NEW
Font size
WorksheetsGladhen US
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 40mins
Prastawa kang dumadi ing pethikan teks narasi ngisor iki yaiku
Saliyane papan dol tinuku, pasar kasebut uga katelah COP (Corp Pertahanan), papan lumbung pangane para prajurit kang berjuwang ngadhepi kumpeni Walanda. Mula, serdadu Walanda kepengin gawe bubare para warga Karanganyar kanthi ngebom wilayah pasar kasebut nggunakake cannoande.
Sasaran sateruse saka bom kang ditibakake pesawat capung yaiku desa Kentheng lan Ragadana. Sawise bom pesawat capung, banjur sinusul meriyem cannonade makaping-kaping. Serangan cannonade kang nggempur wilayah pasar nuwuhake korban kang ora kepetung.
dol tinuku ing pasar
pasar dibom canonnade
COP dadi lumbung pangan
korban bom kang akeh banget
Data penyengkuyung kanggo nemtokake menawa tek ngisor iki diarani Narasi yaiku .
Saliyane papan dol tinuku, pasar kasebut uga katelah COP (Corp Pertahanan), papan lumbung pangane para prajurit kang berjuwang ngadhepi kumpeni Walanda. Mula, serdadu Walanda kepengin gawe bubare para warga Karanganyar kanthi ngebom wilayah pasar kasebut nggunakake cannoande.
Sasaran sateruse saka bom kang ditibakake pesawat capung yaiku desa Kentheng lan Ragadana. Sawise bom pesawat capung, banjur sinusul meriyem cannonade makaping-kaping. Serangan cannonade kang nggempur wilayah pasar nuwuhake korban kang ora kepetung.
pasar dibom nuwuhake korban kang ora etungan
anane pasar kanggo dol tinuku para warga
Walanda mbangun COP kanggo lumbung pangane
pesawat capung mabur ngiteri Karanganyar
Manawa nyemak pethilan tembang Gambuh ngisor iki, kidang matine amarga apa?
Dene tetelu iku,
si kidang suka ing patinipun,
pan si gajah lena ing patinireki,
si ula ing patinipun,
ngendelken upase mandos.
suka/kasenengan
gumedhe
lena
kentekan upas
Saka tembang Gambuh ngisor iki, kewan telu pralambang tidak-tanduk lan watak kang ....
Dene tetelu iku,
si kidang suka ing patinipun,
pan si gajah lena ing patinireki,
si ula ing patinipun,
ngendelken upase mandos.
apikan, jujur
srei, dengki
nglembah manah, ajur ajer
gumedhe/congkak
Manut pethilan tembang Gambuh ngisor iki, wong sudra yaiku wong kang ...
Pitutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
sugih, brewu
duwur pangkate
keturunan raja/ratu
mlarat, miskin
Piwulang kang bisa didudut saka tembang Kinanthi ngisor iki yaiku ..
Yen wong anom-anom iku,
kang kanggo ing masa iki,
andhap asor kang den simpar,
umbag gumunggunging dhiri,
obral umuk kang den gulang,
kumenthus lawan kumaki.
wong enom iku mesthi duwe pakarti kang becik
pakarti kang ala bisa kanggo kaca benggala
pakarti kang ala tumrap wong enom bisa dituladha
wong enom samesthine umuk, congkak, lan kemaki
Piwulang kang kinandhut ing teks tembang Dhandhangula ngisor iki yaiku ....
Ati ingkang njlekethut lan sisip
Iku wohing iblis kang mangkana
Njalari suker atine
Klebu pakarti dudu
Nyebal saking aturan jati
Karepe tan mangkana Enggal guyup rukun
Darapon katon sinawang
Tumuli nindaken pakarti kang becik
Rukun gawe santosa
Tumuli nindakake pakarti becik sawise ngaso.
Aja ndedawa bab kang bisa gawe crah, kanggo njaga karukunan
Seneng nindakake pakarti becik supaya ora kagoda iblis.
Kasantosane awak njalari karukunan.
Tembung ayun waskita ing tembang Dhandhanggula ngisor iki tegese ....
Jroning Quran nggoning rasa jati,
Nanging pilih wong kang uningaa,
Anjaba lawan tuduhe,
Nora kena binawarr,
Ing satemah nora pinanggih,
Mundhak katalanjukan,
Tedah sasar susur,
Yen sira ayun waskita,
Kasampurnaning badanira puniki,
Sira anggegurua.
ora awas lan sabar
kepengin pinter
ora pinter
grusa-grusu
Kanggo neter awak amrih migunani nut tembang Durma ngisor iki yaiku
Dipun sami ambanting ing badanira
Nyuda dhahar lan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyasireki
Dadya sabarang Karyanira lestari
Nyambut gawe mbanting awak
ngakeh-akehi merem lan nedha
nindakake sabarang karya ngambra-ambra
ngurangi mangan lan turu
Pokok pikiran saka crita rakyat ngisor iki yaiku ...
