wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh Basa Jawa #2

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

2.

Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?

a)

Kanca

b)

Bapak/Ibu

c)

Guru

d)

Mas/Mbak

3.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

4.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

5.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

6.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

7.

Ngoko lugune talingan yaiku .....

a)

Tangan

b)

Irung

c)

Kuping

d)

Rambut

8.

.....kula wonten ing Karangasem Sleman.

a)

griya

b)

omah

c)

dalem

d)

dalemipun

9.

Bapak nembe mawon.....saking Surabaya.

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

bali

10.

Simbah....sabin nitih sepedha onthel.

a)

menyang

b)

bidhal

c)

kesah

d)

tindak

11.

Pak guru ....... yen dadi siswa kudu sregep sinau.

a)

omong

b)

matur

c)

ngendika

d)

ngucap

12.

Kula badhe.....dhateng Pak Guru.

a)

omong

b)

matur

c)

ngendika

d)

ngucap

13.

Ing wayah sore srengenge....ing sisih kulon.

a)

jumedhul

b)

angslup

c)

katon

d)

cumlorot

14.

Nalika badhe nedha kedah ngangge....tengen.

a)

tangan

b)

suku

c)

asta

d)

mustaka

15.

Nalika kepethuk bapak ibu guru prayogane.....

a)

mecucu

b)

mbesengut

c)

mesem

d)

mrengut

16.

Krama lugu Aku :

a)

Kula

b)

Aku

c)

ingson

d)

beta

17.

Krama Inggil mangan :

a)

nedha

b)

dhahar

c)

mangan

d)

nguntal

18.

Jam papat aku wis tangi,ibu uga wis ...

a)

tangi

b)

bangun

c)

wungu

d)

wuning

19.

Panjenengan badhe tindak pundi? Ukara kuwi kalebu tataran unggah-ungguh basa...

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama

d)

Krama Inggil

20.

Mengko sore, bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia. Ukara kuwi kalebu tataran basa

a)

Krama

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko Lugu