengkuyung program pembangunan desa wisata Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman ngadani Festival Desa Wisata Kabupaten Sleman. Kegiatan festival kasebut dieloni dening 24 desa kang sumebar ing 86 desa ing 17 Kecamatan lan mapan ing Wonokerto, Turi.
Miturut Kepala Dinas Pariwisata Dra. Sudarningsih nerangake kegiyatan festival Desa Wisata kasebut duwe tujuan kanggo nggugah programe desa wisata anggone ningkatake peran sertane masarakat ing babagan pembangunan wisata ing wilayah desane. Sebab kanthi cara kasebut temtune kegiyatan ekonomi masarakat uga arep bisa mlaku sarta mundhak kanthi becik yaiku kanthi ningkatake maneka warna asile kerajinan, jasa lan prodhuksi liyane kang ana wilayahe desa kasebut.
Kanggo nyengkuyung kegiyatan kasebut Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman uga ngadani lomba nulis artikel kanthi tema desa wisata lan lomba foto desa wisata. Para juwara kasebut, oleh bebungah awujud piala, piagam lan dhuwit pembinaan.
"Kanggo nyengkuyung Festival Desa Wisata Kabupaten Sleman, Dinas Pariwisata ngadani lomba nulis artikel kanthi tema desa wisata lan lomba foto desa wisata."
Bener
Salah
Wangsulana pratelan ngisor iki wes nganggo unggah-ungguh basa sing Bener utawi Salah!
"Kula nyuwun arta dhateng bapak badhe kangge tumbas buku tulis lan bolpen wonten toko Wijaya."
Bener
Salah
Pasangna kalimat ing ngandhap iki kanthi bener miturut Crita Cekak!
awujud gancaran
ana paraga utama lan panyengkuyung
ngandhut piweling
dawane crita 1-5 kaca
tema
alur
paraga
latar
sudut pandnag
amanat
pambuka
pasulayan
pangudhare perkara
orientasi
komplikasi
resolusi
Perangan cerkak kang ngenalake paraga, latar lan wektu dumadine crita yaiku (a)
Perangan cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, kalebu punjering crita, lab kudu ana sajroning crita diarani? (a)
Pasangna kalimat ing ngandhap iki kanthi bener miturut unggah-ungguh basa.
“Bu, aku lan kanca-kanca mengko bengi sida budhal menyang Bali lho!”
Ngoko Lugu (Wantah)
“Adhik punika mesthi nakal nggih, Pak!” Wongsal-wangsul nanglet tiyang sepuhipun!”
Krama Alus (Inggil)
“Kula badhe tindak dhateng pasar, punapa panjenengan kersa?”
Krama Lugu (Madya)
“Sampun dangu kula mboten mireng saking panjenengan.”
Ngoko Alus (Andhap)
Gathekna pethikan cerita cekak iki!
“Kowe kudu kuat mentalmu. Ya iku sing jenenge arep dadi wong linuwih, kudu tahan banting ngadhepi pacoban, kalebu poyokan saka kanca-kancamu. Bisa uga, kancamu moyoki ngono kuwi, amarga dheweke ora bisa nembang. Dheweke bisa wae banjur serik marang kaluwihanmu iku.Biyen Eyang nalika isih sekolah, uga kerep dipoyoki. Nanging Eyang ora nggagas poyokan iku, mulane Eyang tetep bisa maju lan dadi juwara. Kae ta, yen Ratih neng daleme Eyang, akeh piala neng omahe Eyang, Iku tandhane Eyang ora gampang nglokro yen dipoyoki. Malah yen bisa dadi pamecut, supaya tambah sregep anggone nggladhi kewasisan.
Amanat kang bisa dijupuk saka wacan kasebut yaiku….
ora kudu sregep yen kepingin dadi juara
ora gampang nglokro yen ngadhepi pacoban
serik yen ana kancane kang duwe kaluwihan
ora kudu tahan banting yen kepengin dadi juara
Gatekna wacan ing ngisor iki!
"Sugeng enjing para siswa". Bu Weni guru kelas sanga uluk salam.
“Sugeng enjing Bu...!” wangsulane para siswa.
"Sapa sing ora mlebu dina iki?" Bu Weni mbacutke pitakon.
"Indra Bu, sampun gangsal dinten!" Jatmika ketua kelas atur wangsulan.
"Apa ana sing ngerti neng ngendi Indra kok wis limang dina ora mlebu." Pitakone Bu Weni
meneh.
"Esti niku sing ngertos Bu!"
"Boten ding Bu, kula boten ngertos." Esti bocah wadon lemu ginuk-ginuk gage nrambul
matur gurune. Kanca-kancane ger-geran.
"Wis-wis aja mbeda kanca ta ora becik. Ya wis mengko dak rembugan karo guru BP." Bu
Weni ngendika.