Raden Mas Semedi sareng ahir diwasa nyuwita nglebet kedhaton, katrimah dipuntampi lan dipunparingi pangkat nembe Ordenas. Begjanipun tiyang nyambut damel, Raden Mas Semedi lumayan kangge cagak gesang, Nalika aliranipun ngasta kolektur ing Kebumen, lajeng salin asma Raden Ngabei Mangoenprawiro katelah sinebat putra saking Mangoendipuran. Dumadakan kisruhing tengah nagari geger Diponegaran, sakidul tilas Ambal ing pesisir urut sewu wonten brandhal ingkang nggegirisi inggih punika ketelah brandhal Poedjo Gomawidjojo damel resah padhusunan.
Raden Mas Semedi salin asma Raden Ngabei Mangoenprawiro katelah sinebat putra saking Mangoendipuran.
Raden Mas Semedi lumayan kangge cagak gesang, Nalika aliranipun ngasta kolektur ing Kebumen,
en brandhal ingkang nggegirisi inggih punika ketelah brandhal Poedjo Gomawidjojo damel resah padhusunan.
Raden Mas Semedi sareng ahir diwasa nyuwita nglebet kedhaton, katrimah dipuntampi lan dipunparingi pangkat nembe Ordenas.
Apa isine pethikan crita legendha Gowa Jatijajar ngisor iki?
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah” kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko
Raden Kamandoko nyamar dadi wong lumrah”
Raden Kamandoko banjur ngakoni Sejatine Banyak Cotro
Banyak Cotro lan Banyak Ngampar kang sejatine kakang adhi ketemu, kekarone rerangkulan
Kepriye watake Raden Kamandaka adhedhasar pethikan crita legendha ngisor iki?
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah” kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.
gumedhe
drengki
andhap asor, lembah manah
cengkiling
Pethikan teks panyandra penganten ing ngisor iki nggambarake apa?
Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, Hambabar Ketawang Puspawarna. Anaganda hangambar arum katiyuping samirana manda. Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana. Panti ateges papan busana ageman, mijil saking panti busana ateges miyos saking papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana pahargyan.
Penganten putri diiring mlebu panti busana
Penganten putri mlebu ing sasana pahargyan
Gendhing Ketawang Puspawarna kang endah
Penganten putri sowan kulawarga penganten kakung
Ukara pethikan teks deskriptif nfisor iki yen diowahi basa krama dadi kepriye?
Bocah katuntun ibune mlaku lan ngidak jadah 7 warna.
Bocah katuntun ibunipun mlampah lan ngidak jadah 7 warna.
Lare katuntun ibune mlampah lan ngidak jadah 7 warna.
Lare katuntun ibunipun mlampah lan ngidak jadah 7 warni.
Lare katuntun ibune mlampah lan ngidak jadah 7 warni.
Gagasan bakune pethikan teks berita ing ngisor iki yaiku ....
Sumebare kabar saka pamarentah sing arep ngimpor pacul gawe para pengrajin pacul ing Kabupaten Kebumen sambat. Yen kabar iku bener, para pengrajin kuwatir bakal kasingkir.
Pengrajin pacul bakal kesingkir
kabupaten Kebumen ngimpor pacul
Pamerentah bakal ngimpor pacul
Pamarentah Kebumen kuwatir kesingkir
Para pengrajn pacul Kebumen kuuwatir bakal kesingkir iku maknane apa?
rega pacul impor larang banget
pacul lokal luwih elek
pacul impor mesthi apik
rega pacul lokal dadi anjlog
Nitik andharan pacelathon pethikan sandiwara kasebut, nuduhake menawa paragane ....
Prayoga :“Eh…Har, kowe nyusul ana perlu apa?”
Harna :“Ora, lha ana apa ta, sajake rame temen? Nek ora ana acara arep takajak Futsal menyang GOR, piye?”
Prayoga :“Ora, ora ana acara kok, siap….bisa-bisa, sedhela meneh ya, iki agi ana tamu ngene.”
Umure Prayoga luwih tuwa tinimbang tamune.
Umure tamune rata-rata luwih tuwa tinimbang Prayoga.
Umure kang padha guneman sabarakan.
Umure kang padha guneman tuwa kabeh.
Ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon kang isih gothang ing perangan A lan B yaiku ...
Bu Tri : “Wis adus durung, Le?”
Ponco : “Kula sampun adus,Bu, nembe kemawon. ”
Bu Tri : “Arep menyang ngendi, Le? Gasik banget”
Ponco : .....(A)....
Bu Tri : “Isih duwe dhuwit ta?”
Ponco : .....(B)....
Kula badhe dhateng dalemipun Eko, Bu.
lan
Sampun telas, Bu. Kula nyuwun dhuwite
Kula badhe dhateng omahipun pun Eko, Bu.
lan
Sampun telas, Bu. Kula nyuwun artane
Kula badhe dhateng griyanipun Eko, Bu.
lan
Sampun telas, Bu. Kula nyuwun artane
Kula badhe dhateng griyanipun Eko, Bu.
lan
Sampun telas, Bu. Kula nyuwun artanipun
Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados Kidang Kencana, kidang elok ing warni ules emas endah ngelam-elami, ngengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.
Kidang Kencana sejatine malihane ....
Dewi Shinta
Laksmana
Ramawijaya
Kala Marica
Kidang kencana iku kidang kang ulese emas. Tembung ules tegese ....
taplak meja
warna wulu kewa
kreta
bahan gegaweyan
