NEW
Font size
WorksheetsGEGURITAN
Total questions: 13
Worksheet time: 13mins
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....
Ngatur mlebu metune napas
Kudu ngepasake marang isine geguritan
Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen
Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake ....
Tema karangan
Judul karangan
Isi karangan
Kesimpulan karangan
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun ing keluarga
Guyub rukun ing sekolah
Guyub rukun ing lingkungan
Guyub rukun ing masyarakat
Para murid ngelakoni kerja bakti ngeresiki sekolahan ing dina ....
Jumat asri
Sabtu asri
Minggu asri
Senin asri
Kumpulan larik kang selaras diarani ....
Bait
Tembung
Larik
Irah-irahan
Wirama yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuane penulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake
Tembung seng ora sebenere
Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....
Tembang / lagu
Gambar
Prosa / cerita
Diagram
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Kara kanca aja seneng .... ben ora didohi kancane
Bebarengan
Gotong royong
Rukun
Drengki
