NEW
Font size
WorksheetsKelas 4.1.1, Teknologi (Basa Jawa KD 3.1)
Total questions: 20
Worksheet time: 7mins
Ing jaman sakiki sakabehing alat kanggo mbiyantu pikir lan tenaganing manungsa wis akeh.
Tembung alat padha tegese ....
srana
abrag
piranti
bekakas
Kanggone wong umum kepengin ngreteni kabar kana‐kana, cukup nyetel TV.
Tembung kabar padha tegese ....
warah
pawarta
prastawa
wara-wara
Ing jaman sakiki sakabehing alat kanggo mbiyantu pikir lan tenaganing manungsa wis akeh.
Tembung akeh kosok balene ....
sedhengan
seperapat
sethithik
separo
Kaya‐kaya jagad iki nyelot ciyut.
Tembung ciyut kosok balene ....
kobet
gedhe
dhuwur
jembar
Gatekna gambar iki!
Sadurunge ana piranti kaya gambar, para tani anggone ngluku nganggo tenaga ....
traktor
mesin
wedhus
kebo lan sapi
Gatekna gambar iki!
Piranti ing dhuwur duweni manpangat kanggo ....
ngetik
ngetung
ndelok kabar
ngrungokake kabar
Gatekna gambar!
Piranti kanggo gegenen miturut gambar jenege ....
ceret
keren
kompresor
kompor gas
Gatekna gambar!
Ukara kang cocog karo gambar yaiku ....
Bu Cipta lan putrine anggone ngluku nganggo pacul.
Bu Cipta lan putrine anggone mukul nganggo pukul.
Bu Cipta lan putrine anggone nutu nganggo kayu.
Bu Cipta lan putrine anggone nutu nganggo alu.
Laptop uga ditepungi minangka notebook utawa netbook yaiku komputer jinjing kang bisa digawa menyang ngendi-endi kanthi gampang. Laptop iku kalebu komputer generasi IV. Laptop iku komputer pribadi kang ukurane rada cilik, bisa digawa menyang ngendi-endi lan bisa dipangku nalika dianggo.
Ukara kang cocog karo paragraf ing ndhuwur yaiku ....
Laptop minangka piranti kang abot katimbang piranti komputer liyane.
Laptop minangka piranti kang entheng katimbang piranti komputer liyane.
Laptop duweni kaunggulane luwih murah katimbang piranti komputer liyane.
Laptop duweni kaunggulane luwih ringkes katimbang piranti komputer liyane.
Pak Darma arep mindhah lemari, nanging ora ana kancane. Pak Darma nemu akal mangkene.
1) Terus digeret alon bisa tekan nggone.
2) Golek sepet patang siyung.
3) Saiki sikile lemari wis temumpang sepet kabeh.
4) Dienggo ngganjel sikil-sikil lemari iku.
5) Kanthi cara iku Pak Darma bisa mindhah lemari dhewe.
Urutane ukara sing bener anggone Pak Darma mindhah lemari yaiku ....
2-3-1-4-5
2-4-1-3-5
2-4-3-1-5
2-3-4-1-5
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Kang kalebu piranti teknologi tradhisional yaiku ....
sepur
mobil
gerobak
sepeda motor
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Traktor lan gilingan pari iku minangka sarana teknologi ing babagan ....
tetanen
produksi
komunikasi
transportasi
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Menawa arep menehi kabar marang sedulur kang adoh papan dununge, supaya cepet nggunakake ....
layang
telepon
telegram
kantor pos
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Kemajuan teknologi kudu disikapi kanthi ....
alon-alon
temen-temen
sak kapenake wae
bener, pener, lan pinter
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Kemajuan teknologi ana ing babagan tetanen yaiku ....
traktor
komputer
telepon
montor mabur
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Teknologi android iku ora bisa kanggo kirim ....
data
video
gambar
panganan
Piranti kanggo ngundang wong utawa ngumpulake wong diarani ....
kenthongan
klakson
senther
sirine
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Bapak arep tindak Surabaya numpak sepur, mula bapak munggah ana ing ....
terminal
bandara
stasiun
halte
Negor uwit nganggo kampak sue, yen nganggo ... cepet.
kompresor
bulldozer
excavator
sinso
(Soal PTS Gasal Kelas 4 T.P. 2019/2020)
Kang kalebu piranti transportasi darat, yaiku ....
getek
sepur
perahu
montor mabur