Wulangan banjur diwiwiti. Bocah-bocah banjur padha meneng nggatekake piwulange Bu
Weni, guru ayu tur pinter idholane bocah-bocah.
Adhedhasar wacan kasebut, setting kang digambarake ana ing…
njero kelas
njaba kelas
teras kelas
lapangan upacara
Gatekna pawarta iki!
Termometer rai dipasang ing saben patung bregada kang ana ing saben regol Malioboro ing saben zonasi. Ana 8 termometer praupan kang dipasang ing 4 zona wiwit jam 08.00 tekan jam 00.00 WIB. Sabanjure piranti kuwi mau dilerenake kanggo ngisi daya batune.
Saka pawarta kasebut, manawa sawise jam 00.00 nganti jam 08.00 WIB termometer praupan dilerenake, kanggo ngisi daya batune. Daya batu bisa digunakake meneh dina candhakke kanggo pirang jam?
12 jam
18 jam
16 jam
10 jam
Gatekna pawarta iki!
Kepala Pusat Penerangan Mabes TNI, Mayjen Tatang Sulaiman, ngendika dhawahipun helikopter militer ing Kelurahan Kasiguncu, Kecamatan Poso Pesisir, Kab Poso Sulawesi Tengah dipunsebabaken dening swasana. Nalika pesawat nyaketi Kasiguncu, kawontenan nembe jawah deres. Bledheg ngampar sesautan ing madyaning langit.
Perangan what lan who saka pawarta kasebut yaiku… .
Helikopter militer lan Kepala Pusat Penerangan Mabes TNI
Helikopter militer lan Mayjen Tatang Sulaiman
Mayjen Tatang Sulaiman lan helikopter militer
Mayjen Tatang Sulaiman lan Kasiguruncu
Andharan ing ndhisor kang kalebu pigunane basa ngoko lugu yaiku… (a) (b) (c)
Andharan ing ndhisor kang kalebu pigunane basa krama madya yaiku… (d) (e)
Pasangna kalimat ing ngandhap iki kanthi bener miturut Teks Pawarta!
Irah-irahan
Perangan Pawarta
Emosi (nesu, susah, tangis, gela, seneng)
Sifat Pawarta
5W+1H (what, where, who, why, when, how)
Unsur-unsur Pawarta
Struktur basa lan diksi trep ora ambigu
Titikane Pawarta
Gathekna pacelathon iki!
Wektu wus nuduhake jam 09.15. Wancine bocah-bocah padha ngaso. Pating bleber bocah-bocah padha playon. Nanging ana uga kang padha tumuju ing warung. Saweneh ana sing mung ngobrol ana ngisor uwit. Kabeh katon gayeng. Widada Ian kanca-kancane gegancangan tumuju perpustakaan.
Widada : "Sugeng enjing Bu Yani."
Bu Yani : "Sugeng enjing Wid, arep ngapa Wid? Mbalekake apa arep nyilih buku?"
Widada : ….
Bu Yani : "O...ya, yen ngono kana goleka buku sing kokkarepake yen wis
ketemu gawanen mengko dakcathete.”
Wangsulane Widada kang trep manut unggah-ungguh basa yaiku…
"Inggih Bu, menika badhe mangsulaken anggen kula mundhut ngampil kala wingi, Ian mangke menawi kepareng badhe mundhut ngampil malih."
"Inggih Bu, menika badhe ngonduraken anggen kula nyuwun ngampil kala wingi, Ian mangke menawi kepareng badhe nyuwun ngampil malih."
"Inggih Bu, menika badhe mangsulaken anggen kula nyuwun ngampil kala wingi, Ian mangke menawi kepareng badhe nyuwun ngampil malih."
"Inggih Bu, niki badhe mangsulaken anggen kula nyuwun ngampil kala wingi, Ian mangke menawi kepareng badhe nyuwun ngampil malih."
Gatekna pethikan teks cerita cekak iki!
"Ndra ngendikane Bu Guru, ujian kari rong minggu. Yen kowe nganti ora sinau tenanan ya
ora bisa lulus." Mboke Indra ngelingake "Walah Mbok, sinau ya ra lulus, ora sinau ya ra
lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!" Indra ngadeg ngukuti kunci-kunci.
Kabeh diuncalake ing kothak. Swarane pating krompyang.
Adhedhasar pethikan teks cerita cekak ing ndhuwur, watake Indra kagambarake minangka watak kang…
mbangun miturut marang wong tuwa
tresna asih marang wong tuwa
nuruti kesenangane dhewe
tekun lan sregep sekolah
Sinonim :
Gedhe = (a)
Andel = (b)
Cepet = (c)
Antonim:
Lawas X (a)
Wusana X (b)
Tutup X (c)
Homonim :
Tembung "laras" ing basa Jawa bisa duwe arti apa wae? (a)
Tembung "wajah" ing basa Jawa bisa nyebutake apa wae? (b)
